Teks Khutbah Jumat Singkat

Ketiga Dawa

Ustadz  Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Ketiga dawa ingkang saweg lumampah punika kedahipun dados bahan muhasabah sedaya warga Masyarakat kalebet kula lan panjenengan. Mangsa ketiga ingkang ngantos andadosaken musibah kekeringan punika panci takdiripun Allah, ananging ugi pepiling kagem kula lan panjenengan ingkang sampun mboten njagi kelestantunan alam.

Ngendika Allah:

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الَّذِيْ عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ

Wus nyata karusakan ana ing dharatan lan ana ing lautan kang disebabake tindake tangane manungsa, jalaran Allah karsa angicipake saweneh saka akibat kang wus pada ditindakake, muga- muga wong- wong mau pada bali marang dalan kang bener” (Ar- Rum:41).

Wonten tafsir Al- Quran Al- Azim ngendika Ibnu Katsir: “Abul Aliyah ngendika: sing sapa wonge durhaka marang Allah ana ing bumi, mula deweke iku wus tumindak kerusakan ana ing daratan lan lautan. Amarga lestarine bumi iku katindakna kanthi taat marang Allah. Taate manungsa marang hukum- hukume Allah kanthi ninggalake maksiyat iku dadi sebab lestarine tatanan langit lan bumi. Ananging durhakane manungsa kanthi nglirwaake dhawuhe Allah mula iku dadi sebab rusake tatanan langit lan bumi”.

Muhasabah ingkang dipun kersaaken ayat ing nginggil, kula lan panjenengan kedah koreksi diri babagan srawung dhateng Allah (habluminallah) lan srawung kita dhateng sesami (habluminannas) kalebet srawung kaliyan alam sekitar. Allah SWT sampun nitahaken kula lan panjenegan wonten ing saklumahing bumi punika pinangka Abdullah lah khalifah. Maksud jejibahan abdullah inggih punika supados kula lan panjenengan manembah dhateng Allah kanthi nindakaken dhawuh lan nebihi awisan. Maksud jejibahan dados khalifah supados kula lan panjenengan dados patuladhan njagi lestantunipun pasrawungi ing antawisipun umat manungsa lan lestantunipun tatanan alam.

Jamaah jumah rahimakumullah

Menawi kula lan panjenengan kersa jujur, estu wekdal sakpunika sampun kathah tumindak umat manungsa ingkang ngrusak lestantunipun alam. Wonten pundi papan panggenan sampun katah wit- witan ingkang dipun tebangi. Hutan lan alas dipun risak dipun dadosaken papan bisnis, pabrik, Perusahaan lan sanes- sanesipun. Menawi eksploitasi punika dipun terusaken, mila alam bade risak, bumi bade gersang lan musibah bade dumawah.

Akibat saking risakipun alam badhe ngrisak siklus air utawi siklus hidrologi. Siklus hidrologi ingkang sehat kedahipun lumampah kanthi normal. Toya saking awan mandap wonten bumi mawi jawah, lajeng ngalir wonten gunung- gunung, hutan- hutan lajeng wonten kali ngantos dumugi laut lan dados uap minggah wonten langit. Awan wonten langit banjur numurunaken jawah. Ananging wekdal sakpunika siklus hidrologi sampun mboten normal sahingga krisis air bersih kedadosan wonten ing pundi- pundi papan.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kansunyatan krisis air bersih wekdal punika sampun dumugi pundi- pundi, mila kula lan panjenegan kedah sami koreksi diri lajeng ndandosi habluminallah, habluminannas lan njagi lestantunipun alam. Ngendika Allah:

قُلۡ اَرَءَيۡتُمۡ اِنۡ اَصۡبَحَ مَآؤُكُمۡ غَوۡرًا فَمَنۡ يَّاۡتِيۡكُمۡ بِمَآءٍ مَّعِيۡنٍ

Terangna (Muhammad): Kepriye panemu sira, manawa sumber banyu kang sira gunake iku pada asat? . Mula sapa kang bisa paring bayu kang mili marang sira kabeh?” (Al- Mulk:30).

Ayat punika tumurun dhateng tiyang- tiyang musyrik mekah ingkang jaman rumiyin nyembah berhala lan remen damel kerisakan wonten ing bumi arab. Allah ngajak tetiyang musyrik punika menggalih menawi sedaya toya ingkang wonten bumi arab asat, banjur mboten wonten sarana kagem ngunjuk, mboten wonten sarana kagem kabetahan gesang lang mboten wonten sarana kagem nguripi kewan ternak. Allah tanglet kinten kinten para berhala ingkang dipunsembah punapa saget paring toya?. Temtu Allah mboten mbetahaken wangsulan arupi jawaban lisan, ananging supados tiyang musyrik menggalih bilih lampah gesangipun punika lepat lan keblinger.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sanadyan khitab ingkang dipun tuju ayat punika tiyang musyrik arab, sejatosipun hukum ayat punika umum dhumateng sedaya umat manungsa kalebet kula lan panjenengan. Artosipun kula lan panjenengan mboten sakmestinipun terus- terusan durhaka dhateng Allah lan ngrisak alam. Kedahipun kula lan panjenegan sadar lajeng enggal enggal ndandosi pangibadahan dhumateng Allah. Amargi namung kanthi cara punika alam saget dipun jagi lestantunipun.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah ingkang khatib aturaken siang punika, mugi kula lan panjenengan kalebet tiyang- tiyang ingkang saget koreksi diri lan wangsul dhateng mergi ingkang leres. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم