Teks Khutbah Jumat Singkat

Pemilu

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jama’ah jum’ah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jama’ah jum’ah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jama’ah jum’ah rahimakumullah

Pemilihan umum utawi pemilu sekedap malih badhe kaleksanan. Pinangka warga negara ingkang sae temtunipun kula lan panjenengan kagungan hak lan kewajiban nyengkuyung suksesipun pemilu ingkang badhe dhateng. Amargi suksesipun pemilu punika pinangka sebab suksesipun lampahing pemerintahan nagari Indonesia 5 tahun ingkang badhe dateng. Mila amrih suksesipun pemilu wonten mimbar khutbah jumat siang punika kepareng badhe khatib aturaken adab- adab dados pemilih ingkang cerdas:

1.     Mirasani karakter calon pemimpin

Milih pemimpin utawi wakil rakyat punika mboten pareng asal- asalan, nuruti selera napa malih amargi kepincut politik uang. Islam ngajak kula lan panjenengan sageta dados pemilih ingkang cerdas. Pemilih ingkang cerdas punika ngginaaken kawruh utawi ilmu rikalanipun milih pimpinan. Sepisan, rikalanipun badhe nemtokaken pilihan kula lan panjenengan wajib mirsani kados pundi akhlaq, moral, integritas lan ugi rekam jejak calon pemimpin punika. Amargi nyaluraken hak pilih wonten ing pemilu punika kalebet amanah ingkang badhe dipun suwuni tangeljawab ing dinten akhir benjang. Ngendika Allah:

إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ أَنْ تُؤَدُّوا الْأَماناتِ إِلى أَهْلِها وَإِذا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ أَنْ تَحْكُمُوا بِالْعَدْلِ 

Sanyata Allah dhawuh marang sira kabeh supaya masrahake amanah marang wong kang andarbeni, lan menawa sira pada mutusi perkara ana ing antaraning manungsa, mula supaya sira mutusi kanthi adil…” (An- Nisa:58)

Imam Al- Mawardi wonten ing kitab Al- Ahkam Al- Sulthaniyah paring keterangan bilih milih pemimpin punika ingkang kagungan watak: al- adalah (kredibel/adil), al- ilmu (ilmu/cerdas), al- hikmah (bijak/visioner).

2.     Mirsani visi lan program calon pemimpin

Saksanesipun mirsani karakter utawi kepribadian calon ingkang badhe kita pilih, wigatos ugi kula lan panjenegan nyinaoni napa kemawon program ingkang badhe dipun lampahi calon pemimpin ingkang badhe dipun pilih. Ampun ngantos kula lan panjenengan ibaratipun milih kucing wonten saklebetipun karung, waton milih mboten mangertosi visi lan programipun. Napa malih nemtokaken pilihan amargi pikantuk amplop utawi politik uang, punika badhe ngrugiaken kula lan panjenengan sakdangunipu 5 tahun ingkang badhe dateng.

3.     Ngurmati pilihan tiyang sanes

Wonten ing pesta demokrasi utawi pemilu punika kula lan panjenengan mesthi badhe manggihi tiyang ingkang benten pilihan. Wonten rikalanipun setunggal kulawarga benten pilihan, kalih tiyang sepuh benten pilihan, kalih tetanggi benten pilihan. Perkawis punika kalebet lumrah, amargi saben tiyang punika kagungan pemanggih piyambak ing ndalem nemtokaken pilihan.

Mila selaku tiyang muslim kula lan panjenengan wajib ngurmati pilihanipun tiyang sanes. Mboten pareng nyalahaken rencang ingkang benten pilihanipun. Mboten perlu sengit- sengitan napa malih musuh- musuhan namung amargi benten pilihan. Kula lan panjenengan kedah wicaksana, ampun ngantos kerukunan lan paseduluran risak gara- gara benten pilihan. Ngendika Allah:

وَلَوْ شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ يُّضِلُّ مَنْ يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَلَتُسْـَٔلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ

Lan saupama dadi kersane Allah, sira kabeh didadekake umat kang siji, ananging Allah nyasarake sapa kang dikersaake lan paring pituduh marang sapa kang dikersaake, lan sira kabeh mesthi didangu marang samubarang kang sira tindhaake”.  (Aan- Nahl: 93).

Jama’ah jum’ah rahimakumullah

Akhiripun sumangga kula lan panjenengan sareng- sareng nyengkuyung suksesipun pemilu kanthi milih pemimpin ingkang sae lan njagi kerukunan kanthi ngurmati pilihanipun tiyang sanes. Mugi Allah tansah paring kesaenan dhumateng sedaya warga masyarakat nagari Indonesia. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

ا للَّهُمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلىَ إِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنـَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ اَللَّهُمَّ باَرِكْ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ باَرَكْتَ عَلىَ إِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنـَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama