Teks Khutbah Jumat Singkat

KautamanIstighfar

Ustadz  Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumagga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala, awit sedaya nikmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah kunjuk dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Sejatosipun Allah Ta’ala sampun paring katah margi dhateng umat manungsa kagem tumuju kamulyan. Margi kasebat inggih punika amalan- amalan ingkang dipun tuntunaken wonten ing kitab suci Al- quran. Rasulullah SAW ugi sampun paring pitedhah supados sedaya kaum muslimin tansah remen lumampah wonten ing margi ingkang dipun kabaraken Allah wonten kitabipun. Salah setunggal margi ingkang saget ndumugiaken manungsa dhateng kesaenan inggih punika kanthi remen maos istighfar.

Mila wonten mimbar jumat siang punika khatib kepareng ngaturaken seperangan kautaman istighfar.

 

1.     Istighfar sebab dipun ngapura dosa lan kaluputan

Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika:

وَمَنْ يَعْمَلْ سُوءًا أَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهُ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللَّهَ يَجِدِ اللَّهَ غَفُورًا رَحِيمًا.

“Lan sing sapa nindakake laku ala, utawa nganiyaya marang awake dewe, nuli dheweke enggal nyuwun ngapura ing Allah, Mula satemene dheweke nemu ing Allah Allah Maha Ngapura sarta Maha Asih.” [An-Nisa`: 110]

Ayat punika suka dawuh agungipun kautaman istighfar, estu sinten tiyang ingkang rikalanipun tumindak awon lajeng emut dhateng Allah banjur nyuwun pangapura mila Allah badhe paring pangapura marang tiyang kasebat.

Ngendika Rasulullah SAW:

قَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: لِكُلِّ دَاءٍ دَوَاءٌ وَدَوَاءُ الذُّنُوْبِ الْاِسْتِغْفَارُ

Saben penyakit iku mesti ana obate, lan obat saka penyakit kang arane dosa yaiku istighfar”. (HR. Imam Ad Dailami).

 

2.     Istighfar pambuka margi Rejeki

Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika njelasaken dakwahipun Nabi Nuh ‘alaihis salam dateng kaumipun:

فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّارًا. يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُمْ مِدْرَارًا. وَيُمْدِدْكُمْ بِأَمْوَالٍ وَبَنِينَ وَيَجْعَلْ لَكُمْ جَنَّاتٍ وَيَجْعَلْ لَكُمْ أَنْهَارًا.

“Mula sampun kula dhawuhaken: sira pada enggal nyuwuna pangapura marang Allah Pangeranira! Jalaran satemene Panjenengane iku remen paring pangaksama. Yekti Allah bakal anurunake udan deres marang sira kabeh. Sarta paring ngakehake bandha lan anak marang sira kabeh, sarta paring pakebonan lan kali- kali marang sira kabeh. [Nuh: 10-12]

 Ayat punika pitedah bilih istighfar pinangka sebab tumurunipun toya jawah saking langit, kanti tumurunipun jawah temtu siti bahde subur, saget nuwuhaken mawerni- werni tetuwuhan. Suburipun bumi kanthi gesangipun sedaya taneman punika sebab badhe gampilipun umat manungsa pados sandang pangan. Mila istigfar punika amalan utama ingkang saget mbikak lawang rejeki wonten langit lan bumi.

  

3.     Istighfar sebab dipuntebihaken saking musibah

Allah paring dawuh wonten  Surat Al-Anfal 33 :

وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنْتَ فِيهِمْ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ

“Allah ora bakal nyiksa wong-wong iku selagine sliramu (Muhammad) ana ing satengahe wong-wong iku. Lan Allah ora bakal nyiksa wong-wong iku selagine wong-wong iku padha gelem Istighfar (njaluk ngapura)” (QS Al-Anfal: 33).

Kautaman ingkang kaping 3 punika estu wigatos, amargi saben kula lan panjenengan mesti kepingin gesangipun ayem, tinebih saking musibah lan bencana. Mila setunggal margi ingkang dipun dawuhaken Allah supados kula lan panjenengan tansah tinebih saking sedaya musibah inggih punika kanthi ngatah- ngatahi istighfar dumateng Allah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah ingkang khatib aturaken siang punika, mugi kula lan panjenengan tansah kagolong tiyang- tiyang ingkang remen maos istighfar dumateng Allah, satemah Allah tansah paring katah kautaman dumateng kula lan panjenengan. Amiin.

 

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم