Teks Khutbah Jumat Singkat

Menang ora Umuk, Kalah ora Ngamuk

Ustadz  Wismanto

 

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَ
سْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Menawi kula lan panjenengan kersa maos Al- Quran ugi sejarah umat- umat jaman rumiyin estu kula lan panjenengan badhe mangertosi bilih wonten hikmah ing saben prastawa. Umat jaman rumiyin sampun kaserat ing sejarah pinangka piwucal bilih lelomban ing dunya punika wonten rikalanipun menang lan wonten rikalanipun kawon. Menang lan kawon wonten ing lelomban punika perkawis ingkang lumrah. Ngendika Allah SWT:

وَتِلْكَ ٱلْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ ٱلنَّاسِ وَلِيَعْلَمَ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ وَيَتَّخِذَ مِنكُمْ شُهَدَآءَ ۗ وَٱللَّهُ لَا يُحِبُّ ٱلظَّٰلِمِينَ

Lan dina kang mengkono mau (menang lan kahah) Ingsung gilir- gumantekake ana ing antarane para manungsa. Supaya Allah ngawuningani wong kang pada iman lan sebagean sira dikersaake mati syahid. Lan Allah iku ora remen marang wong kang nganiyaya. (Ali Imran:140)

Ayat wonten nginggil suka pawartos nalika para shahabat nabi nderek jihad punika wonten wancinipun menang ananging ugi wonten wancinipun kawon. Menang lan kawon dipun gilir- gumantekaken Allah dhateng kaum muslimin lan kaum musyrikin. Kaum muslimin mboten menang terus- terusan. Mekaten ugi kaum musyrikin ugi mboten kawon terus- terusan. Sedaya kala wau pinangka ujian, kanthi gilir- gumantinipun menang lan kawon Allah ngersaaken ngawuningani imanipun para shahabat nabi.

Jamah jumah rahimakumullah

Pemilu tahun 2024 ingkang dipun leksanaaken wulan punika temtu bahde ngasilaken presiden lan para wakil rakyat ingkang kapilih. Saking pasangan calon presiden lan para wakil rakyat ingkang nderek lelomban ing pemilu punika wonten ingkang menang lan wonten ingkang kawon. Kasunyatan punika kedhahipun sampun dipun mangertosi lan dipun pahami tetiyang ingkang nyalon ugi para pendukungipun. Artosipun sedaya ingkang nderek nyalon ing pemilu punika kedhah siap menang lan siap kawon.

Mila kanthi punika wigatos sanget menawi kula lan panjenengan nggatosaken piwucalipun para ulama rikalanipun ngadepi hasil lelomban punika.

Sepisan, sedaya ingkang tinakdir punika mesthi sae. Islam paring piwucal bilih punapa kemawon ingkang tinakdir punika kesaenan dhumateng kula lan panjenengan. Menang punika sae kawon punika ugi sae, sedaya mesthi wonten hikmahipun. Ketingalipun kawon punika mboten ngremenaken ananging islam paring piwucal kanthi kawon kula lan panjenengan saget koreksi diri lan ningkataken usaha kagem wekdal ingkang badhe dateng. Ngendika Allah:

وَعَسَىٰٓ أَن تُحِبُّوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَٱللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ

Ngertia, kadhang perkara kang sira gethingi iku becik tumrap sira, lan perkara kang sira senengi iku ala tumrap sira, Allah iku Ngawuningani dene sira kabeh ora padha mangerti” (Al- Baqarah:216).

Kaping kalih, Ingkang menang kedhah Syukur lan ingkang kawon kedhah sabar. Ing bab punapa kemawon kula lan panjenengan wajibipun syukur lan sabar. Mila kanthi paripurnanipun pemilu ing tahun punika kula lan panjenengan wajib sabar lan Syukur. Ingkang menang mboten pareng umuk lan ingkang kawon mboten pareng ngamuk. Sedaya kasunyatan ing panggesangan punika menawi dipun tampi kanthi sabar lan syukur estu badhe andadosaken gesang kula lan panjenegan ayem tentrem lan bahagia. Ngendika Rasulullah SAW:

عَجَبًا لأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لأَحَدٍ إِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

Temen nggumunake perkarane wong mukmin iku, sanyatane kabeh kahanane iku becik lan ora ana kang bisa mengkono kejaba wong mukmin. Menawa pekoleh kesenengan deweke syukur, mula syukur iku becik tumrap deweke. Lan menawa pekoleh kasusahan deweke sabar, mula sabar iku becik tumrap deweke.” (HR. Muslim:2.999)

 

Jamah jumah rahimakumullah

Mekaten ingkang khatib aturaken ing khutbah jumat siang punika. Sumangga tansah njagi kerukunan panggesangan kanthi nindhakaken adab ingkang sae. Mboten perlu umuk rikalanipun menang, lan mboten perlu ngamuk rikalanipun kawon. Mugi kula lan panjenengan tansah kalebet kawulanipun Allah ingkang kaparingan hidayah ugi taufik. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ  

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيد ، اللَّهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آل مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيد.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD


Post a Comment

أحدث أقدم