Teks Khutbah Jumat Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah
siang punika khatib wasiat sumangga tansah
ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
SWT tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Kula lan panjenengan temtu sampun asring midanget
tembung Judi utawi ngabotohan. Judi punika sejatosipun sampun lumampah ewonan
warsa jaman rumiyin kepara kawit jamanipun para nabi lan rasul. Ananging kawit
jaman rumiyin ngantos sapunika dereng wonten kabaripun tiyang judi punika
menang, sukses, sugih ayem lan Tentrem. Menawi wonten biasanipun ing sinetron
utawi drama televisi kemawon. Kasunyatanipun tetiyang ingkang remen judi punika
mesti kawon, bangkrut lan rusak gesangipun. Panjenengan sedaya temtunipun
langkung pana ing pamawas menggah akibat judi punika.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mboten ateges meden- medeni,
wonten khutbah siang punika kepareng khatib ngaturaken seperangan ayat al-quran
ingkang nedahaken awonipun judi. Ngendika Allah ing surah al- maidah ayat 90
lan 91.
يَٰٓأَيُّهَا
ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِنَّمَا ٱلْخَمْرُ وَٱلْمَيْسِرُ وَٱلْأَنصَابُ وَٱلْأَزْلَٰمُ
رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ ٱلشَّيْطَٰنِ فَٱجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
إِنَّمَا
يُرِيدُ ٱلشَّيْطَٰنُ أَن يُوقِعَ بَيْنَكُمُ ٱلْعَدَٰوَةَ وَٱلْبَغْضَآءَ فِى ٱلْخَمْرِ
وَٱلْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَن ذِكْرِ ٱللَّهِ وَعَنِ ٱلصَّلَوٰةِ ۖ فَهَلْ أَنتُم
مُّنتَهُونَ
“He para wong mukmin,
sanyatane arak, judhi, ngundi Nasib nganggo panahan iku kabeh perkara kang
jember kalebu panggewene syaitan, mulane padha anyingkirana supaya sira oleh
kabegjan. Sanyata kareping syaitan ana ing bab arak, judhi mau arep anggawe
rasa memungsuhan lan kasengitan ing antarane sira kabeh lan arep ngalang-
alangi sira kabeh saka eling marang Allah lan marang shalat. Mula sira kabeh
kudune padha leren.” (Al- Maidah; 90,91).
Abdurrahman
bin Nashir As- Sa’di ing tafsiripun ngendika: “Allah ngawisi sakabehing
tumindhak kang jember kayadene khamer lan judi amarga tumidhak iku kalebu
tumindhake syaitan. Kabegjan ora bisa digayuh kejaba kanthi ninggalake apa wae
kang Allah awisi ing antarane yaiku khamer lan judi, mula kudune padha
nyingkiri tumindhak iku.”
Jamaah jumah rahimakumullah
Saking
ayat ing nginggil ceta sanget bilih judi haram lan dipun awisi ing islam. Allah
ngantos ngendika bilih judi punika awon sanget:
Sepisan: judi punika tumindhak ingkang rijsun (najis/jember)
Kaping kalih: judi punika pedamelanipun syaitan
Kaping tiga: judi punika badhe damel memengsahan lan
kerisakan
Allah
ngambali ngantos kaping tiga punika kagungan maksud negasaken awonipun
tumindhak judi.
Sayyid
Sabiq wonten ing kitab fiqh sunnah ngendika bilih Allah punika ngawisi judi sejajar kaliyan ngawisi ngunjuk khamr. Mila
judi punika kalebet perkawis ingkang haram ing islam.
Ibnu
Taimiyah wonten ing kitab Al Mawsu’ah Al Fiqhiyyah ngendika bilih judi
punika haram kadosdene riba, lan dahar banda kasil saking judi punika haram lan
ngrugekaken tiyang sanes.
Syaikh Ali Ahmad Al Jurjawi,
direktur Asosiasi Riset Ilmiah Universitas Al Azhar Kairo Mesir ngendika bilih
katah sanget akibat saking judi punika kadosdene:
1. Judi
punika tumindhak ingkang bathil kagem pados banda namung ngandalaken khayalan
lan mboten kersa makarya kanthi halal
2. Tiyang
judi punika mesthi musuhan kaliyan lawanipun lan ngajeng- ajeng cilakanipun
lawan kasebat, mila ing akhiripun tetiyang ingkang judi punika katah ingkang tumindhak
kriminal ngantos wantun mejahi tiyang sanes.
3. Mboten
sekedik tiyang judi punika ekonomi keluarganipun risak lan bangkrut
Jamaah jumah rahimakumullah
Menawi jaman rumiyin judi
punika namung ngagem dadu, kartu lan alat- alat sederhana lajeng tetiyangipun
kedhah kepanggih lelengahan sarengan. Jaman sapunika judi tansaya kathah model,
jenis lan canggih alatipun. Mekaten ugi tiyangipun mboten kedhah pinanggih,
cekap online ngagem internet. Ananging tansaya canggih model judi punika kanyata
tansaya kathah korbanipun. Saben dinten kula lan panjenegan midanget wartos
wonten ing Masyarakat lan wonten ing siaran berita korban- korban saking
tumindhak judi punika.
Mila
khatib ngajak sumangga kula lan panjenengan tansah ngreksa badan kita,
keluarga, tangga tepalih saking tumindhak judi. Sampun katah bukti- bukti
awonipun tumindhak judi punika. Sumangga keluarga lan Masyarakat ing sakiwa
tengen dipun aturi sareng- sareng nebihi tumindhak judi ingkang awon sanget akibatipun
punika. Mugi Alllah tansah paring hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى , رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar