Teks Khutbah Jumat Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jum’ah
rahimakumullah
Sumangga tansah ningkataken
taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindhakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi
sedaya awisanipun. Mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan wonten ing
dunya lan akhirat. Amiin
Jamaah jum’ah
rahimakumullah
Raosipun nembe kemawon kula
lan panjenengan lumebet wonten warsa enggal 2023, ananging mboten keraos wekdal
sakmenika sampun dumugi akhir wulan Desember warsa 2023. Artosipun sekedap
malih kula lan panjenengan badhe lumebet wonten warsa enggal 2024 miladiyah
utawi masehi. Estu, wekdal lumampah kanthi cepet mboten keraos yuswa tansaya
tambah ingmangka amalan dereng sepintena ingkang dipun lampahi. Ngendika Allah:
اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ
وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۙ
“Sanyata ana ing tumitahing
langit lan bumi, lan gilir gumantine rina kalawan wengi iku dadi tandha tumrap
wong kang nduweni akal”. (Ali Imran:190).
Ayat punika dhawuh supados
kula lan panjenengan sesarengan menggalih, mikiraken kawontenan alam donya.
Dunya punika fana mboten langgeng lan kekal. Dunya punika cepet sanget
lumampahipun rinten gantos dalu, dinten gantos pekanan, wulan gantos warsa.
Mboten sakmestinipun kula lan panjenengan namung eca sekeca lelengahan tanpa
menggalih sangu kagem mangayubagya panggesangan ingkang langgeng wonten ing
akhirat.
Ngendika Umar Bin Abdul
Azis: “Nggunake lisan kanggo dzikir marang Allah iku
becik, ananging tafakur mikirake nikmat lan kuasane Allah iku luwih becik”.
Ngendika Al-Fudhail: “Mikir
iku ibarat ngaca (bercermin), kang bisa ngetaraake tumindhak becik lan
tumindhak ala sira”.
Ngendika Sufyan Ibnu
Uyainah:
إِذَا الْمَرْءُ كَانَتْ لَهُ
فِكْرَةٌ ... فِفِي كُلِّ شَيْءٍ لَهُ عِبْرَةٌ
“Menawa wong iku gelem
nggunaake pikirane, mula deweke bisa oleh piwulang saka saben lelakon”.
Jamaah jum’ah
rahimakumullah
Mila sumangga kula lan
panjenengan sesarengan tafakur lan koreksi diri kadospundi lampah gesang ing
tahun 2023. Sepinten dhawuhipun Allah ingkang sampun kula lan panjenengan
lampahi, lan tasih sepinten katahipun awisanipun Allah ingkang tasih dipun
langgar. Amargi kanthi koreksi diri kula lan panjenengan saget ngukur kualitas
iman lan amal ingkang dipun lampahi.
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟
ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ
ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ
“He
para wong mukmin, pada wedia sira marang Allah, lan kudune saben sira pada
koreksi diri apa kang wus dilakoni kanggo sangu ing dina sesuk. Lan pada wedia
marang Allah, sanyatane Allah iku Maha Waspada marang kang sira lakoni”. (Al- Hasyr:18).
Ayat ing nginggil suka
dhawuh bilih koreksi diri utawi muhasabah punika cirinipun tiyang ingkang
taqwa. Amargi namung tiyang taqwa ingkang saget mendet piwucal saking kedadosan
ing wekdal kala wingi kagem ibrah ingwekdal ingkang badhe dhateng. Ngendika Maimun
bin Mahran:
لَا يَكُوْنُ الْعَبْدُ مِنَ
الْمُتَّقِيْنَ حَتَّى يُحَاسِبَ نَفْسَهُ
“Durung
bisa disebut wong takwa menawa sawijine wong iku durung bisa koreksi diri/
muhasabah”
Jamaah jum’ah
rahimakumullah
Mila sumangga kula lan
panjenengan sesarengan muhasabah ing akhir warsa punika kagem nyiapaken sedaya
ama ling warsa ingkang badhe dhateng.
Mugi Allah SWT tansah
paring taufik satemah kula lan panjenengan saget kalebet kawulanipun ingkang
pikantuk kabejan ing dunya lan akhirat.
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ
للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ
اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اللهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ
إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا
هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا
آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar