Teks Khutbah Shalat Gerhana

Mendhet Piwucal

Saking Grahana Srengenge

Ustadz Sadmonodadi

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْــمَلِكِ الْحَقِّ الْــمُبِيْن، اَلَّذِي أَرْسَلَ آيَاتِهِ عِبْرَةً لِلْمُعْتَبِرِيْن، وَأَظْهَرَ شَيْئًا مِنْ قُدْرَتِهِ هِدَايَةً لِلْمُهْتَدِيْن.   وأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَه إِلَهُ اْلأَوَّلِيْن وَالْآخِرِين، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمّداً عَبدُهُ ورَسُولُهُ الْــمَبْعُوثُ رَحْمَةً لِلْعَالَــــمِيْن، وَ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّين. أَمَّا بَعْدُ : فَياَ عِبَادَاللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَاللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Jama’ah shalat kusuf  ingkang dipun rahmati  Allah subhanahu wata'ala…

Syukur alhamdulillah kita kunjukaken dhumateng Allah subhanahu wa ta'ala ingkang sampun paring  kesempatan dhumateng kita sami saged mriksani grahana srengenge; setunggal saking tanda kuwaosipun Allah SWT. Kita sami gumbira awit kaparengaken makempal wonten papan punika kangge ngegungaken Asma Dalem Allah. Allah sampun mbikak manah kita sami, sahengga kita kalebet dhumateng ewonipun  tiyang iman ingkang ndadosaken grahana srengenge siang punika pinangka sarana taqarrub dhumateng Allah.

Saestu tuna tumrap tiyang-tiyang ingkang nggadhahi kesempatan mriksani grahana srengene ananging mboten tambah iman lan taqwanipun. Saestu tuan menggahing tiyang ingkang mboten ngginaaken kesempatan ingkang sae punika kangge dzikir, ngegungaken Asma Dalem Allah, Dzat Ingkang Maha Kuwaos. Kita nggadhahi pangajab mugi Allah nglebetaken kita sami dados tiyang-tiyang ingkang nggadhahi akal kados  dene dipun sebat ing surah Ali Imran ayat 191 :

الَّذِينَ يَذْكُرُونَ اللَّهَ قِيَامًا وَقُعُودًا وَعَلَى جُنُوبِهِمْ، وَيَتَفَكَّرُونَ فِي خَلْقِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ، رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هَذَا بَاطِلًا، سُبْحَانَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

(yaiku) wong-wong kang eling marang Allah sakjrone ngadeg, lungguh utawa ing kahanan teturon, lan wong-wong mau mikirake ngenangi diciptane langit lan bumi (karo clathu), “Duh Pangeran Kawula, PAnjenengan mboten nyipta sedaya punika kanthi tanpa guna; Maha Suci Panjenengan, mugi Panjenengan kersa njagi kula sedaya saking adzab neraka

Jama'ah rahimakumullah!

Grahana punika prastawa alam ingkang dipun sebabaken amargi kalenggahan mbulan, bumi lam srengenge mbentuk garis lurus. Nalikanipun posisi mbulan ing tengah antawisipun bumi lan srengenge. Grahana srengenge kedadosan amargi sorot  srengene tumuju bumi dipun alang-alangi mbulan.

Pramila leres pangandikanipun Rasulullah SAW bilih grahana punika mboten wonten hubunganipun kaliyan lair utawi pejahipun setunggal tiiyang kados ingkang dipun pitados tiyang Qurays wekdal semanten. Makaten ugi grahana mboten wonten hubunganipun kaliyan mapinten-pinten carios khurafat ingkang dipun yakini para sepuh rumiyin. Ing masyarakat Jawi upaminipun kala rumiyin nggadhahi kapitadosan menawi grahana srengenge punika sebabipun srengenge dipun caplok dening buta. Tiyang-tiyang sami nuthuk kentongan lan tetabuhan sanes kangge ngajrih-ajrihi dan ngusir buta mau. Ilmu lan sains sampun mbukteaken bilih kapitadosan  punika lepat lan lampah ingkang makaten saestu tumindak bodho lan perkawis ingkang saestu sia-sia.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Senadyan grahana srengenge punika mujudaken peristiwa astronomi biasa, mboten ateges kula panjenengan sami mboten sami saged mendhet piwucal. Sinaosa grahana mbulan mujudaken peristiwa alam biasa, ananging estunipun kathah piwucal ingkang saged kita pethik. Ing antawisipun piwucal ingkang saged kita pethik injih punika :

Sepisan, grahana srengenge mujudaken bukti kuwaosipun Allah

Jagad raya lan saisinipun punika Allah ingkang nyipta, nguwaosi lan ngupakara. Allah punika panguwaos mutlak alam raya. Mboten wonten makhluk ingkang nggadhahi kuwaos ing alam raya punika sinaosa sekedhik kemawon. Menawi Allah mboten ngersaaken mangka setunggal kedadosan mboten badhe  kelampahan. Kosok wangsulipun menawi Allah ngersaaken mangka mboten wonten ingkang saged ngalang-alangi.

 

Ing dalem surat al-Maidah ayat 120 Allah ngendika :

لِلّٰهِ مُلْكُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَمَا فِيْهِنَّ ۗوَهُوَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ

"Kagungane Allah kraton langit lan bumi lan apa wae kang dadi isine; lan Dheweke Allah Maha Kuasa marang sawiji apa ".

Kaum muslimin rahimakumullah!

Piwucal kaping kalih, prastawa grahana srengenge dados bukti bilih bumi, mbulan, srengene lan isi jagad punika sedaya sami tumungkul dhumateng Allah. Menapa kemawon ingkang wonten  ing alam raya  punika ing dalem kuwaosipun Allah. Allah ngendika ing dalem surah surat Fushshilat ayat 37 :

وَمِنْ ءَايَٰتِهِ ٱلَّيْلُ وَٱلنَّهَارُ وَٱلشَّمْسُ وَٱلْقَمَرُ ۚ لَا تَسْجُدُوا۟ لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَٱسْجُدُوا۟ لِلَّهِ ٱلَّذِى خَلَقَهُنَّ إِن كُنتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ

 “Lan ing antarane tandha-tandha kuwasane Allah yaiku anane bengi lan awan, srengenge lan mbulan. Aja padha nyembah srengenge utawa mbulan, ananging padha sujuda marang Allah Dzat kang Nyipta, menawa sira mung nyembah marang Dheweke Allah.” (QS. Fushshilat: 37)

Pramila mboten sakmesthinipun barang ingkang kacipta dening Allah punika dipun dadosaken sembahan, dipun dadosaken papan perlunipun nyembah lan nyenyuwun. Mboten pantes manungsa punika nyembah lan nyuwun dhumateng makhluk ingkang mboten ndumugeaken manfaat sekedhik kemawon kadosta : ingkang nengga kajeng-sela, gaman  pusaka utawi barang-barang sanesipun. Awit sasanesipun Allah punika, sedaya kalebet makhluk ingkang mboten nggadhahi kuwaos. Manungsa kedahipun anamung nyembah lan nyuwun dhumateng Allah, Dzat ingkang Maha Kuwaos, Maha Sugih lan Maha Praakosa.

Ma'asyiral muslimin rahimakumullah!

Kaping tiga, prastawa grahana mujudaken pepenget lan sarana kangge nuwuhaken raos ajrih ing manahipun manungsa.

Rasulullah ngendika:

إِنَّ الشَّمْسَ وَالقَمَرَ آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللهِ لاَيَنْكَسِفَانِ لِمَوْتِ أَحَدٍ وَلاَ لِحَيَاتِهِ فَإِذا رَأَيْتُمْ ذَلِكَ فَادْعُوْااللهَ وَكَبِّرُوْا وَصَلُّوْا وَتَصَدَّقُوْا 

"Saktemene srengenge lan mbulan iku bukti tandha kuwasane Allah. Temen loro-lorone (srengene lan mbulan) ora bakal ngalami grahana amarga matine utawa laire sawiji wong. Mula, nalikane sira kabeh meruhi grahana mangka padha ndedongaa marang Allah, padha takbira, padha shalata lan padha mbayara sedekah." (HR Bukhari dan Muslim).

Prastawa grahana srengenge mujudaken pepenget prasaja ingkang mesthini-pun saged dipun tampi sinten kemawon sae tiyang ingkang nggadhahi ilmu utawi tiyang awam, sae ingkang sampun dhewasa utawi lare-lare.  Grahana ngemutaken bilih Allah mboten anamung saged ndadosaken petengipun alam raya punika; malah-malah setunggal wekdal samangke Allah badhe ngrisak jagad punika sakrisak-risakipun : murih manungsa sami ngemuti kuwaosipun Allah; ngemuti janji-janji-Nipun, emut dhumateng swarga lan neraka, emut dhumateng gesang akhiratipun.  

Mangka sampun sakmesthinipun grahana srengenge nuwuhaken raos ajrih lan khawatir  ing manahipun sedaya tiyang ingkang iman ngengingi gesang akhiratipun.  Emut pejah sageda ndadosaken manungsa ngathah-athahaken amal shalih lan nilaraken maksiyat. Mangka pesen Rasul dhumateng tiyang-tiyang ingkang nyumurupi grahana lan tuwuh raos ajrih ing manahipun prayogi lajeng :   faad'uullaha, wa kabbiruu, wa shalluu, watashaddaquu – padha donga marang  Allah, ucapna takbir, padha sholata lan padha sedhekaha.

Jamaah rahimakumullah!

Makaten khutbah singkat sampun kula aturaken. Mungkasi khutbah mangga kita sami ndedonga :

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَلَمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَ عَلىَ اَلِهِ وَصَحْبِهِ أَخْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ

اَللَّهُمَّ آمِنَّا فِيْ أَوْطَانِنَا وَأَصْلِحْ أَئِمَّتَنَا وَوُلَاةَ أُمُوْرِنَا وَاجْعَلْ وِلَايَتَنَا فِيْ مَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ وَاتَّبَعَ رِضَاكَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ وَفِّقْ وَلِيَّ أَمْرِنَا لِهُدَاكَ وَاجْعَلْ عَمَلَهُ فِيْ رِضَاكَ، وَارْزُقْهُ الْبِطَانَةَ الصَّالِحَةَ النَاصِحَةَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدَيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوْبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِيْ أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وصلى الله على نبينا محمد وعلى اله وصحبه أجمعين

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

 --------

  Untuk membaca atau mencetak file khutbah shalat gerhana singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

 

Post a Comment

أحدث أقدم