Teks Khutbah Jumat Singkat

Judi

Ustadz  Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Kula lan panjenengan temtu sampun asring midanget tembung Judi utawi ngabotohan. Judi punika sejatosipun sampun lumampah ewonan warsa jaman rumiyin kepara kawit jamanipun para nabi lan rasul. Ananging kawit jaman rumiyin ngantos sapunika dereng wonten kabaripun tiyang judi punika menang, sukses, sugih ayem lan Tentrem. Menawi wonten biasanipun ing sinetron utawi drama televisi kemawon. Kasunyatanipun tetiyang ingkang remen judi punika mesti kawon, bangkrut lan rusak gesangipun. Panjenengan sedaya temtunipun langkung pana ing pamawas menggah akibat judi punika.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mboten ateges meden- medeni, wonten khutbah siang punika kepareng khatib ngaturaken seperangan ayat al-quran ingkang nedahaken awonipun judi. Ngendika Allah ing surah al- maidah ayat 90 lan 91.

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓا۟ إِنَّمَا ٱلْخَمْرُ وَٱلْمَيْسِرُ وَٱلْأَنصَابُ وَٱلْأَزْلَٰمُ رِجْسٌ مِّنْ عَمَلِ ٱلشَّيْطَٰنِ فَٱجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ

إِنَّمَا يُرِيدُ ٱلشَّيْطَٰنُ أَن يُوقِعَ بَيْنَكُمُ ٱلْعَدَٰوَةَ وَٱلْبَغْضَآءَ فِى ٱلْخَمْرِ وَٱلْمَيْسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عَن ذِكْرِ ٱللَّهِ وَعَنِ ٱلصَّلَوٰةِ ۖ فَهَلْ أَنتُم مُّنتَهُونَ

He para wong mukmin, sanyatane arak, judhi, ngundi Nasib nganggo panahan iku kabeh perkara kang jember kalebu panggewene syaitan, mulane padha anyingkirana supaya sira oleh kabegjan. Sanyata kareping syaitan ana ing bab arak, judhi mau arep anggawe rasa memungsuhan lan kasengitan ing antarane sira kabeh lan arep ngalang- alangi sira kabeh saka eling marang Allah lan marang shalat. Mula sira kabeh kudune padha leren.” (Al- Maidah; 90,91).

Abdurrahman bin Nashir As- Sa’di ing tafsiripun ngendika: “Allah ngawisi sakabehing tumindhak kang jember kayadene khamer lan judi amarga tumidhak iku kalebu tumindhake syaitan. Kabegjan ora bisa digayuh kejaba kanthi ninggalake apa wae kang Allah awisi ing antarane yaiku khamer lan judi, mula kudune padha nyingkiri tumindhak iku.”

Jamaah jumah rahimakumullah

Saking ayat ing nginggil ceta sanget bilih judi haram lan dipun awisi ing islam. Allah ngantos ngendika bilih judi punika awon sanget:

Sepisan: judi punika tumindhak ingkang rijsun (najis/jember)

Kaping kalih: judi punika pedamelanipun syaitan

Kaping tiga: judi punika badhe damel memengsahan lan kerisakan

Allah ngambali ngantos kaping tiga punika kagungan maksud negasaken awonipun tumindhak judi.

Sayyid Sabiq wonten ing kitab fiqh sunnah ngendika bilih Allah punika ngawisi judi  sejajar kaliyan ngawisi ngunjuk khamr. Mila judi punika kalebet perkawis ingkang haram ing islam.

Ibnu Taimiyah wonten ing kitab Al Mawsu’ah Al Fiqhiyyah ngendika bilih judi punika haram kadosdene riba, lan dahar banda kasil saking judi punika haram lan ngrugekaken tiyang sanes.

Syaikh Ali Ahmad Al Jurjawi, direktur Asosiasi Riset Ilmiah Universitas Al Azhar Kairo Mesir ngendika bilih katah sanget akibat saking judi punika kadosdene:

1.      Judi punika tumindhak ingkang bathil kagem pados banda namung ngandalaken khayalan lan mboten kersa makarya kanthi halal

2.      Tiyang judi punika mesthi musuhan kaliyan lawanipun lan ngajeng- ajeng cilakanipun lawan kasebat, mila ing akhiripun tetiyang ingkang judi punika katah ingkang tumindhak kriminal ngantos wantun mejahi tiyang sanes.

3.      Mboten sekedik tiyang judi punika ekonomi keluarganipun risak lan bangkrut

Jamaah jumah rahimakumullah

Menawi jaman rumiyin judi punika namung ngagem dadu, kartu lan alat- alat sederhana lajeng tetiyangipun kedhah kepanggih lelengahan sarengan. Jaman sapunika judi tansaya kathah model, jenis lan canggih alatipun. Mekaten ugi tiyangipun mboten kedhah pinanggih, cekap online ngagem internet. Ananging tansaya canggih model judi punika kanyata tansaya kathah korbanipun. Saben dinten kula lan panjenegan midanget wartos wonten ing Masyarakat lan wonten ing siaran berita korban- korban saking tumindhak judi punika.

Mila khatib ngajak sumangga kula lan panjenengan tansah ngreksa badan kita, keluarga, tangga tepalih saking tumindhak judi. Sampun katah bukti- bukti awonipun tumindhak judi punika. Sumangga keluarga lan Masyarakat ing sakiwa tengen dipun aturi sareng- sareng nebihi tumindhak judi ingkang awon sanget akibatipun punika. Mugi Alllah tansah paring hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،

 إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ

 وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى , رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

أحدث أقدم