Teks Khutbah Jumat Singkat

Ikhlas

Ustadz  Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kenikmatan dumateng sedaya umat ipun saenggo wonten siang puniko kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tenggo syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang puniko khatib berwasiat sumonggo kita tingkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing Al Quran Allah SWT paring pangandikan wigatosipun ikhlas. Ikhlas mujudaken sebab amal ibadah dipun tampi Allah. Ikhlas mujudaken sebab Allah SWT nresnani kawulanipun. Lan ikhlas mujudaken sebab Allah SWT paring ridha dumateng kawulanipun. Allah ngendika:

وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حُنَفَاءَ وَيُقِيمُوا الصَّلَاةَ وَيُؤْتُوا الزَّكَاةَ ۚ وَذَٰلِكَ دِينُ الْقَيِّمَةِ

Artosipun: “Lan manungsa iku ora dididawuhi kejaba supaya nyembah Allah kanti ngikhlasake agama (pangibadahan) marang Allah lan kanti lurus, lan supaya njejegake salat, lan mbayar zakat kang mengkono iku agama sing lempeng”. (QS. AL Bayinah ayat :5)

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Katah sanget kautamanipun ikhlas, ing antawisipun:

1.      Wonten ing kitab Shahih Jamius Shaghir dipun ngendikaaken bilih sinten ingkang ngucap laa ilaha illallah kanti ikhlas bade dipun bikakaken lawang- lawang langit, dipun ngapura dosanipun lan dipun haramaken mlebet neraka.

2.      Wonten ing kitab hadits Shahih Muslim dipun ngendikaaken: sinten ingkang wudu kanti ikhlas bade dipun ngapura dosa- dosanipun.

3.      Wonten kitab Shahih Buhari lan Muslim dipun ngendikaaken: sinten ingkang tindak salat berjamaah wonten masjid kanti ikhlas mila saben langkahipun bade ngangkat derajat lan nglebur kesalahanipun. Mekaten ugi para malaikat bade bershalwat lan nyuwunaken pangapura dumateng tiyang kasebat.

4.      Wonten kitab Shahih Buhari dipun ngendikaaken: sinten ingkang nindakaken shiyam ramadhan kanti ikhlas bade dipun ngapura dosa- dosanipun ingkang sampun kapungkur.

5.      Wonten kitab Shahih Buhari lan Muslim dipun ngendikaaken: sinten ingkang shadaqah kanti ihklas mila bade dipun lebetaken 7 golongan tiyang ingkang pikantuk perlindungan wonten ing dinten kiyamat.

Lan tasih katah malih kautaman amalan ingkang katindaaken kanti ikhlas.

Imam Al Ghazali ngendika: “Amal kang sitik, kang slamet saka riya utawa ujub, amal kang sitik iku mau dibarengi ikhlas mula ana ing ngarsane Allah banget gedene.”

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Tiyang ingkang ikhlas utawi mukhlis punika panci tiyang ingkang dipun pilih Allah SWT. Sumongga kita tansah ndedonga mugi- mugi kita pinaringan taufik dening Allah SWT sahingga saget ngamal kanti ikhlas.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم