Teks Khutbah Jumat Singkat

Kamardikan Indonesia

Ustadz  Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kunjuk dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih ing majelis shalat jumah kanthi rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah dipun tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Sampun 78 tahun nagari  Indonesia mardika saking kungkungan nagari penjajah. Kamardikan ingkang kita tampi punika sejatosipun mujudaken rahmat saking Allah SWT kados ingkang kaserat ing Pambuka UUD 1945 ingkang pun ihktiyari kanti perjuangan lan doa para sesepuh. Kanti kamardikan kula lan panjenengan saget sekeca nglampahi pedamelan saben dinten kados dene sekolah, makaryo, srawung kaliyan kadang lan warga tanpa wonten rubeda. Mila kula lan panjenengan wajib syukur dhumateng Allah ingkang sampun maringi nikmat ingkang agung menika. Allah ngendika:

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اذْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ ۚ هَلْ مِنْ خَالِقٍ غَيْرُ اللَّهِ يَرْزُقُكُمْ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۚ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ

He para manungsa, elinga marang nikmating Allah tumrap sira kabeh. Apa ana kang bisa nitahake saliyane Allah, tur paring rejeki saka langit lan bumi. Ora ana Pengeran kang sinembah kejaba Panjenengane, mula saka apa sira padha kablinger?”. (QS.Fathir:2)

Ibnu Taimiyah ngendika: “Syukur iku kudu katindakna kanthi ati, lisan lan uga anggota badan”. (Majmuah Al Fatawa:11:135)

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Lajeng kados pundi cara kita syukur awit kaparingan nikmat kamardikan menika?

1.     Kanti njagi taqwa marang Allah

Kamardikan menika mujudaken nikmat agung ingkang Allah paringaken dhumateng rakyat Indonesia awit ketaqwaan para sesepuh lan para pahlawan ingkang sampun berjuang nglawan penjajah. Mila cara kita syukur ingkang paling utama inggih menika nglajenganken perjuangan para pahlawan kanthi njagi ketaqwaan dumateng Allah SWT. Allah ngendika:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ تَتَّقُوا اللَّهَ يَجْعَلْ لَكُمْ فُرْقَانًا

 

He para wong mukmin, menawa sira taqwa ing Allah yekti panjenengane andamelake ing sira kabeh furqan (pamisah). . .  (QS Al Anfal:29).

Para ulama ngendika furqan menika maksudipun Allah paring pitulungan lan keslametan. Taqwa punika mujudaken margi ingkang kedah dipun lampahi sedaya warga masyarakat menawi ngersaaken nagari Indonesia menika tansah ayem tentrem lan adil lan makmur. Allah ngendika:

وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا

وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ

 “Sing sapa wonge taqwa ing Allah, Panjenengane bakal anggampangake dalane wong iku. Lan bakal paring rejeki saka dalan kang ora kinira- ira… (QS. At Thalaq: 2dan3)

2.     Nindakaken sedaya kesaenan kagem kemajengan nagari

Sampun dados kewajiban sedaya warga masyarakat Indonesia bilih cara syukur awit kaparingan kamardikan inggih punika kanthi nindakaken sedaya kesaenan kagem kemajengan Masyarakat lan bangsa. Para sesepuh lan pahlawan sampun ngurbanaken sedaya gesangipun kagem sedaya putra wayah Indonesia. Mila putra wayah ingkang sae kedahipun nglajenganken pangorbanan para sesepuh kanthi njgagi kamardikan lan majenganken pembangunan Indonesia. Katitahaken dados Punapa kemawon kita wonten ing nagari Indonesia menika kedhah tumindak sae, menawi dados rakyat nggih kedhah dados rakyat ingkang sae, menawi dados pimpinan kedhahipun ugi pimpinan ingkang sae. Mekaten ugi, punapa kemawon pakaryan ingkang kita lampahi kedhah dipun niyati kagem kemajengan bangsa lan tumindak sae dhumateng sesami. Menawi sedaya warga masyarakat saget guyup rukun mekaten, insyaalah kita sedaya badhe tansaya pinaringan kaberkahan lan kemakmuran. Allah ngendika:

وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ . . .

Mangka saumpama wong- wong penduduking Negara mau gelem iman lan taqwa ing Allah, sayekti deweke ingsun bukaake rejeki saka langit lan bumi . . . (QS. Al A’raf:96).

Ibnu Katsir ngendika: “yaiku menawa wong- wong iku atine iman marang dawuhe para rasul, percaya, nurut banjur taqwa ing Allah kanti nindakake ketaatan lang ninggalake perkara kang diharamake. Mula Allah bakal paring rejeki: “yaiku banyu udan saka langit lan tetuwuhan saka sakjroning bumi.” (Tafsir Alquran Al Azim).

Sederek sedaya sebangsa lan setanah air

Mila kanthi menika sumangga kula lan panjenengan tansah ningkataken ketaqwaan dhumateng Allah lan nindakaken sedaya kesaenan kagem kemajengan lan kemakmuran nagari Indonesia. Mugi Allah tansah paring rahmat, berkah lan sedaya kesaenan dhumateng kita sedaya. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،

 إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ

 وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم