Teks Khutbah Jumat Singkat

Sya’ban Wulan Minulya

Ustadz  Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamah jumah rahimakumullah

Kalebet nikmat agung ingkang Allah paringaken dumateng kula lan panjenengan inggih punika dipun kepanggihaken kaliyan wulan sya’ban. Wulan sya’ban kalebet wulan minulya ingkang katah sanget kautaman lan kesaenanipun. Miterat para ulama ya’ban punika kapendet saking tembung utawi lafadz (  يَتَشَاعَب) : yatasya’ab khairan katsiran artosipun: kesaenan ingkang katah lan bercabang. Maksudipun wulan punika sejatosipun wulan ingkang katah kautaman lan kesaenan tumrap kula lan panjenengan.

Mila wonten mimbar khutbah siang punika khatib bade ngaturaken seperangan kautaman wulan sya’ban.

1.     Wulan sya’ban amalan manungsa dipun angkat wonten ngarsanipun Allah Ta’ala.

Wonten wulan punika malaikat ingkang tugasipun nyatet amal umat manungsa ngangkat lan ngaturaken catatan amal sakdagunipun setunggal tahun dhumateng Allah Ta’ala. Usamah bin Zaid nate nyuwun pirsa dhumateng Rasulullah: Wahai rasul, kula mboten nate mangertosi panjenengan nindhakaken shiyam wonten wulan sanes kadosdene ing wulan sya’ban? Rasulullah ngendika:

وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيْهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِـيْ وَأَنَا صَائِمٌ

“Wulan sya’ban iku wulan diangkate amal- amal marang Allah Ta’ala, mula aku pingin nalika amalku diangkat aku lagi ana ing kahanan pasa” (HR. An-Nasaa-i).

Miterat Sayyid Muhammad Alawi sedaya amalan manungsa saben rinten lan dalu sejatosipun sampun langsung dipun aturaken Allah SWT. Ananging Kumpulan catatan amal ing dalem setunggal tahun dipun aturaken sedaya wonten ngarsanipun Allah ing wulan sya’ban.

2.     Wulan turunipun dhawuh shalawat

Wonten ing wulan sya’ban Allah nurunaken ayat dhawuh shalawat wonten ing surat al-ahzab ayat 56. Ngendika Allah:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

satemene Allah lan para malaikat wus maca shalawat marang nabi Muhammad. He para wong mukmin, sira pada nyuwuna Rahmat lan karaharjan kanggo deweke (Muhammad) kalawan temenan”. (Al- Ahzab:56).

Miterat Imam Syihabuddin Al-Qasthalani ing kitab Al-Mawahib-nya, lan Ibnu Hajar Al-Asqalani bilih ayat punika mandap wonten ing wulan sya’ban tahun kaping kalih saking hijrahipun Rasulullah SAW.

Jamah jumah rahimakumullah

Saking kalih prastawa agung punika kula lan panjenengan saget mendhet piwucal utama bilih wulan sya’ban mujudaken wulan minulya. Mila sumangga kula lan panjenengan tansah mulyaaken wulan sya’ban kanthi nindhakaken amalan ingkang dipun sunnahaken Rasulullah SAW. Saking ayat lan hadits ing nginggil kula lan panjenengan prayogi sanget nindhakaken shiyam sunah wonten ing wulan sya’ban lan ngatah- ngatahi maos shalawat kagem Rasulullah SAW.

Akhiripun mugi kula lan panjenengan tansah pinaringan Taufiq satemah saget lumampah wonten margi ingkang dipun tuntunaken Rasulullah SAW. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيد ، اللَّهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آل مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيد

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama