Teks Khutbah Idul Adha 1444 H

Nuladhani Keluarga

Nabi Ibrahim Alaihissalam

Ustadz Wismanto

  

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ , يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

Jamaah idul adha rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kenikmatan dhumateng sedaya umatipun satemah wonten enjang punika kula lan panjenengan saget nindakaken ibadah shalat idul adha 1444 H kanti manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamat. Wonten kesempatan punika khatib wasiat sumangga tansah njagi taqwa, amargi namung taqwa margi ingkang saget nylametaken panggesangan kita wonten dunya lan akhirat.

 Jamaah idul adha rahimakumullah

Dinten idul adha ngemutaken kula lan panjenengan dhumateng tiyang sepuh kita, inggih punika bapa Ibrahim, ibu Hajar lan ugi Ismail. Keluarga nabi Ibrahim mujudaken keluarga ingkang utama lan dados cikal bakal lahiripun para nabi lan rasul. Allah SWT paring pangandikan wonten ing al- quran:

قَدْ كَانَتْ لَكُمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِيْٓ اِبْرٰهِيْمَ وَالَّذِيْنَ مَعَهۚ

Artosipun:” Yekti Ibrahim lan para pendereke iku dadi suri- tuladhan kang utama tumrap sira kabeh . . .(QS- Al Mumtahanah:4)

 Jamaah idul adha rahimakumullah

Mila wonten mimbar khutbah idul adha enjing punika khatib ngajak sumangga kula lan panjenengan mendet piwucal utama saking keluarganipun nabi Ibrahim a.s. Punapa kemawon piwucal ingkang saget kita pendet? Masyaallah, kanyata katah sanget piwucal utama ingkang saget kula lan panjenengan pendet saking keluarga nabi Ibrahim punika.

 1.    Ibrahim mujudaken bapa idaman.

Ibrahim punika nabi utusanipun Allah, garwanipun Hajar lan bapanipun Ismail. Ibrahim sampun kawentar dados tiyang ingkang taat dhumateng Allah. Taatipun Ibrahim boten saget dipun dipunragukaken malih ing bab punapa kemawon.

Setunggal bukti rikala Ibrahim mawantu- wantu lahiripun putra ngantos kirang langkung yuswa 80an tahun Allah nembe paring putra saking hajar (siti hajar). Putra ingkang dipun idamam- idamaken estu sampun lahir lajeng dipun paringi asma Ismail. Nembe remen- remenipun nampi anugerah putra, Allah banjur dhawuh supados hajar lan ismail dipun pindah wonten jazirah arab (bakkah) lajeng Ibrahim kedah nglajengaken jejibahan dakwah wonten palestina. Pikantuk dawuh punika Ibrahim ngestoaken kanthi madep mantep tanpa wigah- wigih. Kisah rikala Ibrahim nilaraken hajar lan ismail punika kaserat ing al- quran, ngendika Allah:

رَبَّنَا إِنِّي أَسْكَنْتُ مِنْ ذُرِّيَّتِي بِوَادٍ غَيْرِ ذِي زَرْعٍ عِنْدَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِ

(Ibrahim matur) Dhuh Pengeran kawula, saestunipun kawula sampun ngeggenaken sebagiyan anak turun kawula wonten ing lembah ingkang boten wonten tetanemanipun caket kaliyan Dalem Paduka Baitullah ingkang minulya…”. (QS. Ibrahim:37).

Ibrahim ugi kawentar welas asihipun dhateng kang garwa /hajar lan kang putra ismail. Katresnanipun Ibrahim kabukteaken kanthi tanggeljawab paring nafkah lan paring piwucal dhateng garwa lan putra. Sinaosa Ibrahim nindhakaken jejibahan dakwah ananging ugi ngayahi jejibahan dados kepala keluarga ingkang sae.

 

2.   Hajar garwa ingkang shalihah.

Hajar punika garwa ingkang mituhu dhateng Ibrahim lan ibu ingkang minulya tumrap ismail. Pinangka garwa ingkang shalihah, Hajar tansah mbangun miturut sedaya dawuhipun Ibrahim, amargi yakin bilih sedaya ingkang dipun dhawuhaken Ibrahim punika saking Allah. Mekaten rikala hajar lan ismail dipun boyong saking palestina tumuju bakkah/ Makkah hajar matur: “punapa menika dhawuhipun Allah,? Ibrahim ngendika: “bener”. Hajar matur: “estu menawi punika dhawuhipun Allah yekti Allah boten bade nglirwaaken kawulanipun”. (HR. Bukhari)

Awit saking taatipun Hajar lan Ismail mila saking keluarga punika badhe nglahiraken keturunan putra wayah ingkang shalih. Putra wayah ingkang leres tauhidipun, nglestantunaken dakwah lan njagi baitullah pinangka pusat pangibadahan tiyang- tiyang ingkang iman. Ing akhiripun lahir saking keluarga punika rasul ingkang pungkasan Muhammad SAW.

Pinangka ibu, Hajar punika estu dados ibu ingkang patut dipun tuladhani. Pirsa garwanipun nindhaaken jejibahan dakwah, Hajar gumbregah pados kacekapan nafkah kagem ismail lan suka piwucal ingkang luhur dhateng keng putra. Saben dinten hajar suka panggulawentah kanthi nyriosaken kautaman- kautaman bapa Ibrahim dhateng ismail. Sedaya laku utama lan kesaenan Ibrahim dipun kabaraken dhateng ismail. Mboten wonten wekdal, kejawi Hajar suka Pendidikan dhateng Ismail kanthi ngambaraken agungipun akhlaq bapanipun. Mila ismail dados putra ingkang sanget binggah lan bombong kagungan bapa Ibrahim. Menggah ismail, Ibrahim punika mujudaken bapa lan  piyayi ingkang luhur, agung ingkang patut dipun tuladhani.

 

3.   Ismail putra ingkang shalih.

Ismail punika peparingipun Allah dhateng Ibrahim pinangka ijabah saking pandonga ingkang rinten dalu tansah dipun suwun Ibrahim. Ngendika Allah:

فَبَشَّرْنَٰهُ بِغُلَٰمٍ حَلِيمٍ

Ingsun nuli ambebungah marang Ibrahim kalawan Sun paring anak lanang kang halim (aris/ penyabar) yaiku Ismail.” (QS. As- Shaffat: 101).

Ismail putra ingkang bektos datheng bapa lan ibunipun piyambakipun tansah caos pambiyantu ing pakaryan punapa kemawon kagem nyekapi keluarga. Ismail kawentar dados lare ingkang ulet makarya kadosdene ngingah mendha (Kambing), bebakulan lan pakaryan sanesipun.

Ismail kaparingan sifat halim ingkang artosipun lemah lembut lan penyabar. Ismail putra ingkang sanget sabar ing bab punapa kemawon lan mboten nate muring utawi emosi. Sabar ingkang paripurna kaserat ing al- quran rikala nampi pacoben badhe dipun belih bapanipun. Ngendika Allah:

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَىٰ فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

Bareng Ismail putrane, wus bisa rumagang ing gawe ngrewangi bapakne, Bapakne tutur marang Ismail:”He ngger anakku, satemene aku wus ngimpi ing sajeroning turu nyembelih ing sira, mula kepriye ngger penemunira? Ismail matur: “Duh Rama sumangga panjenengan tindhakaken punapa ingkang sampun kadawuhaken dening Allah, insyaallah Panjenengan pirsa kula punika kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar”. (QS. As- Shaffat: 102)

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ

 Maasyiral muslimin jamaah idul adha rahimakumullah

Mekaten seperangan piwucal utama ingkang khatib aturaken wonten mimbar khutbah idul adha enjang punika. Mugi kita sedaya kadadosaken kawula ingkang saget nuladhani keluarganipun kanjeng nabi Ibrahim a.s. keluarga ingkang taat dumateng Allah, sabar nalika nandang pacoben lan tansah lumampah wonten margi ingkang dipun ridhai Allah SWT. Amiin.

 

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


Untuk membaca atau mencetak file khutbah IDUL ADHA 1444H  singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم