Teks Khutbah Jumat Singkat

Nderak Kersanipun Allah

Ustadz Wismanto

 

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing surat al- Baqarah, sasampunipun suka kabar syariat shiyam Allah ngendika bilih Panjeneganipun punika tansah caket dhateng para kawula. Ngendika Allah:

 وَإِذَا سَأَلَكَ عِبَادِي عَنِّي فَإِنِّي قَرِيبٌ ۖ أُجِيبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ إِذَا دَعَانِ ۖ فَلْيَسْتَجِيبُوا لِي وَلْيُؤْمِنُوا بِي لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُونَ

 Lan manawa kawulaningsung padha pitakon marang sira Muhammad saka sariranIngsun mangka jawaben Insung iku cerak banget, Ingsun minangkani panuwune wong kang padha nenuwun marang Ingsun. Mangka supaya padha nyendikanana netepi dhawuhingsun, lan padha Imana marang ingsun, muga- muga deweke tetep ana ing kabeneran”. (QS. Al- Baqarah: 186).

Ramadhan suka keterangan bilih gesang punika wonten wancinipun luwe lan salit. Ateges kula lan panjenengan wonten panggesangan punika mboten naming pinaringan kanikmatan, ananging wonten wancinipun nampi pacoben lan musibah. Sinaoso badhe selak, ananging pacoben punika mesti nandhang manungsa. Saklajengipun al- quran suka keterangan bilih sesarengan dumuginipun pacoben, al- quran paring kabar bilih Allah SWT punika celak dhateng kawulanipun. Ateges Allah tansah badhe paring margi dhateng manungsa rikalanipun nandhang pacoben. Ngendika Allah:

مَا وَدَّعَكَ رَبُّكَ وَمَا قَلَى

Allah Pangeranira Muhammad ora ninggal ing sira lan ora duka marang sira!.”  (Ad- Dhuha: 3)

Pacoben punika mesthi badhe dumungi ing tiyang gumantung kadar imanipun. Menawi kiyat imanipun mila pacoben ingkang dumugi saya ageng, ananging menawi ringkih imanipun mila pacoben ingkang dumugi ugi saya alit. Ageng utawi alitipun pacoben menawi anggenipun nampi kanthi sumendhe dhateng Allah mesthi badhe eca sekeca raosipun. 

Mila islam suka dawuh murih sedaya umat muslim saget nampi pacoben kanthi raos ingkang sekeca.

Sepisan: Kanthi Husnudzan

Husnudzan dhateng Allah rikala nandhang pacoben mujudaken kewajiban sedaya muslim. Kula lan panjenengan kedhah yakin bilih mboten wonten ingkang langgeng wonten alam donya punika kalebet pacoben. Ngendika Rasulullah wonten setunggal hadits qudsi: “Ingsun Allah iku gumantung panyakrabawane kawulaku, lan ingsung tansah cerak lan minangkani panuwune kawula menawa deweke nenuwun marang Ingsun.” (HR.Ahmad). Mila wajib tumrap kula lan panjenegan rikala nampi pacoben kedhah husnudzan dhateng Allah, bilih pacoben punika badhe mbeta hikmah ingkang sae ing panggesangan kita sami.

Kaping kalih: Nenuwun pitedhah dhateng Allah.

Sedaya mukmin wajib tansah nenuwun pitedhah dhateng Allah ing sedaya lampah panggesanganipun. Kanthi nenuwun pitedhah lan pitulungan yekti Allah badhe paring margi saking sedaya pacoben ingkang nandhang kaum mukminin. Ngendika Allah:

أَلَا إِنَّ نَصْرَ اللَّهِ قَرِيبٌ

“…Ngertia, menawa pitulungane Allah iku cerak..” (Al- Baqarah:214)

Ibnu Katsir ngendika: “Kayadene Allah nurunake pacoben, yekti Allah uga nurunake pitulungan.”

 Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenengan tansah nyaket dhumateng Allah ing sedaya lampah panggesangan. Mugi Allah tansah paring pitedhah, margi lan pitulungan dhateng lampah panggesangan kula lan panjenngan. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم