Teks Khutbah Jumat
Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ
يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ
وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk
kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Wonten ing surat al-
Baqarah, sasampunipun suka kabar syariat shiyam Allah ngendika bilih
Panjeneganipun punika tansah caket dhateng para kawula. Ngendika Allah:
Ramadhan
suka keterangan bilih gesang punika wonten wancinipun luwe lan salit. Ateges kula
lan panjenengan wonten panggesangan punika mboten naming pinaringan kanikmatan,
ananging wonten wancinipun nampi pacoben lan musibah. Sinaoso badhe selak,
ananging pacoben punika mesti nandhang manungsa. Saklajengipun al- quran suka
keterangan bilih sesarengan dumuginipun pacoben, al- quran paring kabar bilih Allah
SWT punika celak dhateng kawulanipun. Ateges Allah tansah badhe paring margi
dhateng manungsa rikalanipun nandhang pacoben. Ngendika Allah:
مَا وَدَّعَكَ
رَبُّكَ وَمَا قَلَى
“Allah
Pangeranira Muhammad ora ninggal ing sira lan ora duka marang sira!.” (Ad- Dhuha: 3)
Pacoben
punika mesthi badhe dumungi ing tiyang gumantung kadar imanipun. Menawi kiyat
imanipun mila pacoben ingkang dumugi saya ageng, ananging menawi ringkih
imanipun mila pacoben ingkang dumugi ugi saya alit. Ageng utawi alitipun
pacoben menawi anggenipun nampi kanthi sumendhe dhateng Allah mesthi badhe eca
sekeca raosipun.
Mila
islam suka dawuh murih sedaya umat muslim saget nampi pacoben kanthi raos
ingkang sekeca.
Sepisan: Kanthi
Husnudzan
Husnudzan
dhateng Allah rikala nandhang pacoben mujudaken kewajiban sedaya muslim. Kula
lan panjenengan kedhah yakin bilih mboten wonten ingkang langgeng wonten alam donya
punika kalebet pacoben. Ngendika Rasulullah wonten setunggal hadits qudsi: “Ingsun
Allah iku gumantung panyakrabawane kawulaku, lan ingsung tansah cerak lan
minangkani panuwune kawula menawa deweke nenuwun marang Ingsun.”
(HR.Ahmad). Mila wajib tumrap kula lan panjenegan rikala nampi pacoben kedhah
husnudzan dhateng Allah, bilih pacoben punika badhe mbeta hikmah ingkang sae
ing panggesangan kita sami.
Kaping kalih:
Nenuwun pitedhah dhateng Allah.
Sedaya
mukmin wajib tansah nenuwun pitedhah dhateng Allah ing sedaya lampah panggesanganipun.
Kanthi nenuwun pitedhah lan pitulungan yekti Allah badhe paring margi saking
sedaya pacoben ingkang nandhang kaum mukminin. Ngendika Allah:
أَلَا
إِنَّ نَصْرَ اللَّهِ قَرِيبٌ
“…Ngertia,
menawa pitulungane Allah iku cerak..” (Al- Baqarah:214)
Ibnu Katsir ngendika: “Kayadene
Allah nurunake pacoben, yekti Allah uga nurunake pitulungan.”
Mila sumangga kula lan panjenengan tansah nyaket
dhumateng Allah ing sedaya lampah panggesangan. Mugi Allah tansah paring
pitedhah, margi lan pitulungan dhateng lampah panggesangan kula lan panjenngan.
Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Posting Komentar