Teks Khutbah Jumat Singkat

Pegatan

Ustadz  Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah SWT tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Lumrahipun tiyang mbangun bale wisma punika panjangkanipun atut runtut ngantos kaken- ninen. Saben tiyang mesthi ngersaaken bale wismanipun rukun, ayem lan Bahagia utawi Sakinah mawadah warahmah. Mboten wonten ingkang ngersaaken bale griyanipun risak napa malih pegatan. Pegatan punika kalebet perkawis ingkang dipun sengiti Allah lan Rasulipun. Ngendika Rasulullah:

أَبْغَضُ الْحَلَالِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى الطَّلَاقُ

Perkara halal kang disengiti dening Allah yaiku pegatan” (HR. Abu Dawud).

Pegatan punika makruh utawi dipun sengiti dening Allah lan rasulipun amargi mboten netepi tujuan mbangun bale wisma. Tujuan tetiyang mbangun bale wisma punika supados saget nggayuh panggesangan Sakinah lan kaparingan putra- putri ingkang shalih sahlihah. Mila pegatan punika ngrisak tujuan utami saking pernikahan.

Ngendika Allah Subhaanahu Wa Ta’ala:

وَإِنْ عَزَمُوا الطَّلاَقَ فَإِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ

Lan menawa deweke aduweni niyat megat marang wadone, mula sanyata Allah iku Maha Midanget sarta Maha Wikan.” (Al- Baqarah:227).

Ayat punika pinangka ancaman ingkang ceta saking Allah SWT tumrap tetiyang ingkang pegatan. Mila pegatan punika estu perkawis ingkang dipun sengiti Allah mekaten miterat Muhammad Bin Shalih Al- Utsaimin.

Saksanesipun perkawis ingkang makruh utawi dipunsengiti, akibat saking pegatan punika awon sanget. Mboten namung pupusipun sesambetan ingantawisipun suami lan estri, anagging ugi saget andadosaken pupusipun sesambetan keluarga besan. Nopo malih menawi sampun kagungan lare, mila lare ugi dados korban saking pegatan.

Miterat Muhammad Bagir wonten ing kitab Muamalah menurut Al-Quran, Sunnah dan Para Ulama Sanadyan islam mboten ngawisi pegatan ananging pegatan kalebet perkawis ingkang dipun sengiti.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Islam suka dhawuh menawi kadadosan pasulayan ingantawisipun suami lan estri ingkang ngarah dhateng pegatan lajeng mboten saget dipun rampungi dening suami lan estri, mila kepareng nyuwun pambiyantu saking pihak keluarga ingkang caket kagem paring nasehat lan saran. Ngendika Allah:

وَإِنْ خِفْتُمْ شِقَاقَ بَيْنِهِمَا فَٱبْعَثُوا۟ حَكَمًا مِّنْ أَهْلِهِۦ وَحَكَمًا مِّنْ أَهْلِهَآ إِن يُرِيدَآ إِصْلَٰحًا يُوَفِّقِ ٱللَّهُ بَيْنَهُمَآ ۗ إِنَّ ٱللَّهَ كَانَ عَلِيمًا خَبِيرًا

Manawa sira kuatir ing antarane lanang lan wadon ana pasulayan, mula sira pada angutusa juru pamisah saka kang lanang lan sijine maneh saka kang wadon. Manawa juru pamisah loro mau karep agawe becik, Allah karsa paring pitulung marang wong loro mau, sanyata Allah iku Maha Wikan sarta Maha Waspada” (An- Nisa:35).

Pegatan punika dipun keparenganken ing islam menawi sampun mboten pikantuk margi kagem akur ing antawisipun suami lan estri. Utawi suami lan estri sampun mboten saget malih dipun kempalaken. Menawi dados setunggal kok malah tansaya katah mudharatipun mila pegatan mujudaken margi ingkang pungkasan. Ananging kedhah dipun upadi margi damai lan mediasi ing antawisipun kalih keluarga kagem madosi solusi, mekaten miterat imam mazdhab kadosdene Imam As- Syafi’i.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken siang punika mugi Allah tansah paring hidayah lan taufiq satemah kula lan panjenengan saget lumampah wonten ing margi ingkang dipun ridhai Allah SWT. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،

 إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ

 وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى , رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

أحدث أقدم