Teks Khutbah Jumat Singkat

Agungipun Ganjaran Shiyam

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Shiyam ramadhan mujudaken kewajiban tumrap tiyang mukmin ingkang sampun baligh utawi dewasa. Ibadah shiyam ramadhan ugi kalebet rukun islam ingkang bagunan islam dipun jejegaken saking gangsal rukun; syahadat, shalat, zakat, puasa ramadhan lan haji tumrap ingkang mampu. Sinten ingkang nindakaken ibadah shiyam ramadhan ateges sampun nderek njejegaken bangunan agami islam. Mila awit agungipun ibadah shiyam ramadhan punika  Allah ugi nyawisaken ganjaran- ganjaran ingkang agung.

 1.     Ganjaran Tiyang Shiyam Mboten Onten Watesipun

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:

كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ يُضَاعَفُ الْحَسَنَةُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا إِلَى سَبْعِمِائَةِ ضِعْفٍ قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ إِلاَّ الصَّوْمَ فَإِنَّهُ لِى وَأَنَا أَجْزِى بِهِ يَدَعُ شَهْوَتَهُ وَطَعَامَهُ مِنْ أَجْلِى . . . .

Saben- saben amalan anak adam bakal ditikelke ganjarane sepuluh kelipetan nganti pitungatus kelipetan. Allah Ta’ala Ngendika; Kejaba Pasa, satemene pasa iku marang Ingsun lan Ingsung dewe kang bakal paring piwales. Amarga  anak adam wus ninggalake syahwate lan mangan ngombene karana Ingsun.... (HR. Bukhari dan Muslim)

Maksud hadits punika dipun jelasaken para ulama kadosdene:

Muhammad bin shalih Al Utsaimin ngendika: “Allah ndadekake  pasa pinangka ibadah khusus marang panjenegane Allah, beda karo amal ibadah liyane. Sing mengkono iku disebabake mulyane ibadah pasa, lan Allah banget tresane marang ibadah pasa iku. Mula Allah paring ganjarang kang agung pinangka bukti mulyane amalan puasa iku.” (Majalis Syahri Ramadhan).

Sufyan Bin Uyainah ugi paring pangandikan:ana ing dina kiyamat, Allah ngetung sak kabehe amal ibadah kawulane, banjur saben kezaliman para kawula kudu ditutup kanthi ganjaran amal becike. Menawa wus ora ana ganjaran amal becike, kejaba mung pasa mula Allah nikelake ganjaran pasa iku nganti matikel- tikel sahingga bisa nutup kezaliman kawulane, banjur Allah nglebokake kawula iku ana  ing surga” (fathul Baari Kitab As Shaum).

2.     Dipun Bebasaken Saking Neraka

Rasulullah ngendika:

مَنْ صَامَ يَوْمًا فِى سَبِيلِ اللَّهِ بَعَّدَ اللَّهُ وَجْهَهُ عَنِ النَّارِ سَبْعِينَ خَرِيفًا

Sapa wonge pasa sedina ana ing dalane Allah, mula Allah bakal ngadoh ake deweke saka neraka sak adohe 70 taun perjalanan” (HR. Bukhari dan Muslim)

 

Imam Nawawi ngendika: “iku mujudake kautaman pasa ana ing dalane Allah. Pasa ditindake menawa ora nyebabake mudharat marang deweke lan uga  kanti ora ninggalake kewajiban liyane, ora ninggalake jihad lan kewajiban sing pokok liyane” (Al Minhaj Syarah Shahih Muslim)

 Seperangan saking ulama ahlul ‘ilmi njelasaken bilih hadits punika suka keterangan kautaman puasa wonten kahanan jihad utawi perang. Ananging ulama sanes paring keterangan bilih maksud hadis punika pasa secara umum, mboten namung wonten kahanan perang utawi jihad. kalebet nindakaken pasa ramadhan sinaoso wonten ing kahanan aman lan damai mboten wonten jihad. Nindakaken pasa setunggal dinten kanti niat nyadong ridlanipun Allah Ta’ala piwalesipun dipun tebihaken saking neraka 70 tahun perjalanan, mila menawi nindakaken puasa setunggal wulan lan saben tahun nindakaken puasa, temtu piwalesipun dipun tebih aken sak tebih- tebihe saking neraka. Kesimpulanipun pasa ramadhan punika sae katindakaken wonten kahanan jihad utawi kahanan aman tetep agung lan minulya mungguhipun Allah Ta’ala, mila Allah Ta’ala nyawisaken ganjaran ingkang agung ugi.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat siang punika khatib aturaken. Sakestu khatib ngajak dumateng badan khatib piyambak lan ugi jamaah jumah ingkang minulya sumangga kita kiataken niat lan semangat nindakaken ibadah shiyam wonten ing wulan ramadhan. Mugi Allah Ta’ala tansah paring ganjaran ingkang agung tumrap kita sedaya.  Amin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD  

Post a Comment

أحدث أقدم