Teks Khutbah Jumat Singkat

Kautamaan Shiyam Ramadhan

Ustadz Wismanto

 

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wulan suci ramadhan mujudaken wulan ingkang kebak barakah. Wonten ing wulan punika Allah mbikak sedaya margi- margi kesaenan supados umat manungsa sami gumbregah lelomban madosi kautaman. Mila kagem mangayubagya wulan ingkang minulya, wonten kesempatan khutbah jumat siang punika khatib bade ngaturaken seperangan saking kautaman nindakaken shiyam wonten ing wulan ramadhan. Kautaman- kautaman nindakaken shiyam inggih punika:

 1.     Margi nggayuh Taqwa

Allah Ta’ala paring dawuh wonten ing al- quran:

 يَااَيُّهَاالَّذِيْنَ اَمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ

 “He para wong mukmin, wus diwajibake marang sira kabeh pasa, kayadene wus diwajibake marang wong- wong sadurunge sira, supaya sira pada taqwa.” (QS.Al-Baqarah, 2: 183)

 Shiyam punika ibadah ingkang saget ndumugekaken tiyang mukmin nggayuh derajat taqwa. Taqwa punika derajad ingkang inggil wonten ngarsanipun Allah Ta’ala. Katah sanget ayat suci al quran ingkang suka keterangan menggah minulyanipun derajat taqwa. Kadosdene:

a)     Allah nresnani tiyang ingkang taqwa, Allah ngendika wonten Al- Quran surah at taubah ayat :7 “ Saktemne Allah iku nresnani wong- wong kang pada taqwa”

b)     Allah maringi margi saking sedaya permasalahan lan maringi rejeki saking margi ingkang mboten kinira- kira, , Allah Ngendika wonten Al- Quran "Lan sapa wonge taqwa marang Allah, mula Allah bakal paring dalan gampang tumrap deweke lan Allah bakal paring rejeki seka dalan kang ora kinira- kira” (QS Ath-Thalaaq: 2-3)

 

2.     Dipun ngapura dosa lan kaluputan

Rasulullah ngendika:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

“Sapa wonge pasa ramadhan kanti iman lan ngarep- arep ridlane Allah, mula Allah ngapura dosa- dosane sing wus kapungkur”. (HR. Al Bukhari dan Muslim)

Ramadhan ugi dipun sebat wulan maghfirah artosipun wulan nalikanipun Allah Ta’ala mbikak lawang taubat lan paring pangapura dumateng sinten kemawon ingkang kersa nyuwun pangapura. Hadits puniko jumbuh kaliyan hadits qudsi ingkang dipun riwayataken imam muslim:

"He para kawula-Ku, saktemene sira pada tumindak dosa ana ing wayah awan lan wengi, lan Ingsung ngapura dosa- dosa iku kabeh, mula pada nyuwuna pangapura marang Ingsun temen Ingsun ngapura sira kabeh” (HR  Muslim).  

Mila sampun sak mestinipun kita sedaya tansah gumbregah nindakaken sedaya rerangken pangibadahan kadosdene shiyam, shalat tarawih, tadarus al- quran, iktikaf lan sedaya amalan ingkang dipun syariataken wonten wulan kasebat. 

 

3.      Dipun cawisaken lawang Ar- Rayyan

Ngendika Rasulullah:

إِنَّ فِي الْجَنَّةِ بَابًا يُقَالُ لَهُ الرَّيَّانُ يَدْخُلُ مِنْهُ الصَّائِمُونَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ لَا يَدْخُلُ مِنْهُ أَحَدٌ غَيْرُهُمْ يُقَالُ أَيْنَ الصَّائِمُونَ فَيَقُومُونَ لَا يَدْخُلُ مِنْهُ أَحَدٌ غَيْرُهُمْ فَإِذَا دَخَلُوا أُغْلِقَ فَلَمْ يَدْخُلْ مِنْهُ أَحَدٌ

“saktemene ing surga iku ana sakwijine lawang kang kasebut Ar- Rayyan, bakal mlebu seka lawang iku wong- wong kang nindakake pasa, lan ora bakal bisa mlebu kejaba wong- wong kang nindakake pasa. Bakal di timbali: “Ngendi wong- wong kang pasa?, mula wong- wong iku pada ngadeg, ora bakal bisa mlebu seka lawang iku kejaba wong- wong kang puasa. Nalika wong- wong iku wus pada mlebu lawange dikunci lan ora bakal bisa mlebu sapa wae.”(HR. Bukhari No. 1797, 3084, Muslim No. 1152, At Tirmidzi No. 762, Ibnu Majah No. 1640)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat siang punika ingkang khatib aturaken. Mugi-mugi Allah SWT tansah paring bimbingan, hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nindakaken ibadah wonten wulan suci ramadhan ingkang bade dateng. Amin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD  

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama