Teks Khutbah Jumat Singkat

Mbangun Keluarga Ingkang Sakinah

Ustadz  Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Saben tiyang mesthi ngersaaken bale wismanipun rukun, ayem lan Bahagia utawi Sakinah mawadah warahmah. Amargi keluarga ingkang Sakinah punika tetenger bilih tiyang kasebat sampun mundi dhawuhipun Allah. Ngendika Allah:

 

وَٱلَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَٰجِنَا وَذُرِّيَّٰتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَٱجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا 

Artosipun: “Lan wong-wong kang padha matur: Duh pengeran kula mugi Panjenegan paring dhumateng kula karesepaning mripat ningali dhateng semah- semah lan anak turun kula, lan mugi panjenengan ndadosna kula dados panutan ing tiyang- tiyang ingkang taqwa.” (Al- Furqan:74)

 

Ayat punika mratelaaken bilih manungsa punika lumrahipun ngajeng- ajeng jejodohan ingkang sae. Amargi semah ingkang sae punika saget dados panglipur ing manah, saget andadosaken ayem Tentrem suka bahagia. Punapa malih menawi lajeng kaparingan anak turun ingkang sae shalih lan shalihah, estu punika sampun pikantuk kabegjan ing dunya bebasanipun baiti janati (griya menika sampun kados surga).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mbangun keluarga ingkang sakinah punika saget kalampah menawi ing antawisipun pasangan sami njagi raos tresna tinresnan. Tresna- tinresnan punika saget tuwuh menawi tiyang kekalih sami Syukur lan nampi kanthi Ikhlas kahanan suami utawi estri. Artosipun kadospundi kahananipun semah kedah dipun syukuri lan dipun anggep semahipun punika ingkang paling sae, paling bagus utawi paling ayu, paling pinter, paling gemati.

Mboten pareng ningali kekiranganipun semah lajeng mbanding- mbandingaken Kaliyan tiyang sanes. Amaragi menawi sampun wantun mbandingaken semahipun kaliyan tiyang sanes punika badhe dados sebab lunturipun raos tresna.  Ngendika Allah:

هُنَّ لِبَاسٌ لَّكُمْ وَاَنْتُمْ لِبَاسٌ لَّهُنَّ

Artosipun: “Deweke iku minangka sandangan tumrap sira lan sira minangka sandangan tumrap deweke..” (Al- Baqarah:187).

Ayat punika suka dhawuh bilih jejodohan punika kadosdene ageman, suami punika agemanipun estri lan estri punika agemanipun suami. Kanthi ageman manungsa saget kajagi lan katutup auratipun. Artosipun suami- estri punika kedhah tansah nutupi lan njangkepi mbokmenawi wonten kirangipun. Kirangipun tiyang jaler kedhah dipun tutupi lan dipun jangkepi tiyang estri mekaten ugi kosok wangsulipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Saking ayat punika ugi dipun pendet piwucal bilih tiyang jejodohan punika mboten wonten ingkang sampurna utawi ideal. Lumrahipun wonten mawon cacat utawi kekirangan ing antawisipun pasangan suami estri. Mila perkawis punika kedhah dipun mangertosi lan dipun pahami kanthi leres. Sepindah malih kekirangan pasangan punika lumrah, menawi pados ingkang sampurna mboten badhe kepanggih amargi mboten wonten. Manungsa punika papanipun kirang lan cacat ingkang sampurna punika namung Gusti Allah.

Saklajengipun, rikala nglampahi dinten- dinten mbangun bale wisma punika kedah dipun katahi raos Syukur. Saben dinten ingkang dipun angen-angen punika saenipun semah. Mboten pareng kula lan panjenengan menggalih utawi ngagen- angen awonipun lan kekiranganipun.  Menawi kula lan panjenengan saget nglampahi tuntunan punika insyallah bale wisma kula lan panjenengan badhe Sakinah mawadah warahmah. amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،

 إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ

 وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى , رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم