Teks Khutbah Jumat Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk Syukur dumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring kanikmatan dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan saget
pinanggih wonten majelis shalat jumah kanthi kebak ing kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan
nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk
kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Manungsa
punika mboten saget nambah utawi ngirangi yuswa. Menawi ajalipun sampun dumugi
mila manungsa badhe tilar dunya sanadyan dereng siap. Mekaten ugi menawi
ajalipun dereng dumugi mila mboten badhe tilar dunya sanadyan ngupadi maneka
warna cara kagem tilar dunya.
Sejatosipun
panjang yuswa punika kalebet salah setunggal kanikmatan ingkang agung. Amargi panjang
yuswa punika modal kagem nggayuh kamulyan panggesangan ing dunya lan akhirat. Al-Quran
lan Sunnah paring kabar bilih tiyang ingkang pikantuk kabegjan punika salah
setunggal pertandanipun tansaya tambah yuswa tansaya tambah taqwa dhumateng
Allah. Ngendika Allah:
وَتَزَوَّدُوْا
فَاِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوٰىۖ وَاتَّقُوْنِ يٰٓاُولِى الْاَلْبَابِ
١٩٧
“Lan
sira pada sasangua, sanyata sabecik- becike sangu iku taqwa marang Allah, Mula
pada taqwaa sira marang Allah he wong kang pada nduweni akal”. (Al-
Baqarah:197).
Ngendika
Ibnu Katsir: “Allah SWT dhawuh marang manungsa supaya pada sangu kanggo
urusan dunya nalikane pada nindakake ibadah haji. Banjur Allah SWT uga dhawuh supaya
manungsa nyawisake sangu kanggo akhirate yaiku kanthi taqwa.”
Setunggal
Riwayat hadits nyebataken:
أَنَّ رَجُلاً قَالَ يَا
رَسُولَ اللَّهِ أَىُّ النَّاسِ خَيْرٌ قَالَ مَنْ طَالَ عُمُرُهُ وَحَسُنَ
عَمَلُهُ قَالَ فَأَىُّ النَّاسِ شَرٌّ قَالَ مَنْ طَالَ عُمُرُهُ
وَسَاءَ عَمَلُهُ
“Ana
sawiji wong takon marang Panjenengane Rasul: “Ya Rasul sinten tiyang ingkang
paling sae? Ngendika Rasul: “Wong kang dawa umure lan becik amale”. Takon maneh
wong mau: “Lajeng sinten tiyang ingkang paling awon?” Ngendika Rasul: “Wong
kang dawa umuree ananging ala tumindhake”.
(HR. At- Tirmizi dipun shahihaken syaikh Al- Albani).
Ngendika
Syaikh Abdurrauf al-Munâwi: “Kalebu tanda becike wong mukmin yaiku menawa
deweke nduweni usaha pingin ningkatake derajate tumuju derajat kang luwih
duwur. Mula wus sakmestine wong mukmin iku pada nambah amal shalih kanggo
nggayuh derajat kang duwur ana ing ngarsane Allah SWT”.
Mila
kula lan panjenengan wajib syukur amargi kaparingan nikmat Panjang yuswa punika
kanthi ngatah- ngatahi amal shalih. Amaragi Panjang yuswa punika mboten wonten
artosipun menawi mboten kagem tumindhak kesaean, kepara menawi mboten dipun
ginaaken kagem amal shalih malah badhe ndumugiaken kapitunan lan kacilakan.
Akhiripun mugi Allah tansah
paring hidayah lan taufiq satemah kula lan panjenengan saget istiqamah ngatah-
ngatahi amal kesaean kagem mensyukuri nikmat yuswa ingkang tasih kaparingaken
punika. Mugi kanthi punika Allah tansah paring kamulnya panggesangan ing dunya
lan akhirat. Amiin
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق