Teks Khutbah Jumat Singkat

Marhaban Yaa Ramadhan

Ustadz Wismanto

 

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wulan agung ingkang tansah dipun tengga sekedap malih bade rawuh. Wulan nalikanipun Allah nikelaken ganjaran pangibadahan. Wulan nalikanipun Allah mbikak margi- margi kesaenan. Wulan ingkang kebak barakah, rahmat lan pahala.  Ngendika Allah:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَىٰ وَالْفُرْقَانِ ۚ

“Wulan Ramadhan, yaiku wulan kang kanggo nurunake al- quran, pinangka pituduh tumrap para manungsa lan luwih ceta- cetaning pituduhe Allah lan Panyilahing perkara kang bener kelawan kang luput... (QS.Al Baqarah; 185)

Jamaah jumah rahimakumullah

Kautaman wulan ramadhan sampun masyhur kaserat wonten ing al- quran lan hadits ugi atsar sahabat nabi. Katahipun kautaman wulan suci ramadhan punika pinangka bukti agung lan minulyanipun wulan kasebat. Mila wonten mimbar khutbah punika khatib bade ngaturaken seperangan saking kautaman wulan suci ramadhan.

 

1.     Allah mbikak lawang surga lan nutup lawang neraka.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:,

إِذَا جَاءَ رَمَضَانُ فُتِّحَتْ أَبْوَابُ الْجَنَّةِ وَغُلِّقَتْ أَبْوَابُ النَّارِ وَصُفِّدَتِ الشَّيَاطِينُ

”Menawa wus teka wulan ramadhan, mula lawang- lawange surga dibuka, lawang- lawange neraka ditutup lan para syaithan dibelenggu”. (HR. Bukhari lan Muslim)

Lawang- lawang surga dipun bikak tegesipun Allah ndaftari sinten- sinten ingkang bade dipunlebetaken ing surga. Mila sinten ingkang ngginakaken wulan ramadhan kagem ngibadah mesthi dipun daftar dados ahli surga. Lawang- lawang neraka dipuntutup artosipun Allah mbebasaken tiyang- tiyang saking daftar calon penghuni neraka. Para syaitan dipun belenggu supados kaum muslimin saget gampil nindakaken pangibadahan lan mboten wonten ingkang ngeridu utawi ngalang- alangi. Ngendika Rasulullah ing hadits sanes:

إِنَّ لِلّهِ فِى كُلِّ يَوْمٍ عِتْقَاءَ مِنَ النَّارِ فِى شَهْرِ رَمَضَانَ ,

Saktemene Allah membebasake wong- wong seka neraka saben dina ana ing ing wulan ramadhan”

Maksudipun Allah nyerat tiyang- tiyang ingkang badhe dipun bebasaken saking siksa neraka. Mila sumangga tansah njagi pangibadahan wonten ing wulan ramadhan. Mugi- mugi Allah nyerat kula lan panjenengan sami  kalebet tiyang- tiyang ahli surga lan slamet saking neraka.

2.     Wulan ramadhan wulan ingkang mustajab kagem doa

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:,

ثَلاَثَةٌ لاَ تُرَدُّ دَعْوَتُهُمُ الصَّائِمُ حَتَّى يُفْطِرَ وَالإِمَامُ الْعَادِلُ وَدَعْوَةُ الْمَظْلُومِ

Ana telung golongan sing dongane ora ditolak Allah: wong pasa nganti deweke buka, pemimpin sing adil, lang wong sing dianiyaya”. (HR. Tirmidzi)

Imam Nawawi ngendika: Disunnahke tumrap wong sing pasa iku ndonga  marang Allah kanggo kepentingan dunya lan akhirate, uga ndonga njaluk apa wae kang dibutuhake lan uga prayoga ndongakake sedulur muslim liyane”.

Mila prayogi sanget kula lan panjenengan ngatah- atahahi panyuwunan dumateng Allah Ta’ala, mugi Allah tansah ngijabahi sedaya donga lan panyuwunan kula lan panjenengan.

 

3.     Wonten setunggal wengi ingkang langkung utama tinimbang 1000 wulan

Ngendika Allah Ta’ala :

إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ (1) وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ (2) لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ (3)

Temen Ingsung wus nurunake  (Al Quran) ana ing wengi kamulyan. Sira Muhammad apa wus sumurup apa wengi kamulyan iku?. Wengi iku luwih utama tinimbang sewu wulan.” (QS. Al Qadr: 1-3).

Ayat punika tumurun nalika Kanjeng Nabi mbabar kisah tiyang shaleh saking kalangan bani israel dhateng para sahabat. Nabi ngendika bilih jaman rumiyin wonten setunggal pawongan bani israel ingkang saben dalu salat terus menerus lan mboten sare lajeng menawi siang berjihad wonten marginipun Allah. Kebiasaan punika dipun lampahi ngantos 80 tahun. Midanget kisah punika para sahabat sami gumun, meri lan rumaos tebih saking kautaman. Mila Malaikat Jibril rawuh lajeng ngaturaken wahyu surah al qadar ayat 1- 5. Jibril ngendika menawi wengi kamulyan punika langkung utama tinimbang punapa ingkang dipun gumuni lan dipu merini saking pawongan bani israel kasebat.

 Kautaman punika mujudaken peparing ingkang agung tumrap sedaya kaum muslim. Mila sampun sak mestinipun kula lan panjenengan bersyukur lajeng gumbregah ngibadah kanthi sak sae- saenipun. Mugi ing wulan ramadhan Allah ngepanggihaken lailatul qadar.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Menika seperangan saking kautaman wulan ramadhan ingkang khatib aturaken wonten mimbar khutbah siang punika. Mugi-mugi Allah SWT paring kekiatan dumateng kula lan panjenengan satemah saget nindakaken sedaya pangibadahan wonten ing wulan suci ramadhan ingkang badhe dateng. Amin.

 

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن


  Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم