Teks Khutbah Jumat Singkat

Rejeki Ingkang Berkah

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk Syukur dumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring kanikmatan dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis shalat jumah kanthi kebak ing kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Saben makhluk ingkang tinitah wonten dunya punika sampun dipun jamin rejekinipun. Allah sampun nyawisaken jatah rejeki sedaya makhlukipun kalebet kula lan panjenengan tebih sakderengipun Allah ngripta langit lan bumi. Ngendika Allah SWT:

    وَمَا مِنْ دَاۤبَّةٍ فِى الْاَرْضِ اِلَّا عَلَى اللّٰهِ رِزْقُهَا  

 Lan ora ana gegremet kang urip ana ing bumi kejaba rejekine wus ditanggung dening Allah… “ (Hud: 6)

Rejeki punika mboten bade klentu, ketuker napa malih kapundut tiyang sanes. Sedaya sampun kaserat kanthi ceta jatah rejekinipun piyambak- piyambak. Ngendika Imam Syafii:

عَلِمْتُ أَنَّ رِزْقِي لَا يَأْكُلُهُ غَيْرِي فَاطْمَأَنَّ بَالِي

Kanthi aku yakin menawa rejekiku ora bakal kepangan dening wong liya mula kang mengkono dadi sebab tentreming atiku

Jamah jumah rahimakumullah

Kanthi punika kula lan panjenengan mboten perlu kuwatos menggah wonten lan mbotenipun rejeki. Sauger tasih pinaringan yuswa mila mesthi jatah rejeki punika tasih bahde dipun paringaken dhateng kula lan panjenengan. Ananging ingkang kedah kula lan panjenengan kuwatosaken punika babagan barakah lan mbotenipun rejeki ingkang kita agem. Mila wonten mimbar khutbah siang punika badhe khatib aturaken ciri- ciri rejeki ingkang barakah.

1.     Dipun upadi kanthi margi halal

Ciri utama rejeki ingkang barakah inggih punika menawi nggayuhipun kanthi lampah ingkang sae, makarya ingkang sae, utawi usaha ingkang halal. Amargi ikhtiyar nggayuh rejeki kanthi margi ingkang dipun leresaken dening syariat punika lampah kagem ndumugiaken rejeki barakah. Ngendika Allah:

يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ كُلُوْا مِمَّا فِى الْاَرْضِ حَلٰلًا طَيِّبًا ۖوَّلَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ اِنَّه لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِيْنٌ

 He para manungsa, sira pada mangana apa kang ana ing bumi kang halal lan becik lan aja pada nuruti tindhak tanduke syetan amarga setan iku mungsuh kang nyata tumrap sira kabeh” (Al- Baqarah:168).

2.     Saget mbekta kula lan panjenengan tumuju dhateng taqwa.

Ingkang kaping kalih cirinipun rejeki ingkang barakah punika menawi saget mbekta kula lan panjenengan tansaya caket dhumateng Allah. Menawi rejeki ingkang kula lan panjenengan agem saget andadsoaken entengipun lampah tumuju masjid kagem sinau agami kagem shalat jamaah mila rejeki punika estu kalebet rejeki barakah. Menawi rejeki ingkang kula lan panjenengan agem saget nuwuhaken raos perduli dhateng sesami lajeng remen shadaqah mila rejeki punika kalebet rejeki ingkang barakah. Ananging menawi rejeki ingkang kula lan panjenengan agem malah andadosaken tansaya tebih saking Allah, males ngibadah, remen foya- foya, cethil, kikir lan pelit mila rejeki punika sanes kalebet rejeki ingkang barakah.

Ngendika Allah:

يٰٓاَيُّهَا الرُّسُلُ كُلُوْا مِنَ الطَّيِّبٰتِ وَاعْمَلُوْا صَالِحًاۗ اِنِّيْ بِمَا تَعْمَلُوْنَ عَلِيْمٌ   ۗ

He para rasul, sira pada mangana barang kang becik- becik lan pada nindhakna amal kabecikan… “ (Al- Mukminun: 51)

Jamah jumah rahimakumullah

Mila kanti punika kewajiban kula lan panjenegan sejatosipun kedhah ngupadi rejeki ingkang barakah. Amargi rejeki ingkang barakah punika syarat utama kesaenan lan kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat.

Akhiripun mugi Allah tansah paring iman, satemah kula lan panjenengan saget ngupadi rejeki ingkang halal ingkang saget ndumugiaken kamulnya panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

 

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ  

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم