Teks Khutbah Jumat Singkat

Ngremehaken Pemimpin

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamah jumah rahimakumullah

Kadhangkala kula lan panjenengan manggihi tiyang ingkang pinter sanget ngendika. Saking pinteripun ngantos nganggep tiyang sanes punika lepat sedaya. Ingkang leres namung piyambakipun lan tiyang ingkang sarujuk kaliyan pemanggihipun. Kalebet ing wekdal caket pemilu punika estu kathah tiyang ingkang pinter ngendika lan ngremehaken tiyang sanes. Tiyang ingkang benten pilihan lan pemanggihipun mesti kelentu.

Jamah jumah rahimakumullah

Jaman rumiyin perkawis punika ugi nate kalampah, rikalanipun Allah badhe ndadosaken Adam a.s pemimpin utawi khalifah banjur wonten makhluk ingkang maido lan ngremehaken Adam. Menawi jamaah kirang pitados sumangga dipun bikak surat Al- Baqarah ayat 34. Allah ngendika:

وَإِذْ قُلْنَا لِلْمَلَٰٓئِكَةِ ٱسْجُدُوا۟ لِءَادَمَ فَسَجَدُوٓا۟ إِلَّآ إِبْلِيسَ أَبَىٰ وَٱسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ ٱلْكَٰفِرِينَ

Lan nalikane ingsun dhawuh marang malaikat, sira pada sujuda marang Adam, tumuli pada sujud kejaba iblis deweke mbangkang lan gumbedhe lan dadi golongane wong kang kafir” (Al- Baqarah: 34).

Ing ayat punika Allah suka kabar bilih Iblis mbadal dhawuhipun Allah lan ngremehaken adam a.s. Iblis kumawantun ngremehaken adam awit rumaos langkung pinter lan langkung sae tinimbang adam a.s.

Jamah jumah rahimakumullah

Mila wigatos sanget wonten mimbar jumat punika kula lan panjenengan mangertosi makna ngremehaken tiyang sanes lan ugi akibat saking watak punika:

Sepisan, Ngremehaken tiyang punika kalebet sifat sombong. Ngremehaken tiyang sanes kalebet ngremehaken pemimpin punika watak ingkang awon sanget, islam maringi keterangan bilih watak punika dipun sebat sombong. Sombong punika akhlaqipun iblis ingkang dipun laknat Allah SWT. Setunggal wekdal para sahabat nabi nyuwun pirsa magepokan sombong, lajeng nabi Muhammad ngendika:

الْـكِبْرُ بَطَرُ الْـحَقِّ، وَغَمْطُ النَّاسِ

"Sombong iku nolak perkara kan bener lan ngremehake manungsa”. ( HR. Muslim).

Kaping kalih, Sombong punika awrat sanget azabipun. Sombong punika badhe mbeta pelakunipun tumuju kacilakan ing dunya lan akhirat. Wonten dunya tetiyang ingkang sombong punika badhe tinebih saking raos katentreman lan kabahagiaan. Tiyang ingkang sombong punika manahipun tansah gelisah, susah lan kuatir. Punapa malih menawi pirsa wonten tiyang sanes ingkang langkung sae, langkung pinter utawi langkung sugih tinimbang piyambakipun. Mesti tiyang sombong punika manahipun tansah panas kobong lan emosi.

Ing dinten akhir tiyang ingkang sombong punika badhe tinebih saking surga. Rasulullah SAW nate paring kabar menggah cilakanipun tetiyang ingkang sombong. Ngendika Rasulullah SAW:

لاَ يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ كَانَ فِى قَلْبِهِ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ مِنْ كِبْرٍ

Ora bakal bisa mlebu surga wong kang nduweni sifat sombong ing atine senajan mung sak wiji sawi”. (HR.Muslim).

Jamah jumah rahimakumullah

Estu ngremehaken pemimpin lan ngremehaken tiyang sanes ingkang pemanggihipun mboten sami punika kalebet watak sombong ingkang awon. Mugi kula lan panjenengan tansah pinaringan Taufiq saking ngarsanipun Allah SWT satemah saget nebihi sifat sombong. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيد ، اللَّهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آل مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيد.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم