Teks Khutbah Jumat Singkat

Dadiya Pemimpin kang Amanah

Ustadz  Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Kalebet seperangan kewajiban ingkang kedhah dipun lampahi tiyang mukmin inggih punika njagi amanah. Sae amanah dhateng Allah SWT kanthi nindhakaken ibadah mahdhah utawi amanah dhateng sesami gesang. Amargi sedaya amanah kasebat badhe dipun suwuni tanggeljawab ing dinten akhir benjang. Ngendika Rasulullah:

كُلُّكُمْ رَاعٍ وَكُلُّكُمْ مَسْئُولٌ عَنْ رَعِيَّتِهِ

Saben sira iku pemimpin, lan saben sira bakal dijaluki tanggung jawab marang apa kang sira lakoni” (HR. Bukhari lan Muslim).

Perlu dipun mangertosi bilih njagi amanah punika mujudaken perkawis ingkang awrat. Nindhakaken Amanah punika mboten gampil kadhos gampilipun caos janji- janji manis rikala badhe nyalon dados pimpinan. Ngendika Allah:

اِنَّا عَرَضْنَا الْاَمَانَةَ عَلَى السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَالْجِبَالِ فَاَبَيْنَ اَنْ يَّحْمِلْنَهَا وَاَشْفَقْنَ مِنْهَا وَحَمَلَهَا الْاِنْسَانُۗاِنَّه كَانَ ظَلُوْمًا جَهُوْلًا

Temen ingsung wus masrahake amanat marang langit, bumi lan gunung kabeh padha ora sanggem nampani amanat iku, ananging manungsa wus nyanggemi nggawa amanat iku, sanyata manungsa iku nganiyaya lan bodho”. (Al- Ahzab:72).

 

Jamah jumah rahimakumullah

Saking ayat ing ngginggil Allah paring kabar bilih makhluk- makhlukipun ingkang ageng kemawon mboten wanton nampi Amanah ingkang dipun tawaraken Allah SWT. Makhluk- makhluk kasebat mboten wanton nampi Amanah mboten amargi mbangkang lan mbadal dawuhipun Allah. Ananging amargi pirsa amanah punika awrat sanget lan kuatos bilih mboten saget ngayahi jejibahan punika satemah pikantuk bendhu lan adzab saking ngarsanipun Allah. Allah ngendika ing ayat sanes:

إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ أَنْ تُؤَدُّوا الْأَماناتِ إِلى أَهْلِها وَإِذا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ أَنْ تَحْكُمُوا بِالْعَدْلِ 

Sanyata Allah dhawuh marang sira kabeh supaya masrahake amanah marang wong kang andarbeni, lan menawa sira pada mutusi perkara ana ing antaraning manungsa, mula supaya sira mutusi kanthi adil…” (An- Nisa:58)

Imam At-Thabari ngendika: “Para pemimpin iku ora sakmestine nyidrani marang wong kang masrahake Amanah. Ora sakmestine uga khiyanat lan nylewengake wewenang kang dipasrahake marang deweke”.

Wonten ing ayat sanes Allah ngendika:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَخُونُوا اللَّهَ وَالرَّسُولَ وَتَخُونُوا أَمَانَاتِكُمْ وَأَنتُمْ تَعْلَمُونَ

He wong- wong mukmin, sira aja nyidrani Allah lan rasule, lan aja padha nyidrani amanat- amanat kang dipercayake marang sira, ing mangka sira mangerti”. (Al- Anfal : 27)

Ngendika Rasulullah:

أَدِّاْلأَمَانَةَ إِلَى مَنِ ائْتَمَكَ وَلاَ تَخُنْ مَنْ خَانَكَ

“Tindhakna Amanah iku marang wong kang masrahake amanah ing sira lan sira aja nyidrani marang wong kang nyidrani sira”. (HR. Ahmad).

Jamah jumah rahimakumullah

Estu nindhakaken Amanah punika perkawis ingkang awrat, mila sumangga kula lan panjenengan tansah nyenyuwun dhumateng Allah, mugi Allah tansah paring kekiyatan, satemah kula lan panjenengan saget ngayahi jejibahan Amanah punika kanthi sae. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

 

ا للَّهُمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلىَ إِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنـَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ اَللَّهُمَّ باَرِكْ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ باَرَكْتَ عَلىَ إِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنـَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

أحدث أقدم