Teks Khutbah Jumat Singkat

Amalan Ahli Surga

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Allah SWT nyawisaken papan panggesangan ingkang langgeng wonten dinten akhir. Surga kacawisaken tumrap tetiyang ingkang Allah kersaaken. Lan neraka kacawisaken tumrap tetiyang ingkang Allah kersaaken ugi. Mila wonten mimbar khutbah siang punika khatib badhe angaturaken amalan- amalan ingkang saget nglumantaraken kula lan panjenengan tumuju surganipun Allah SWT.

 Sepisan: Thlabul ‘Ilmi

Thalabul ‘ilmi utawi sinau ilmu agami mujudaken amalan agung, ingkang saget andadosaken kula lan panjenengan kalebet calon ahli surga. Ngendika Rasulullah SAW:

وَمَنْ سَلَكَ طَرِيقًا يَلْتَمِسُ فِيهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللَّهُ لَهُ بِهِ طَرِيقًا إِلَى الْجَنَّةِ

“Lan sing sapa wonge lumaku kanggo ngudi ilmu, teme Allah bakal anggampangake dalane tumuju surga” (HR. Muslim. No 2699)

Thalabul ‘ilmi agami mujudaken sarana ingkang paling agung kagem nggayuh surga. Amargi kanthi ilmu agami kula lan panjenengan bade mangertosi tuntunan ingkang utama. Kula lan panjenengan badhe mangertosi pundi dawuh- dawuhipun Allah SWT lan pundi awisanipun. Kanti ilmu agami kula lan panjenengan kita badhe mangertosi antawisipun perkawis ingkang leres kelawan ingkang lepat. Kanthi ilmu agami ugi kula lan panjenegan badhe sumurup perkawis ingkang halal lan ingkang haram. Mila thalabul ‘ilmi mujudaken kewajiban ingkang paling pokok tumrap kita sami umat muslim.

Kaping kalih: Njagi wudhu lan shalat.

Ngendika Rasulullah SAW:

مَا مِنْ مُسْلِمٍ يَتَوَضَّأُ فَيُحْسِنُ وُضُوءَهُ ثُمَّ يَقُومُ فَيُصَلِّي رَكْعَتَيْنِ مُقْبِلٌ عَلَيْهِمَا بِقَلْبِهِ وَوَجْهِهِ إِلَّا وَجَبَتْ لَهُ الْجَنَّةُ

“ora ana sawiji wae wong muslim, kang deweke wudu lan nyempurnaake anggone wudu banjur nindakake shalat 2 rakaat kanti khusyuk, kejaba Allah majibake deweke mlebu surga” (HR. Muslim)

Wonten hadits sanes ingkang dipun riwayataken imam muslim, Rasulullah SAW ngendika ingkang maknanipun: sinten ingkang wudu kanti sempurna lajeng maos doa: : “Asy-hadu an laa ilaaha illallaah wahdahu laa syarikalah, wa assyhadu anna muhammadan abduhu wa rasuuluh” bade dipun bikakaken 8 lawang surga lajeng dipun aturi lumebet saking lawang pundi kemawon ingkang dipun remeni.

Kaping Tiga: Njagi Shalat Rawatib

Rasulullah SAW ngendiko:

مَنْ صَلَّى اثْنَتَىْ عَشْرَةَ رَكْعَةً فِى يَوْمٍ وَلَيْلَةٍ بُنِىَ لَهُ بِهِنَّ بَيْتٌ فِى الْجَنَّةِ

Sapa wonge njaga shalat 12 raka’at ana ing awan lan wengine, mula Allah bakal nyawisake marang deweke omah ana ing surga.” (HR. Muslim)

Wonten hadits sanes dipun terangaken ingkang dipun maksud 12 rakaat inggih punika:

4 rakaat qabliyah dhuhur

2 rakaat ba’diyah dhuhur

2 rakaat ba’diyah maghrib

2 rakaat ba’diyah isyak

2 rakaat qabliyah subuh.

Senajan shalat rawatib punika sunnah ananging kautamanipun ageng sanget. Sepisan tiyang ingkang njagi shalat rawatib dipun cawisaken griya utawi istana wonten ing surga. Kautaman sanes shalat rawatib pinangka panyampurna ibadah shalat wajib. Mekaten ugi bukti bilih shalat rawatib punika utama, katitik kanjeng Rasul lan para sahabat sami estu anggenipun njagi.

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten seperangan amalan shalih ingkang kalebet amalan ahli surga. Sumangga tansah njagi amalan- amalan ingkang kasebat, mugi sedaya kalua wau dados sarana Allah anggampilaken margi kita tumuju surga. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

 

Post a Comment

أحدث أقدم