Teks Khutbah Jumat
Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ
لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ
شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ
مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wulan suci ramadhan mujudaken wulan ingkang kebak
barakah. Wonten ing wulan punika Allah mbikak sedaya margi- margi kesaenan supados umat manungsa sami gumbregah lelomban madosi kautaman. Mila kagem mangayubagya wulan ingkang minulya,
wonten kesempatan khutbah jumat siang punika khatib bade ngaturaken seperangan saking kautaman
nindakaken shiyam wonten ing wulan ramadhan. Kautaman- kautaman nindakaken
shiyam inggih punika:
Allah
Ta’ala paring dawuh wonten ing al- quran:
a) Allah nresnani tiyang ingkang taqwa, Allah ngendika wonten Al- Quran surah at taubah ayat :7 “ Saktemne
Allah iku nresnani wong- wong kang pada taqwa”
b)
Allah
maringi margi saking sedaya
permasalahan lan maringi rejeki saking margi ingkang mboten kinira- kira, , Allah Ngendika wonten Al- Quran "Lan sapa wonge taqwa marang Allah, mula Allah bakal
paring dalan gampang tumrap deweke lan Allah bakal paring rejeki seka dalan kang ora kinira- kira” (QS
Ath-Thalaaq: 2-3)
2.
Dipun ngapura dosa lan kaluputan
Rasulullah
ngendika:
مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا
وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“Sapa wonge pasa ramadhan kanti iman lan ngarep- arep ridlane Allah, mula Allah
ngapura dosa- dosane sing wus kapungkur”. (HR. Al Bukhari dan Muslim)
Ramadhan ugi dipun sebat
wulan maghfirah artosipun wulan nalikanipun Allah Ta’ala mbikak lawang taubat
lan paring pangapura dumateng sinten kemawon ingkang kersa nyuwun pangapura.
Hadits puniko jumbuh kaliyan hadits qudsi ingkang dipun riwayataken imam
muslim:
"He para kawula-Ku, saktemene sira pada tumindak dosa ana ing wayah awan lan
wengi, lan Ingsung ngapura dosa- dosa iku kabeh, mula pada nyuwuna pangapura marang Ingsun
temen Ingsun ngapura sira kabeh” (HR Muslim).
Mila sampun sak mestinipun
kita sedaya tansah gumbregah nindakaken sedaya rerangken pangibadahan
kadosdene shiyam, shalat tarawih, tadarus al- quran, iktikaf lan sedaya amalan ingkang dipun syariataken wonten wulan
kasebat.
3. Dipun
cawisaken lawang Ar-
Rayyan
Ngendika Rasulullah:
إِنَّ
فِي الْجَنَّةِ بَابًا يُقَالُ لَهُ الرَّيَّانُ يَدْخُلُ مِنْهُ الصَّائِمُونَ
يَوْمَ الْقِيَامَةِ لَا يَدْخُلُ مِنْهُ أَحَدٌ غَيْرُهُمْ يُقَالُ أَيْنَ
الصَّائِمُونَ فَيَقُومُونَ لَا يَدْخُلُ مِنْهُ أَحَدٌ غَيْرُهُمْ فَإِذَا
دَخَلُوا أُغْلِقَ فَلَمْ يَدْخُلْ مِنْهُ أَحَدٌ
“saktemene
ing surga
iku ana sakwijine lawang kang kasebut Ar- Rayyan, bakal mlebu seka lawang iku wong- wong kang nindakake pasa, lan ora bakal bisa mlebu
kejaba wong- wong kang
nindakake
pasa. Bakal di timbali: “Ngendi wong- wong kang
pasa?, mula wong- wong iku pada ngadeg, ora bakal bisa mlebu seka lawang iku kejaba wong- wong kang puasa. Nalika wong- wong iku wus pada mlebu lawange dikunci lan
ora bakal bisa
mlebu sapa wae.”(HR. Bukhari No. 1797, 3084, Muslim No. 1152, At
Tirmidzi No. 762, Ibnu Majah No. 1640)
Jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten khutbah jumat siang
punika ingkang khatib aturaken. Mugi-mugi Allah SWT tansah
paring bimbingan, hidayah dhumateng kula lan panjenengan
satemah saget nindakaken ibadah wonten wulan suci ramadhan ingkang bade dateng.
Amin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
إرسال تعليق