Teks Khutbah Jumat Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jama’ah jum’ah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jama’ah jum’ah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jama’ah jum’ah rahimakumullah
Pemilihan
umum utawi pemilu sekedap malih badhe kaleksanan. Pinangka warga negara ingkang
sae temtunipun kula lan panjenengan kagungan hak lan kewajiban nyengkuyung
suksesipun pemilu ingkang badhe dhateng. Amargi suksesipun pemilu punika
pinangka sebab suksesipun lampahing pemerintahan nagari Indonesia 5 tahun
ingkang badhe dateng. Mila amrih suksesipun pemilu wonten mimbar khutbah jumat
siang punika kepareng badhe khatib aturaken adab- adab dados pemilih ingkang
cerdas:
1.
Mirasani karakter
calon pemimpin
Milih
pemimpin utawi wakil rakyat punika mboten pareng asal- asalan, nuruti selera
napa malih amargi kepincut politik uang. Islam ngajak kula lan panjenengan
sageta dados pemilih ingkang cerdas. Pemilih ingkang cerdas punika ngginaaken
kawruh utawi ilmu rikalanipun milih pimpinan. Sepisan, rikalanipun badhe
nemtokaken pilihan kula lan panjenengan wajib mirsani kados pundi akhlaq,
moral, integritas lan ugi rekam jejak calon pemimpin punika. Amargi nyaluraken
hak pilih wonten ing pemilu punika kalebet amanah ingkang badhe dipun suwuni
tangeljawab ing dinten akhir benjang. Ngendika Allah:
إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ
أَنْ تُؤَدُّوا الْأَماناتِ إِلى أَهْلِها وَإِذا حَكَمْتُمْ بَيْنَ النَّاسِ أَنْ
تَحْكُمُوا بِالْعَدْلِ
“Sanyata
Allah dhawuh marang sira kabeh supaya masrahake amanah marang wong kang
andarbeni, lan menawa sira pada mutusi perkara ana ing antaraning manungsa,
mula supaya sira mutusi kanthi adil…” (An- Nisa:58)
Imam
Al- Mawardi wonten ing kitab Al- Ahkam Al- Sulthaniyah paring keterangan bilih
milih pemimpin punika ingkang kagungan watak: al- adalah (kredibel/adil), al-
ilmu (ilmu/cerdas), al- hikmah (bijak/visioner).
2.
Mirsani visi lan
program calon pemimpin
Saksanesipun
mirsani karakter utawi kepribadian calon ingkang badhe kita pilih, wigatos ugi
kula lan panjenegan nyinaoni napa kemawon program ingkang badhe dipun lampahi
calon pemimpin ingkang badhe dipun pilih. Ampun ngantos kula lan panjenengan
ibaratipun milih kucing wonten saklebetipun karung, waton milih mboten
mangertosi visi lan programipun. Napa malih nemtokaken pilihan amargi pikantuk
amplop utawi politik uang, punika badhe ngrugiaken kula lan panjenengan sakdangunipu
5 tahun ingkang badhe dateng.
3.
Ngurmati pilihan
tiyang sanes
Wonten
ing pesta demokrasi utawi pemilu punika kula lan panjenengan mesthi badhe
manggihi tiyang ingkang benten pilihan. Wonten rikalanipun setunggal kulawarga
benten pilihan, kalih tiyang sepuh benten pilihan, kalih tetanggi benten
pilihan. Perkawis punika kalebet lumrah, amargi saben tiyang punika kagungan
pemanggih piyambak ing ndalem nemtokaken pilihan.
Mila
selaku tiyang muslim kula lan panjenengan wajib ngurmati pilihanipun tiyang
sanes. Mboten pareng nyalahaken rencang ingkang benten pilihanipun. Mboten
perlu sengit- sengitan napa malih musuh- musuhan namung amargi benten pilihan.
Kula lan panjenengan kedah wicaksana, ampun ngantos kerukunan lan paseduluran
risak gara- gara benten pilihan. Ngendika Allah:
وَلَوْ
شَاۤءَ اللّٰهُ لَجَعَلَكُمْ اُمَّةً وَّاحِدَةً وَّلٰكِنْ يُّضِلُّ مَنْ
يَّشَاۤءُ وَيَهْدِيْ مَنْ يَّشَاۤءُۗ وَلَتُسْـَٔلُنَّ عَمَّا كُنْتُمْ
تَعْمَلُوْنَ
“Lan
saupama dadi kersane Allah, sira kabeh didadekake umat kang siji, ananging
Allah nyasarake sapa kang dikersaake lan paring pituduh marang sapa kang
dikersaake, lan sira kabeh mesthi didangu marang samubarang kang sira
tindhaake”. (Aan- Nahl: 93).
Jama’ah jum’ah rahimakumullah
Akhiripun sumangga kula lan
panjenengan sareng- sareng nyengkuyung suksesipun pemilu kanthi milih pemimpin
ingkang sae lan njagi kerukunan kanthi ngurmati pilihanipun tiyang sanes. Mugi
Allah tansah paring kesaenan dhumateng sedaya warga masyarakat nagari
Indonesia. Amiin
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
ا للَّهُمَّ صَلِّ عَلىَ
مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ صَلَّيْتَ عَلىَ إِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ آلِ
إِبْرَاهِيْمَ إِنـَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ اَللَّهُمَّ باَرِكْ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ
آلِ مُحَمَّدٍ كَماَ باَرَكْتَ عَلىَ إِبْرَاهِيْمَ وَعَلىَ آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنـَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق