Teks Khutbah Jumat Singkat

Awratipun Jujur

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Kula lan panjenengan selaku tiyang muslim kedhah ngugemi sifat jujur. Jujur ing pangandikan, jujur ing tumindhak lan jujur ing sedaya lampah panggesangan. Jujur punika akhlak utama ingkang dados ciri tiyang shalih, para wali , para nabi lan para rasulipun Allah.  Ngendika Allah ing Al- Quran:

وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِبْرٰهِيْمَ ەۗ اِنَّهٗ كَانَ صِدِّيْقًا نَّبِيًّا

Lan nyebutna sira Muhammad ana ing kitab (al- quran) caritane Ibrahim, satemene Ibrahim iku wong kang jujur tur deweke nabi.” (Maryam:41)

Wonten ayat sanes Allah ugi ngendika :

وَاذْكُرْ فِى الْكِتٰبِ اِسْمٰعِيْلَ ۖاِنَّه كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلًا نَّبِيًّا ۚ

“Lan sira caritakna Muhammad ana ing al- quran caritane Ismail, satemene Ismail iku wong kang tuhu ing janji lan dheweke iku dadi rasul lan nabi.” (Maryam:54).

Jamaah jumah rahimakumullah

Jujur punika awrat napa malih menawi sampun kulinten mboten jujur lan srawung wonten lingkungan ingkang mboten sae. Jujur dados barang ingkang awis, ingkang aneh lan mboten umum. Ingmangka jujur punika ciri gesangipun tiyang mukmin. Ananging sinaoso awrat nindhakaken lampah jujur kula lan panjenengan kedhah ngupadi supados jujur punika dados ciri lampah kita. Mila khatib badhe ngaturaken seperangan kautaman utawi piwales saking lampah jujur punika:

1.       Jujur piwalesipun surga

Kautaman jujur ingkang sepisan inggih punika dipun jamin surga, ngendika Allah Ta’ala:

قَالَ اللَّهُ هَٰذَا يَوْمُ يَنْفَعُ الصَّادِقِينَ صِدْقُهُمْ ۚ لَهُمْ جَنَّاتٌ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا

Dhawuhipun Allah: Ana ing dina qiyamat iki wong- wong kang pada jujur oleh piguna jalaran saka jujure, deweke manggon ana ing surga kang kaline sapirang- pirang pada mili ana ing sangisore, wong- wong iku ana ing kono pada urip langgeng…” (Al- Maidah:119).

Ngendika rasulullah SAW:

عَلَيْكُمْ بِالصِّدْقِ فَإِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِي إِلَى الْبِرِّ وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِي إِلَى الْجَنَّةِ

“Sira pada tumindhaka jujur, Amarga jujur iku nuduhake marang kabecikan, lan kabecikan iku nuduhake marang surga…” (HR. Muslim)

 

2.     Tiyang ingkang jujur dipuntresnani Allah

Jujur punika mujudaken intinipun akhlak, menawi tetiyang punika jujur mila badhe andadosaken saenipun sedaya pangandikan lan lampah gesangipun. Ing akhiripun jujur punika badhe mbekta sedaya kesaenan lan badhe ndumugekaken tresanipun Allah Ta’ala. Ngendika Rasulullah SAW:

“Menawa sira pingin ditresnani Allah lan rasule mula pada tindhakna menawa diwenehi Amanah, pada jujura menawa ngucap lan tumindhaka becik marang wong ing kiwa tengenmu.” (HR. Thabrani)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenegan tansah ngugemi jujur ing sedaya lampah panggesangan punika. Mugi Allah tansah nresnani kula lan panjenegan satemah Allah paring kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

 

Post a Comment

أحدث أقدم