Teks Khutbah Jumat Singkat

Manisipun Iman

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk Syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat dhumateng sedaya umatipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis shalat jumah kanthi kebaking kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamah jumah rahimakumullah

Mboten saben tiyang pinaringan nikmat iman, namung tetiyang ingkang pinilih kemawon ingkang dipun kersaaken Allah pinaringan nikmat agung kasebat. Nikmat iman punika anugerah ingkang paling awis tinimbang anugerah- anugerah sanesipun. Amargi iman punika pinangka sebab dumuginipun sedaya kesaenan lan kamulyan panggesangan. Lan saking tetiyang ingkang pinilih dening Allah pinaringan nikmat iman punika mboten sedaya saget ngraosaken nikmat lan manisipun iman. Tetiyang ingkang saget ngraosaken manisipun iman punika temtunipun tiyang ingkang istimewa mungguhipun Allah. Mila wonten mimbar khutbah siang punika kepareng badhe kula aturaken seperangan piwucal nabi supados kula lan panjenengan saget ngraosaken manisipun iman. Ngendika Rasulullah SAW:

ثَلاَثٌ مَنْ كُنَّ فِيهِ وَجَدَ حَلاَوَةَ الإِيمَانِ أَنْ يَكُونَ اللَّهُ وَرَسُولُهُ أَحَبَّ إِلَيْهِ مِمَّا سِوَاهُمَا ، وَأَنْ يُحِبَّ الْمَرْءَ لاَ يُحِبُّهُ إِلاَّ لِلَّهِ ، وَأَنْ يَكْرَهَ أَنْ يَعُودَ فِى الْكُفْرِ كَمَا يَكْرَهُ أَنْ يُقْذَفَ فِى النَّارِ

Telung perkara, sapa kang bisa ngelakoni yekti bisa ngrasaake manising iman; Menawa Allah lan rasule luwih ditresnani tinimbang liyane, menawa anggone nresnani wong liya iku amung amarga Allah, menawa nduweni rasa sengit bali marang kekufuran kayadene sengite menawa diseret ana ing geni (neraka).” (HR. Bukhari lan Muslim).

Saking hadits ing nginggil ceta sanget bilih wonten 3 perkawis, menawi kula lan panjenegan saget nglampahi mila estu saget ngraosaken manisipun iman.

 

Sepisan, nresnani Allah lan rasulipun nglangkungi katresnan dateng sanesipun.

Tresna dumateng Allah lan rasul punika saget nuwuhaken kekiatan nindakaken dawuh- dawuhipun Allah. Lumrahipun tiyang ingkang tresna dateng garwa lan putra punika kersa nindakaken punapa kemawon panyuwunanipun garwa utawi putranipun. Sedaya lampah dipun upadi kanthi Ikhlas, lila legawa amrih remenipun garwa lan putra. Mekaten ugi menawi saget nresani Allah lan rasul lumrahipun sagah nindhakaken punapa kemawon ingkang dipun kersaaken Allah lan rasul. Sedaya dhawuh Allah lan rasulipun mesthi dipun tindhakaken kanthi suka Bahagia. Sahingga tiyang ingkang tresna dhateng Allah lan rasulipun saget nindhakaken ibadah shalat, shiyam, infak, shadaqah, amar ma’ruf nahi munkar lan sedaya amal ibadah kanthi entheng. Amargi tresna ingkang estu punika ingkang kabuktekaken kanthi amal lan pangorbanan. Ngendika Allah:

قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّـهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّـهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ

“Dhawuha sira Muhammad: menawa sira pada tresna marang Allah mula pada andhereka ing aku, yekti Allah bakal tresna marang sira lan bakal ngapura kaluputan- kaluputanira…” (Ali Imran:31).

 Kaping kalih, nresnani tiyang sanes amargi Allah.

Perkawis kaping kalih ingkang saget ndumugiaken manisipun iman menawi kula lan panjenegan tresna dhateng tiyang sanes amargi Allah. Artosipun, tresna kula lan panjenegan dhateng garwa, putra lan rencang punika amargi namung madosi ridhanipun Allah. Kula lan panjenegan nresnani garwa inggih namung amargi madosi tresna lan ridhanipun Allah. Kula lan panjenegan makarya nyekapi nafkah garwa lan putra inggih namung madosi ridhanipun Allah.

Mekaten ugi kula lan panjenegan nresnani tiyang sanes punika mboten amargi bandanipun, jabatanipun, partainipun utawi alasan sanes. Menawi sesambetan muamalah sosial ing masyarakat saget adedasar madosi ridhanipun Allah yekti saget nuwuhaken tatanan ingkang sae. Sesami warga remen ngajak lan ngemutaken babagan perkawis ma’ruf. Lan remen ngreksa badanipun ugi rencanigpun saking perkawis mungkar. Menawi pasederekan lumampah mekaten estu bahde keraos nikmatipun lan manisipun iman.

Kaping tiga, sengit bali marang kekufuran.

Wangsul dhateng tumindak kufur saksampunipun Allah paring hidayah kalebet tumindhak ingkang Nista. Mila tiyang ingkang kaparingan iman lumrahipun nebihi lan ngreksa badanipun saking tumindhak maksiyat. Amargi wangsul dhateng kekufuran punika badhe andadosaken bebendu lan kacilakan. Ngendika Allah:

وَلٰكِنْ مَّنْ شَرَحَ بِالْكُفْرِ صَدْرًا فَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ مِّنَ اللّٰهِ ۗوَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيْمٌ…

“…Ananging sapa wonge jembar atine ngarepi bali marang kekufuran mula wong- wong mau mesti nampa bebenduning Allah lan bakal pekoleh siksa kang pedih”. (AN- Nahl:106)

Jamah jumah rahimakumullah

Mila kanti punika sumangga tansah njagi anugerah iman ingkang sampun kaparingaken punika kanthi estu nyaket dhateng Allah. Mugi kanthi punika kula lan panjenegan tansah kalebet golonganipun tetiyang ingkang saget ngraosaken manisipun iman. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ  

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama