Teks Khutbah Jumat Singkat

Sih Kinasih Ing Sesami

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ,وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ .يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Islam agami ingkang suka dawuh babagan sih kinasih ing sesami, mboten namung sih kinasih dhateng sesami manungsa, ananging ugi dhateng kewan lan sedaya makhluk jagat alam raya. Mila sampun dados kewajiban sedaya pemeluk islam tansah sih kinasihan ing sinten kemawon. Ngendika Allah:

إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ سَيَجْعَلُ لَهُمُ الرَّحْمَٰنُ وُدًّا

“Satemene wong- wong kang iman lan nindakake ‘amal salih, Yekti Pengeran kang Maha Murah arsa andadekake wong- wong iku mau kinasihan.” (QS. Maryam: 96)

Ngendika Rasulullah SAW:

 لاَ تَدْخُلُوا الجَنَّة حَتَّى تُؤْمِنُوا، وَلاَ تُؤْمِنُوا حَتَّى تَحَابُوا، أَوَلاَ أَدُلُّكُم عَلَى شَيءٍ إِذَا فَعَلْتُمُوهُ تَحَابَبْتُم؟ أَفْشُوا السَّلاَم بَينَكُم  

 "Ora bakal bisa mlebu surga sira kabeh nganti pada dadi wong iman, lan ora bakal bisa dadi wong iman sira kabeh nganti pada gelem sih kinasihan, sira apa pingin ingsung paring cara kang menawe den tindakake bisa pada sih kinasihan? Yaiku pada seneng uluk salam ing antaraning sira kabeh.” (HR.Muslim).

Jamaah jumah rahimakumullah

Lajeng kadospundi caranipun supados ing antaranipun sesami manungsa menika saget tuwuh raos sih kinasihan?

1.       Remen uluk salam

Maksud uluk salam inggih menika remen sapa aruh dhaten sinten kemawon. Misalipun tindhakan lajeng kepanggih tiyang mila kedhahipun sapa aruh, menawi kepanggih tiyang sesame muslim langkung prayogi kanti ngucap Assalamualaikum. Ananging menawi pinanggih tetanggi ingkang benten agaminipun saget kanthi atur ingkang kulinten dipun agem ing pasrawungan misalipun: sugeng enjang, sugeng siang, sugeng dalu lan sanesipun. Kanthi remen sapa aruh mesthi badhe nuwuhaken raos remen, suka, Bahagia ing madyanipun pasrawungan. Kosok wangsulipun islam ngawisi sedaya penderekipun neng-nengan, mboten sapa aruh, malah perkawis neng- nengan punika kalebet awisan ingkang cetha dipun ngendikaaken Rasulullah ing sabdanipun. Ngendika Rasulullah:

لَا يَحِلُّ لِمُسْلِمٍ أَنْ يَهْجُرَ أَخَاهُ فَوْقَ ثَلَاثِ لَيَالٍ

 Ora halal tumrap wong mukmin ngenegake sedulure nganti punjul 3 wengi”. (HR. Bukhari lan Muslim).

 2.       Remen tulung- tinulung

Perkawis kaping kalih ingkang saget nuwuhaken raos sih kinasihan  inggih punika tulung tinulung utawi taawun . Sakestu, mboten wonten tiyang ingkang saget gesang piyambakan wonten ing alam dunya punika, mesti sedaya mbetahaken pitulunganipun tiyang sanes. Tulung tinulung wonten ing gesang kemasyarakatan mujudaken sarana ingkang saget nyaketaken manah lan ndadosaken raos sih kinasihan ing sesame. Menawi wonten sertunggal panggenan masyarakatipun sampun kulinten gotong – royong tulung tinulung mila estu masyarakat wau badhe gesang sih kinasihan, ayom ayem, guyup rukun lan bahagia. Allah SWT dhawuh wonten ing Surat Al Maidah: 2

وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ

 “Lan sira pada tulung- tinulunga ing babagan kabecikan lan taqwa. Lan aja pada tulung- tinulung ing babagan dosa lan memungsuhan”. (QS. Al Maidah:2).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring pitedah dhumateng kula lan panjenegan satemah saget nglampahi sedaya dhawuh islam ing panggesangan punika kanthi istiqamah.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih



الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن



Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم