Teks Khutbah Jumat Singkat

Nikmat Panjang Yuswa

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk Syukur dumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring kanikmatan dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis shalat jumah kanthi kebak ing kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamah jumah rahimakumullah

Manungsa punika mboten saget nambah utawi ngirangi yuswa. Menawi ajalipun sampun dumugi mila manungsa badhe tilar dunya sanadyan dereng siap. Mekaten ugi menawi ajalipun dereng dumugi mila mboten badhe tilar dunya sanadyan ngupadi maneka warna cara kagem tilar dunya.

Sejatosipun panjang yuswa punika kalebet salah setunggal kanikmatan ingkang agung. Amargi panjang yuswa punika modal kagem nggayuh kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Al-Quran lan Sunnah paring kabar bilih tiyang ingkang pikantuk kabegjan punika salah setunggal pertandanipun tansaya tambah yuswa tansaya tambah taqwa dhumateng Allah. Ngendika Allah:

وَتَزَوَّدُوْا فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ ۝١٩٧

Lan sira pada sasangua, sanyata sabecik- becike sangu iku taqwa marang Allah, Mula pada taqwaa sira marang Allah he wong kang pada nduweni akal”. (Al- Baqarah:197).

 

Ngendika Ibnu Katsir: “Allah SWT dhawuh marang manungsa supaya pada sangu kanggo urusan dunya nalikane pada nindakake ibadah haji. Banjur Allah SWT uga dhawuh supaya manungsa nyawisake sangu kanggo akhirate yaiku kanthi taqwa.”

Setunggal Riwayat hadits nyebataken:

أَنَّ رَجُلاً قَالَ يَا رَسُولَ اللَّهِ أَىُّ النَّاسِ خَيْرٌ قَالَ  مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ  قَالَ فَأَىُّ النَّاسِ شَرٌّ قَالَ  مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَسَاءَ عَمَلُهُ 

“Ana sawiji wong takon marang Panjenengane Rasul: “Ya Rasul sinten tiyang ingkang paling sae? Ngendika Rasul: “Wong kang dawa umure lan becik amale”. Takon maneh wong mau: “Lajeng sinten tiyang ingkang paling awon?” Ngendika Rasul: “Wong kang dawa umuree ananging ala tumindhake”. (HR. At- Tirmizi dipun shahihaken syaikh Al- Albani).

 

Ngendika Syaikh Abdurrauf al-Munâwi: “Kalebu tanda becike wong mukmin yaiku menawa deweke nduweni usaha pingin ningkatake derajate tumuju derajat kang luwih duwur. Mula wus sakmestine wong mukmin iku pada nambah amal shalih kanggo nggayuh derajat kang duwur ana ing ngarsane Allah SWT”.

  Jamah jumah rahimakumullah

Mila kula lan panjenengan wajib syukur amargi kaparingan nikmat Panjang yuswa punika kanthi ngatah- ngatahi amal shalih. Amaragi Panjang yuswa punika mboten wonten artosipun menawi mboten kagem tumindhak kesaean, kepara menawi mboten dipun ginaaken kagem amal shalih malah badhe ndumugiaken kapitunan lan kacilakan.

Akhiripun mugi Allah tansah paring hidayah lan taufiq satemah kula lan panjenengan saget istiqamah ngatah- ngatahi amal kesaean kagem mensyukuri nikmat yuswa ingkang tasih kaparingaken punika. Mugi kanthi punika Allah tansah paring kamulnya panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

 Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ
للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ  

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama