Teks Khutbah Jumat Singkat

Mangayubagya Warsa Enggal

Ustadz  Wismanto

 


Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT kanthi nindhakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanthi taqwa Allah tansah paring kamulyan wonten ing dunya lan akhirat. Amiin

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Raosipun nembe kemawon kula lan panjenengan lumebet wonten warsa enggal 2023, ananging mboten keraos wekdal sakmenika sampun dumugi akhir wulan Desember warsa 2023. Artosipun sekedap malih kula lan panjenengan badhe lumebet wonten warsa enggal 2024 miladiyah utawi masehi. Estu, wekdal lumampah kanthi cepet mboten keraos yuswa tansaya tambah ingmangka amalan dereng sepintena ingkang dipun lampahi. Ngendika Allah:

اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۙ

“Sanyata ana ing tumitahing langit lan bumi, lan gilir gumantine rina kalawan wengi iku dadi tandha tumrap wong kang nduweni akal”. (Ali Imran:190).

Ayat punika dhawuh supados kula lan panjenengan sesarengan menggalih, mikiraken kawontenan alam donya. Dunya punika fana mboten langgeng lan kekal. Dunya punika cepet sanget lumampahipun rinten gantos dalu, dinten gantos pekanan, wulan gantos warsa. Mboten sakmestinipun kula lan panjenengan namung eca sekeca lelengahan tanpa menggalih sangu kagem mangayubagya panggesangan ingkang langgeng wonten ing akhirat.

Ngendika Umar Bin Abdul Azis: “Nggunake lisan kanggo dzikir marang Allah iku becik, ananging tafakur mikirake nikmat lan kuasane Allah iku luwih becik”.

Ngendika Al-Fudhail: “Mikir iku ibarat ngaca (bercermin), kang bisa ngetaraake tumindhak becik lan tumindhak ala sira”.

Ngendika Sufyan Ibnu Uyainah:

إِذَا الْمَرْءُ كَانَتْ لَهُ فِكْرَةٌ ... فِفِي كُلِّ شَيْءٍ لَهُ عِبْرَةٌ

“Menawa wong iku gelem nggunaake pikirane, mula deweke bisa oleh piwulang saka saben lelakon”.

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenengan sesarengan tafakur lan koreksi diri kadospundi lampah gesang ing tahun 2023. Sepinten dhawuhipun Allah ingkang sampun kula lan panjenengan lampahi, lan tasih sepinten katahipun awisanipun Allah ingkang tasih dipun langgar. Amargi kanthi koreksi diri kula lan panjenengan saget ngukur kualitas iman lan amal ingkang dipun lampahi.

يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ

He para wong mukmin, pada wedia sira marang Allah, lan kudune saben sira pada koreksi diri apa kang wus dilakoni kanggo sangu ing dina sesuk. Lan pada wedia marang Allah, sanyatane Allah iku Maha Waspada marang kang sira lakoni”. (Al- Hasyr:18).

Ayat ing nginggil suka dhawuh bilih koreksi diri utawi muhasabah punika cirinipun tiyang ingkang taqwa. Amargi namung tiyang taqwa ingkang saget mendet piwucal saking kedadosan ing wekdal kala wingi kagem ibrah ingwekdal ingkang badhe dhateng. Ngendika Maimun bin Mahran:

لَا يَكُوْنُ الْعَبْدُ مِنَ الْمُتَّقِيْنَ حَتَّى يُحَاسِبَ نَفْسَهُ

Durung bisa disebut wong takwa menawa sawijine wong iku durung bisa koreksi diri/ muhasabah”

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenengan sesarengan muhasabah ing akhir warsa punika kagem nyiapaken sedaya ama ling warsa ingkang badhe dhateng.

Mugi Allah SWT tansah paring taufik satemah kula lan panjenengan saget kalebet kawulanipun ingkang pikantuk kabejan ing dunya lan akhirat.

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ  

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

أحدث أقدم