Teks Khutbah Idul
Fitri 1444 H
Amalan Ramadhan
Ustadz Sadmonodadi
اَلسَّـــلاَمُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.
اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْيَوْمَ عِيْداً
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَحَرَّمَ
عَلَيْهِمْ فِيْهِ الصِّياَمَ، وَنَزَّلَ الْقُرْآنَ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّناَتٍ
مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ، نَحْمَدُهُ وَنَشْكُرُهُ عَلَى كَمَالِ
إِحْسَانِهِ وَهُوَ ذُو الْجَلاَلِ وَاْلإِكْراَمِ. اَشْهَدُاَنْ
لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ هَدَى مَنْ شَاءَ اِلَى الصِّـرَاطِ الْمُسْـتَقِيْمِ,
وَاَشْـهَدُاَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُدَاعٍ اِلَى الطَّـرِيْقِ
الْقَوِيْمِ. اَللّهُـمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَمَّابَعْدُ :
يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ
تُرْحَمُوْنَ.
قَالَ تَعَالَى: يَا
أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ
إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ
مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً
كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ
إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ
وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ
ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
Allahu Akbar,
Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahilhamd.
Jama’ah Sholat
Idul Fitri rahimakumullah!
Sedaya
pangalembana konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah Ingkang Maha Mirah lan Maha
Peparing, Piyambakipun Allah ingkang kagungan kasugihan, kaagungan lan
kasaenan, ingkang paring pitedah murih kita sami iman. Allah sampun
ngunggulaken agami Islam aben-ajeng kaliyan agami sanesipun. Allah ugi sampun
paring nugraha ingkang agung sanget amargi sampun ngutus makhlukipun ingkang
paling mulya lan paling utami nun inggih Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi
wassalam. Kawilujengan saha karaharjan mugi tansah lumeber dhumateng
Rasulullah shalllallahu ‘alaihi wassalam, dhumateng keluarganipun, para
sahabat lan dhumateng umatipun ingkang tansah setya ngantos akhir zaman.
Tansah
samiya ningkataken taqwa para sedherek sedaya. Awit saestu
kasaenan gesang punika anamung saged kagayuh kanthi taqwallah. Kamulyan
manungsa ing Ngarsa Dalem Allah punika gumantung kaliyan taqwanipun :
يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُمْ مِنْ ذَكَرٍ وَأُنْثَى وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ
“He
para manungsa. Setuhune Ingsun ndadekake sira kabeh kedadean saka lanang lan
wadon lan wus ndadeake Ingsun ing sira kabeh pira-pira bangsa lan pira-pira
suku supaya sira kabeh siji lan sijine bisa kenal. Satemene wong kang paling
mulya ing ndalem antarane sira kabeh iku wong kang paling taqwa. Satemene Allah
Maha Narima taubat lan Maha Welas”. (QS. AL-Hujurat : 13)
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu
Akbar Kabiira
Para sedherek ingkang dipun tresnani
Allah.
Alhamdulillah, Allah sampun
marengaken kita sami ngrampitaken ibadah Ramadhan sewulan natas. Allah sampun
ngenthenganken kita sami nindaaken shiyam ing wekdal siangpun lan njejegaken
qiyamul lail ing wekdal dalunipun. Allah ugi sampun nuntun kula panjenengan
sami nderes al-Qur'an, mbayar infaq
shadaqah lan sanes-sanes amal shaleh.
Saestu para sedherek sedaya, gesangipun
mukmin muslim ing wulan Ramadhan sarwa-sarwi ngresepakan. Siang lan ndalunipun
kapaesi kanthi kathah-kathahipun ibadah dan amal sholeh. Sedaya sami kepengin
nggayuh nugrahaning Allah. Sedaya sami ngibadah kanthi pangajab ganjaran agung ingkang dipun janjeaken Allah
liwat utusannipun nun inggih Rasulullah SAW. Man shaama Ramadhaana iimanan
wahtisaban, gufirallahu maa taqaddama min dzambihi. Sapa wonge kang
nindaake shiyam Ramahdan kanthi iman lan ngarep-arep ganjarane Allah, mangka
Allah bakal ngapura kabeh dosane kang uwis. Man qaama Ramadhaana iimanan
wahtisaban, gufirallahu maa taqaddama min dzambihi. Sapa wonge kang
nindaake shalat bengi ing wulan Ramadhan
kanthi iman lan ngarep-arep ganjarane Allah, mangka Allah bakal ngapura kabeh dosane
kang uwis.
Allahu AKbar, Allahu Akbar Allahu
Akbar Kabiira
Jama'ah rahimakumullah
Nggayuh ganjaranipun Ramadhan saestu
pun dhawuhaken dening Allah SWT. Ananging Allah mboten ndhawuhaken kita sami
dados mukmin muslim ingkang peng-pengan anamung ing wulan Ramadhan. Allah
ndhawuhaken kita sami dados kawula taqwa ing sadengah wekdal lan papan. Ittaqullaha
haitumma kunta. Taqwaa sira ana ing
sadhengah kahanan. Allah ngawisi kita anamung mempeng ngibadah nalikaning
Ramadhan lan mlempem ing wulan sanesipun.
Allah
SWT punika remen dhumateng amal ingkang dipun tindaaken teterasan, sanadyanta
amal wau karaos alit. Ngendikanipun
Kanjeng Rasul SAW :
أَحَبُّ
الْأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ قَالَ وَكَانَتْ عَائِشَةُ
إِذَا عَمِلَتْ الْعَمَلَ لَزِمَتْهُ
“Amal kang banget ditresnani Allah yaiku amal
kang teterusan (ditindaake) senadyan sithik”. ( HR Muslim)
Wonten hadits sanes pun sebataken Dari ‘Abdullah bin ‘Amr bin Al
‘Ash radhiyallahu ‘anhuma, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam berkata
padaku,
يَا عَبْدَ اللَّهِ ، لاَ تَكُنْ مِثْلَ فُلاَنٍ ، كَانَ
يَقُومُ اللَّيْلَ فَتَرَكَ قِيَامَ اللَّيْلِ
“Wahai ‘Abdullah, aja sira kaya
sifate si fulanBiyen dheweke nindakake shalat bengi, nanging saikine dheweke ora nindaaken
maneh.”
Jama’ah
Ied rahimakumullah!
Saking
keterangan ngajeng, cetha sanget perjuangan murih dados kawula ingkang bekti
punika mboten nyekapi anamung ibadah nalika ing wulan Ramadhan. Murih saged
kacathet minangka ewonipun tiyang-tiyang ingkang taqwa nun inggih tiyang-tiyang
ingkang drajadipun mulya aben ajeng kaliyan Allah, kita kedah nindaaken amal
shaleh ing sadhengah wekdal. Mboten
ngemungaken ngibadah ing wulan Ramadhan.
Awit
saking punika kita perlu njagi istiqamah utawi tetep jejeg lan kenceng anggen
kita sami njagi iman lan amal sholeh kita sami. Dawuh supados istiqmah kacetha
ing antawisipun ing dalem al-Qur'an
surah Hud ayat 112
فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَنْ تَابَ مَعَكَ وَلا تَطْغَوْا
إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Mangka pada tetepa sira ana dalan kang bener, kaya dene
kadhawuhaken marang sira lan (uga) marang wong kang wus tobat bebarengan sira
lan aja sira ngluwihi wates. Temen Piyambake Allah Maha Priksa kang sira
tindaake.
Allahu Akabr, Allahu Akbar, Allahu Akbar Kشbiira
Jama'ah Id rahimakumullah
Lajeng kados pundi kita saged tansah istiqamah ing ndalem ibadah
dhumaten Allah?
Wonten tigang perkawis ingkang saged kita tindaaken pinangka
ikhtiar murih kita saged istiqamah ing dalem ibadah :
Sepisan, sampun ngantos nilaraken perkawis wajib ing dalem agami.
Ing dalem agami wonten perkawis wajib ingkang kedah kita
tindaaken. Perkawis-perkawis wajib punika menawi kita tilaraken saged ngasoraken
malah-malah saged ngguguraken kalenggahan kita pinangka muslim. Ing bab njagi
ingkang wajib secara khusus kula ngemutaken dhumateng kula panjenengan sami
ngengingi shalat. Kados dipun kacathet
ing dalem Qur'an surah al-Mudatsir ayat 42-43 nalika penduduk nerakan dipun
takeni dening penduduk swarga : maa salakakum fii saqar – apa
kang nyebabake sira nyemplung neraka saqar, tiyang-tiyang wau sami njawab : lam
nakuu minal mushollin – aku biyen ora nindaake shlat.
Ikhwatal iiman rahimakumullah
Kaping kalih, murih kita sami saged istiqamah njagi kalenggahan
pinangka kawula ingkang bekti, inggih punika njagi ajegipun ibadah sinaosa
karaos alit.
Ing dalem wulan Ramadhan kita saged nindaaken kathah amal shaleh.
Sae menggahing kita sami' nglestantunaken amal-amal wau, sekedhik punapa kathah. Sebageyan saking amal Ramadhan kita, kita dadosaken pinangka amal
padintenan ingkang mboten nate kita tilar ing saben dintenipun. Umpaminipun :
nderes al-Qur’an sinaosa anamung setunggal ruku’, infaq-sedhekah sinaosa
anamung gangsal atus minggahing sewu rupiah, shalat ndalu sinaosa anamung tiga rakaat
lan amal-amal sanesipun. Insya Allah menawi amal-amal wau kita tlatosi lan kita
jagi ajegipun, Allah badhe mbikakaken kori-kori kesaenan sanesipun.
Kaum muslimin
rahimakumullah!
Kaping tiga,
kekancan kaliyan tiyang shaleh. Rencang saestu nggadhahi pengaruh ingkang ageng
tumrap pribadhi setunggal tiyang. Ing budaya Jawi wonten ungel-ungel aja
cedhak-cedhak kebo gupak. Cecaketan
kaliyan ahli maksiyat badhe ketularan maksiyatipun, tiyang ingkang cecaketan
kaliyan tiyang sae badhe ketularan saenipun. Wonten mahfudzot ing bahasa Arab ingkang wosipun meh sami :
suuul khuluq yu'dii – pekerti ala iku nular.
Kaum muslimin
rahimakumullah
Lajeng ingkang
pungkasan inggih punika ngathah-athahaken ndedonga murih dados kawula ingkang
tansah bekti . Ing antawisipun do'a
ingkang saged pun amalaken inggih punika : Allahumma aiini 'alaa dzikrika wa
syukrika wa husni 'ibaadatika – duh Allah mugi panjenengan kersa mitulungi
kawula ing dalem emut dhumateng paduka, syukur dhumateng paduka lan nyaeaken
anggen kula ngibadah dhumaten paduka..
Allahu Akbar,
Allahu Akbar Walillahilhad.
Makaten khutbah
enjing punika. Mugi-mugi Allah ngenthengaken anggen kita netepi dhawuhipun. Mugi Allah
nggampilaken urusan kita sami, sae urusan kadonyan, langkung-langkung urusan
agami kula panjengan sami. Mugi-mugi Allah nggampilaken margi kita tumuju
swarga,
Mangga kita pungkasi
khutbah punika kanthi ndedonga :
بِسْمِ
اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيم, الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ,
اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ
وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أجمعين.
رَبَّنَا
ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ
لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ. اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنِا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنا, و أَصْلِحْ
لَنَا دُنْيَانَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَا شُنَا وَ أَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا
الَّتِيْ فِيْهَا مَعَا دُنَا, وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ
زِيَادَةً لنا فِي كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ
شَرٍّ. اللهمَّ ارْزُقْنَا الصَّبْرَ عَلى الحَقِّ
وَالثَّبَاتَ على الأَمْرِ والعَاقِبَةَ الحَسَنَةَ والعَافِيَةَ مِنْ كُلِّ بَلِيَّةٍ والسَّلاَمَةَ مِنْ كلِّ إِثْمٍ والغَنِيْمَةَ مِنْ كل بِرٍّ والفَوْزَ بِالجَنَّةِ والنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ . اَللهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا
وَصِيَامَنَا وَأَعْمَالَنَا وَجَمِيِعَ عِبَادَاتَنَا بِرَحْمَتِكَ يَا َأرْحَمَ
الرَّاحِمِيْنَ. رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النار. وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
Posting Komentar