Teks Khutbah Idul Fitri 1444 H

Njagi Lestantunipun

Amalan Ramadhan

Ustadz Sadmonodadi

 

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ جَعَلَ الْيَوْمَ عِيْداً لِلْمُسْلِمِيْنَ   وَحَرَّمَ عَلَيْهِمْ فِيْهِ الصِّياَمَ، وَنَزَّلَ الْقُرْآنَ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّناَتٍ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ،  نَحْمَدُهُ وَنَشْكُرُهُ عَلَى كَمَالِ إِحْسَانِهِ وَهُوَ ذُو الْجَلاَلِ وَاْلإِكْراَمِ. اَشْهَدُاَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ هَدَى مَنْ شَاءَ اِلَى الصِّـرَاطِ الْمُسْـتَقِيْمِ, وَاَشْـهَدُاَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُدَاعٍ اِلَى الطَّـرِيْقِ الْقَوِيْمِ.  اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ  أَجْمَعِيْنَ. اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.

قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا

يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

Allahu Akbar, Allahu Akbar, laa ilaaha illallahu Allahu Akbar, Allahu Akbar walillahilhamd.

Jama’ah  Sholat  Idul Fitri   rahimakumullah!

Sedaya pangalembana konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah Ingkang Maha Mirah lan Maha Peparing, Piyambakipun Allah ingkang kagungan kasugihan, kaagungan lan kasaenan, ingkang paring pitedah murih kita sami iman. Allah sampun ngunggulaken agami Islam aben-ajeng kaliyan agami sanesipun. Allah ugi sampun paring nugraha ingkang agung sanget amargi sampun ngutus makhlukipun ingkang paling mulya lan paling utami nun inggih Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wassalam. Kawilujengan saha karaharjan mugi tansah lumeber dhumateng Rasulullah shalllallahu ‘alaihi wassalam, dhumateng keluarganipun, para sahabat lan dhumateng umatipun ingkang tansah setya ngantos akhir zaman.

Tansah samiya ningkataken taqwa para sedherek sedaya. Awit saestu kasaenan gesang punika anamung saged kagayuh kanthi taqwallah. Kamulyan manungsa ing Ngarsa Dalem Allah punika gumantung kaliyan taqwanipun :

يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُمْ مِنْ ذَكَرٍ وَأُنْثَى وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ 

He para manungsa. Setuhune Ingsun ndadekake sira kabeh kedadean saka lanang lan wadon lan wus ndadeake Ingsun ing sira kabeh pira-pira bangsa lan pira-pira suku supaya sira kabeh siji lan sijine bisa kenal. Satemene wong kang paling mulya ing ndalem antarane sira kabeh iku wong kang paling taqwa. Satemene Allah Maha Narima taubat lan Maha Welas”. (QS. AL-Hujurat : 13)

Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar Kabiira

Para sedherek ingkang dipun tresnani Allah.

Alhamdulillah, Allah sampun marengaken kita sami ngrampitaken ibadah Ramadhan sewulan natas. Allah sampun ngenthenganken kita sami nindaaken shiyam ing wekdal siangpun lan njejegaken qiyamul lail ing wekdal dalunipun. Allah ugi sampun nuntun kula panjenengan sami  nderes al-Qur'an, mbayar infaq shadaqah lan sanes-sanes amal shaleh.

Saestu para sedherek sedaya, gesangipun mukmin muslim ing wulan Ramadhan sarwa-sarwi ngresepakan. Siang lan ndalunipun kapaesi kanthi kathah-kathahipun ibadah dan amal sholeh. Sedaya sami kepengin nggayuh nugrahaning Allah.   Sedaya sami ngibadah kanthi pangajab  ganjaran agung ingkang dipun janjeaken Allah liwat utusannipun nun inggih Rasulullah SAW. Man shaama Ramadhaana iimanan wahtisaban, gufirallahu maa taqaddama min dzambihi. Sapa wonge kang nindaake shiyam Ramahdan kanthi iman lan ngarep-arep ganjarane Allah, mangka Allah bakal ngapura kabeh dosane kang uwis. Man qaama Ramadhaana iimanan wahtisaban, gufirallahu maa taqaddama min dzambihi. Sapa wonge kang nindaake shalat bengi ing wulan  Ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep ganjarane Allah, mangka Allah bakal ngapura kabeh dosane kang uwis.

Allahu AKbar, Allahu Akbar Allahu Akbar Kabiira

Jama'ah rahimakumullah

Nggayuh ganjaranipun Ramadhan saestu pun dhawuhaken dening Allah SWT. Ananging Allah mboten ndhawuhaken kita sami dados mukmin muslim ingkang peng-pengan anamung ing wulan Ramadhan. Allah ndhawuhaken kita sami dados kawula taqwa ing sadengah wekdal lan papan. Ittaqullaha haitumma kunta.  Taqwaa sira ana ing sadhengah kahanan. Allah ngawisi kita anamung mempeng ngibadah nalikaning Ramadhan lan mlempem ing wulan sanesipun. 

Allah SWT punika remen dhumateng amal ingkang dipun tindaaken teterasan, sanadyanta amal wau karaos alit.  Ngendikanipun Kanjeng Rasul SAW :

أَحَبُّ الْأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ قَالَ وَكَانَتْ عَائِشَةُ إِذَا عَمِلَتْ الْعَمَلَ لَزِمَتْهُ

 “Amal kang banget ditresnani Allah yaiku amal kang teterusan (ditindaake) senadyan sithik”.  ( HR Muslim)

Wonten hadits sanes  pun sebataken Dari ‘Abdullah bin ‘Amr bin Al ‘Ash radhiyallahu ‘anhuma, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam berkata padaku,

يَا عَبْدَ اللَّهِ ، لاَ تَكُنْ مِثْلَ فُلاَنٍ ، كَانَ يَقُومُ اللَّيْلَ فَتَرَكَ قِيَامَ اللَّيْلِ

“Wahai ‘Abdullah, aja sira kaya sifate si fulanBiyen dheweke nindakake  shalat bengi, nanging saikine dheweke ora nindaaken maneh.”

Jama’ah Ied  rahimakumullah!

Saking keterangan ngajeng, cetha sanget perjuangan murih dados kawula ingkang bekti punika mboten nyekapi anamung ibadah nalika ing wulan Ramadhan. Murih saged kacathet minangka ewonipun tiyang-tiyang ingkang taqwa nun inggih tiyang-tiyang ingkang drajadipun mulya aben ajeng kaliyan Allah, kita kedah nindaaken amal shaleh ing sadhengah wekdal.  Mboten ngemungaken ngibadah ing wulan Ramadhan.

Awit saking punika kita perlu njagi istiqamah utawi tetep jejeg lan kenceng anggen kita sami njagi iman lan amal sholeh kita sami. Dawuh supados istiqmah kacetha ing antawisipun  ing dalem al-Qur'an surah Hud ayat 112

فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَنْ تَابَ مَعَكَ وَلا تَطْغَوْا إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ

Mangka pada tetepa sira ana dalan kang bener, kaya dene kadhawuhaken marang sira lan (uga) marang wong kang wus tobat bebarengan sira lan aja sira ngluwihi wates. Temen Piyambake Allah Maha Priksa kang sira tindaake.

Allahu Akabr, Allahu Akbar, Allahu Akbar Kشbiira

Jama'ah Id rahimakumullah

Lajeng kados pundi kita saged tansah istiqamah ing ndalem ibadah dhumaten Allah?

Wonten tigang perkawis ingkang saged kita tindaaken pinangka ikhtiar murih kita saged istiqamah ing dalem ibadah :

Sepisan, sampun ngantos nilaraken perkawis wajib ing dalem agami.

Ing dalem agami wonten perkawis wajib ingkang kedah kita tindaaken. Perkawis-perkawis wajib punika menawi kita tilaraken saged ngasoraken malah-malah saged ngguguraken kalenggahan kita pinangka muslim. Ing bab njagi ingkang wajib secara khusus kula ngemutaken dhumateng kula panjenengan sami ngengingi shalat.  Kados dipun kacathet ing dalem Qur'an surah al-Mudatsir ayat 42-43 nalika penduduk nerakan dipun takeni dening penduduk swarga : maa salakakum fii saqar – apa kang nyebabake sira nyemplung neraka saqar, tiyang-tiyang wau sami njawab : lam nakuu minal mushollin – aku biyen ora nindaake shlat.

Ikhwatal iiman rahimakumullah

Kaping kalih, murih kita sami saged istiqamah njagi kalenggahan pinangka kawula ingkang bekti, inggih punika njagi ajegipun ibadah sinaosa karaos alit.

Ing dalem wulan Ramadhan kita saged nindaaken kathah amal shaleh. Sae menggahing kita sami' nglestantunaken amal-amal wau,  sekedhik punapa kathah.  Sebageyan saking amal Ramadhan kita, kita dadosaken pinangka amal padintenan ingkang mboten nate kita tilar ing saben dintenipun. Umpaminipun : nderes al-Qur’an sinaosa anamung setunggal ruku’, infaq-sedhekah sinaosa anamung gangsal atus minggahing sewu rupiah, shalat ndalu sinaosa anamung tiga rakaat lan amal-amal sanesipun. Insya Allah menawi amal-amal wau kita tlatosi lan kita jagi ajegipun, Allah badhe mbikakaken kori-kori kesaenan sanesipun.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Kaping tiga, kekancan kaliyan tiyang shaleh. Rencang saestu nggadhahi pengaruh ingkang ageng tumrap pribadhi setunggal tiyang. Ing budaya Jawi wonten ungel-ungel aja cedhak-cedhak kebo gupak.  Cecaketan kaliyan ahli maksiyat badhe ketularan maksiyatipun, tiyang ingkang cecaketan kaliyan tiyang sae badhe ketularan saenipun. Wonten mahfudzot  ing bahasa Arab ingkang wosipun meh sami : suuul khuluq yu'dii – pekerti ala iku nular.

Kaum muslimin rahimakumullah

Lajeng ingkang pungkasan inggih punika ngathah-athahaken ndedonga murih dados kawula ingkang tansah bekti .  Ing antawisipun do'a ingkang saged pun amalaken inggih punika : Allahumma aiini 'alaa dzikrika wa syukrika wa husni 'ibaadatika – duh Allah mugi panjenengan kersa mitulungi kawula ing dalem emut dhumateng paduka, syukur dhumateng paduka lan nyaeaken anggen kula ngibadah dhumaten paduka..

Allahu Akbar, Allahu Akbar Walillahilhad.

Makaten khutbah enjing punika. Mugi-mugi Allah ngenthengaken  anggen kita netepi dhawuhipun. Mugi Allah nggampilaken urusan kita sami, sae urusan kadonyan, langkung-langkung urusan agami kula panjengan sami. Mugi-mugi Allah nggampilaken margi kita tumuju swarga,

Mangga kita pungkasi khutbah punika kanthi ndedonga :

بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيم, الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ, اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أجمعين.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.  اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنِا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنا, و أَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَا شُنَا وَ أَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَا دُنَا, وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لنا فِي كُلِّ خَيْرٍ،  وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  اللهمَّ ارْزُقْنَا الصَّبْرَ عَلى الحَقِّ  وَالثَّبَاتَ على الأَمْرِ والعَاقِبَةَ الحَسَنَةَ والعَافِيَةَ مِنْ كُلِّ بَلِيَّةٍ  والسَّلاَمَةَ مِنْ كلِّ إِثْمٍ والغَنِيْمَةَ مِنْ كل بِرٍّ والفَوْزَ بِالجَنَّةِ والنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ . اَللهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا وَصِيَامَنَا وَأَعْمَالَنَا وَجَمِيِعَ عِبَادَاتَنَا بِرَحْمَتِكَ يَا َأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.   رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ  النار. وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

 

   Untuk membaca atau mencetak file khutbah Idul Fitri singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

أحدث أقدم