Teks Khutbah Jumat Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ ,اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Sumangga tansah munjuk Syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat dhumateng sedaya umatipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten
majelis shalat jumah kanthi kebaking kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Mboten
saben tiyang pinaringan nikmat iman, namung tetiyang ingkang pinilih kemawon
ingkang dipun kersaaken Allah pinaringan nikmat agung kasebat. Nikmat iman
punika anugerah ingkang paling awis tinimbang anugerah- anugerah sanesipun. Amargi
iman punika pinangka sebab dumuginipun sedaya kesaenan lan kamulyan
panggesangan. Lan saking tetiyang ingkang pinilih dening Allah pinaringan
nikmat iman punika mboten sedaya saget ngraosaken nikmat lan manisipun iman. Tetiyang
ingkang saget ngraosaken manisipun iman punika temtunipun tiyang ingkang
istimewa mungguhipun Allah. Mila wonten mimbar khutbah siang punika kepareng
badhe kula aturaken seperangan piwucal nabi supados kula lan panjenengan saget
ngraosaken manisipun iman. Ngendika Rasulullah SAW:
ثَلاَثٌ مَنْ كُنَّ فِيهِ
وَجَدَ حَلاَوَةَ الإِيمَانِ أَنْ يَكُونَ اللَّهُ وَرَسُولُهُ أَحَبَّ إِلَيْهِ
مِمَّا سِوَاهُمَا ، وَأَنْ يُحِبَّ الْمَرْءَ لاَ يُحِبُّهُ إِلاَّ لِلَّهِ ،
وَأَنْ يَكْرَهَ أَنْ يَعُودَ فِى الْكُفْرِ كَمَا يَكْرَهُ أَنْ يُقْذَفَ فِى
النَّارِ
“Telung
perkara, sapa kang bisa ngelakoni yekti bisa ngrasaake manising iman; Menawa
Allah lan rasule luwih ditresnani tinimbang liyane, menawa anggone nresnani
wong liya iku amung amarga Allah, menawa nduweni rasa sengit bali marang
kekufuran kayadene sengite menawa diseret ana ing geni (neraka).” (HR.
Bukhari lan Muslim).
Saking
hadits ing nginggil ceta sanget bilih wonten 3 perkawis, menawi kula lan
panjenegan saget nglampahi mila estu saget ngraosaken manisipun iman.
Sepisan, nresnani
Allah lan rasulipun nglangkungi katresnan dateng sanesipun.
Tresna
dumateng Allah lan rasul punika saget nuwuhaken kekiatan nindakaken dawuh-
dawuhipun Allah. Lumrahipun tiyang ingkang tresna dateng garwa lan putra punika
kersa nindakaken punapa kemawon panyuwunanipun garwa utawi putranipun. Sedaya
lampah dipun upadi kanthi Ikhlas, lila legawa amrih remenipun garwa lan putra.
Mekaten ugi menawi saget nresani Allah lan rasul lumrahipun sagah nindhakaken
punapa kemawon ingkang dipun kersaaken Allah lan rasul. Sedaya dhawuh Allah lan
rasulipun mesthi dipun tindhakaken kanthi suka Bahagia. Sahingga tiyang ingkang
tresna dhateng Allah lan rasulipun saget nindhakaken ibadah shalat, shiyam, infak,
shadaqah, amar ma’ruf nahi munkar lan sedaya amal ibadah kanthi entheng. Amargi
tresna ingkang estu punika ingkang kabuktekaken kanthi amal lan pangorbanan.
Ngendika Allah:
قُلْ
إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّـهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّـهُ وَيَغْفِرْ
لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ
“Dhawuha
sira Muhammad: menawa sira pada tresna marang Allah mula pada andhereka ing
aku, yekti Allah bakal tresna marang sira lan bakal ngapura kaluputan-
kaluputanira…” (Ali Imran:31).
Perkawis
kaping kalih ingkang saget ndumugiaken manisipun iman menawi kula lan
panjenegan tresna dhateng tiyang sanes amargi Allah. Artosipun, tresna kula lan
panjenegan dhateng garwa, putra lan rencang punika amargi namung madosi
ridhanipun Allah. Kula lan panjenegan nresnani garwa inggih namung amargi
madosi tresna lan ridhanipun Allah. Kula lan panjenegan makarya nyekapi nafkah
garwa lan putra inggih namung madosi ridhanipun Allah.
Mekaten ugi kula lan
panjenegan nresnani tiyang sanes punika mboten amargi bandanipun, jabatanipun,
partainipun utawi alasan sanes. Menawi sesambetan muamalah sosial ing
masyarakat saget adedasar madosi ridhanipun Allah yekti saget nuwuhaken tatanan
ingkang sae. Sesami warga remen ngajak lan ngemutaken babagan perkawis ma’ruf.
Lan remen ngreksa badanipun ugi rencanigpun saking perkawis mungkar. Menawi
pasederekan lumampah mekaten estu bahde keraos nikmatipun lan manisipun iman.
Kaping tiga,
sengit bali marang kekufuran.
Wangsul
dhateng tumindak kufur saksampunipun Allah paring hidayah kalebet tumindhak
ingkang Nista. Mila tiyang ingkang kaparingan iman lumrahipun nebihi lan
ngreksa badanipun saking tumindhak maksiyat. Amargi wangsul dhateng kekufuran
punika badhe andadosaken bebendu lan kacilakan. Ngendika Allah:
وَلٰكِنْ
مَّنْ شَرَحَ بِالْكُفْرِ صَدْرًا فَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ مِّنَ اللّٰهِ ۗوَلَهُمْ عَذَابٌ
عَظِيْمٌ…
“…Ananging
sapa wonge jembar atine ngarepi bali marang kekufuran mula wong- wong mau mesti
nampa bebenduning Allah lan bakal pekoleh siksa kang pedih”. (AN- Nahl:106)
Jamah jumah rahimakumullah
Mila kanti punika sumangga tansah njagi
anugerah iman ingkang sampun kaparingaken punika kanthi estu nyaket dhateng
Allah. Mugi kanthi punika kula lan panjenegan tansah kalebet golonganipun
tetiyang ingkang saget ngraosaken manisipun iman. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق