Teks Khutbah Jumat Singkat

Awon lan Sae

Ustadz  Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk Syukur dumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring kanikmatan dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis shalat jumah kanthi kebak ing kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamah jumah rahimakumullah

Lumrahipun saben tiyang punika kepingin kesaenan lan tinebih saking perkawis awon. Amargi remen dhateng kesaenan lajeng ngupadi lampah nyinaoni kesaenan, Latihan tumindhak sae lan remen srawung kaliyan tiyang- tiyang sae  punika pertanda bilih tasih leres fitrahipun. Mekaten ugi mesti kula lan panjenengan mboten remen dhateng perkawis ingkang awon, nindhaaken perkawis awon lan srawung kaliyan tetiyang awon.

Sanadyan wonten rikalanipun kula lan panjenengan dereng saget mbentenaken pundi perkawis ingkang sae lan pundi ingkang awon. Satemah wonten mawon tetiyang ingkang tumindhak awon ananging mboten rumaos bilih punika sejatosipun awon. Mila wonten mimbar khutbah siang punika kepareng khatib aturaken seperangan keterangan punapa perkawis sae lan awon punika.

Ngendika Allah Ta’ala:

قُلْ لَّا يَسْتَوِى الْخَبِيْثُ وَالطَّيِّبُ وَلَوْ اَعْجَبَكَ كَثْرَةُ الْخَبِيْثِۚ فَاتَّقُوا اللّٰهَ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

“Dhawuha sira Muhammad: Ora pada barang kang ala lan barang kang becik iku, sanajan barang kang ala mau gawe gumun sira kabeh jalaran saka akehe. Mula sira wong- wong kang pada duwe akal pada wedia marang Allah, supaya sira kabeh olah kabegjan.” (Al- Maidah:100).

Abdurrahman bin Nashir As- Sa’di wonten tafsiripun ngendika: “Ayat iku dhawuh marang manungsa supaya pada nindhake kabecikan lan ninggalke perkara ala. Amarga becik lan ala iku beda kaya bedane iman lan kafir, taat lan maksiyat, surga lan neraka. Nindhake laku becik sanadyan mung sepele lan ora digatekake wong iku luwih utama tinimbang nindhake laku ala kang disenegi lan digumuni wong liya. Perkara ala iku ora ana manfaate malah bakal andadekake kapitunan marang pelakune ing dunya lan akhirat.

Quraish Shihab ngendika: “Surat Al- Maidah ayat 100, iku keterangan menawa Allah iku pengeran Kang kuasa nemtokake hukum lan aturan. Mula apa wae kang didhawuhake iku kalebu perkara becik la napa wae kang dilarang iku kalebu perkara kang ala.

Jamah jumah rahimakumullah

Lajeng kadospundi caranipun mbentenaken perkawis ingkang sae lan awon?

Ngendika Rasulullah:

فَإِنَّ الخَيْرَ طُمَأْنِيْنَةٌ وَإِنَّ الشَّرَّ رِيْبَةٌ

“Perkara kang becik iku kang bisa andadekake tentreming ati, lan perkara kang ala iku kang ndadekake susahing ati.” (HR. Al- Hakim).

Wonten hadits sanes nabi ngendika:

مَنْ يُرِدِ اللَّهُ بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهْهُ فِى الدِّينِ

“Sapa kang dikersaake Allah kabecikan mula bakal dipahamke perkara agama”. (HR. Bukhari & Muslim).

Jamah jumah rahimakumullah

Saking keterangan hadits- hadits ing nginggil suka keterangan bilih kesaenan punika punapa kemawon ingkang dipun dawuhaken Allah lan rasulipun. Lan Perkawis awon punika punapa kemawon ingkang dipun awisi Allah lan rasulipun.

Mila kanti punika sumangga kula lan panjenengan tansah remen sinau kesaenan, nindhakaken kesaenan lan srawung kaliyan tiyang- tiyang sae. Mekaten ugi sumangga kula lan panjenengan tansah nebihi perkawis ingkang awon ing panggesangan punika.

Mugi Allah Ta’ala tansah ndadosaken kula lan panjenengan kawulanipun ingkang istiqamah lumampah wonten ing margi ingkang sae. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ  

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم