Teks Khutbah Jumat Singkat

Rusakipun Ganjaran Shiyam

Ustadz Wismanto

 

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumonggo kita tingkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Islam suka keterangan agungipun ganjaran shiyam ramadhan. Sinten ingkang nindakaken ibadah shiyam kanthi iman lan ikhtisab ridhanipun Allah temen badhe pikantuk kautaman- kautaman ingkang agung. Ananging agungipun ganjaran shiyam punika saget risak awit perkawis awon ingkang dipun lampahi tetiyang ingkang shiyam. Mila wonten khutbah siang punika bade khatib aturaken perkawis ingkang saget ngrisaki ganjaran shiyam ramadhan. Kanthi pangajab kula lan panjenengan saget nebihi sedaya perkawis kasebat.

Kanjeng Nabi ngendika:

رُبَّ صَائِمٍ حَظُّهُ مِنْ صِيَامِهِ الجُوْعُ وَالعَطَشُ

“Temen akeh wong pasa ananging ora oleh apa- apa saka pasane kejaba ngelih lan ngelak” (HR. Ahmad ; 2; 373)

Hadits punika suka keterangan bilih kanyata panci kathah tetiyang ingkang shiyam ananging mboten pikantuk ganjaran saking shiyamipun. Shiyamipun namung andamel piyambakipun ngelih lan ngelak. Lajeng punapa kemawon perkawis ingkang saget ngrisak ganjaran shiyam?

1.     Sepisan wicantenan saru

Ngendika Rasulullah :

وَإِذَا كَانَ يَوْمُ صَوْمِ أَحَدِكُمْ ، فَلاَ يَرْفُثْ وَلاَ يَصْخَبْ

menawa ana ing dina pasa sira aja guneman saru lan aja guneman kasar” (HR. Bukhari lan Muslim).

Setunggal perkawis ingkang saget ngrisak ganjaran shiyam inggih punika rafats wicantenan ingkang saru. Kalebet wicantenan ingkang saru inggih punika: ghibah/ gosip, ngolok- olok, nyatur lan sanesipun. Kalebet ing perangan rafats inggih punika mirenganken gosip wonten ing masyarakat utawi gosip ing media social lan televisi. Suasan shiyam punika panci sekeca sanget menawi kagem wawan pangadikan utawi wicantenan. Ananging wicantenan wajib dipun atos- atos ampun ngantos lumebet ing perkawis rafats. Amargi eman sanget menawi ganjaran shiyam ingkang agung punika dados risak awit mboten saget ngantos- atos anggenipun wicantenan.

2.      Kaping kalih tumindhak kasar.

Kados pangandikanipun Rasulullah ing nginggil, Rasulullah ngawisi ing wekdal shiyam tumindhak kasar. Ngendika Rasulullah :

وَإِذَا كَانَ يَوْمُ صَوْمِ أَحَدِكُمْ ، فَلاَ يَرْفُثْ وَلاَ يَصْخَبْ

menawa ana ing dina pasa sira aja guneman saru lan aja guneman (tumindhak) kasar” (HR. Bukhari lan Muslim).

Wicantenan lan tumindhak kasar punika saget ngrisaki ganjaranipun shiyam. Sejatosipun ing wayah shiyam lan ing wayah sanes, tiyang muslim punika mboten dipun keparengaken tumindhak kasar. Islam ngawisi tindhak lampah kasar, tetiyang ingkang tindhak lampahipun kasar punika pertandha mboten mangertosi piwucal agami. Tindhak lampah kasar punika kalebet akhlak madzmumah (awon). Allah lan Rasulipun mboten remen dhateng tiyang ingkang kasar. Ngendika Rasulullah:

إِنَّ اللَّهَ لَيُبْغِضُ الفَاحِشَ البَذِيءَ

Satemene Allah iku ora remen marang wong kang lisane saru lan kasar” (HR. Tirmizi).

Ing hadist sanes Rasulullah ugi ngendika:

إِنَّ الله عَزَّ وَجَلَّ لاَ يُحِبُّ الفُحْشَ وَلَا التَفَحُشّ

Satemene Allah iku ora seneng marang wong kang tumindake keji lan tetembungane kasar”. (HR. Ahmad).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenengan tansah nebihi sedaya perkawis awon ingkang saget ngrisaki ganjaran shiyam. Mugi Allah tansah paring kekiatan iman satemah kula lan panjenengan saget nindhakaken shiyam kanthi leres nderek syariat islam, ing akhiripun Allah paring derajat taqwa dhateng kula lan panjenengan. Amiin.

 

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD   

Post a Comment

أحدث أقدم