Teks Khutbah Jumat Singkat
Sya’ban
Wulan Minulya
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamah jumah rahimakumullah
Kalebet
nikmat agung ingkang Allah paringaken dumateng kula lan panjenengan inggih
punika dipun kepanggihaken kaliyan wulan sya’ban. Wulan sya’ban kalebet wulan
minulya ingkang katah sanget kautaman lan kesaenanipun. Miterat para ulama
ya’ban punika kapendet saking tembung utawi lafadz (
يَتَشَاعَب) : yatasya’ab khairan katsiran artosipun:
kesaenan ingkang katah lan bercabang. Maksudipun wulan punika sejatosipun wulan
ingkang katah kautaman lan kesaenan tumrap kula lan panjenengan.
Mila
wonten mimbar khutbah siang punika khatib bade ngaturaken seperangan kautaman
wulan sya’ban.
1.
Wulan sya’ban
amalan manungsa dipun angkat wonten ngarsanipun Allah Ta’ala.
Wonten
wulan punika malaikat ingkang tugasipun nyatet amal umat manungsa ngangkat lan
ngaturaken catatan amal sakdagunipun setunggal tahun dhumateng Allah Ta’ala. Usamah
bin Zaid nate nyuwun pirsa dhumateng Rasulullah: Wahai rasul, kula mboten
nate mangertosi panjenengan nindhakaken shiyam wonten wulan sanes kadosdene ing
wulan sya’ban? Rasulullah ngendika:
وَهُوَ
شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيْهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، فَأُحِبُّ أَنْ
يُرْفَعَ عَمَلِـيْ وَأَنَا صَائِمٌ
“Wulan
sya’ban iku wulan diangkate amal- amal marang Allah Ta’ala, mula aku pingin
nalika amalku diangkat aku lagi ana ing kahanan pasa” (HR. An-Nasaa-i).
Miterat
Sayyid Muhammad Alawi sedaya amalan manungsa saben rinten lan dalu sejatosipun
sampun langsung dipun aturaken Allah SWT. Ananging Kumpulan catatan amal ing
dalem setunggal tahun dipun aturaken sedaya wonten ngarsanipun Allah ing wulan
sya’ban.
2.
Wulan turunipun
dhawuh shalawat
Wonten
ing wulan sya’ban Allah nurunaken ayat dhawuh shalawat wonten ing surat
al-ahzab ayat 56. Ngendika Allah:
إِنَّ
اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
“satemene
Allah lan para malaikat wus maca shalawat marang nabi Muhammad. He para wong
mukmin, sira pada nyuwuna Rahmat lan karaharjan kanggo deweke (Muhammad) kalawan
temenan”. (Al- Ahzab:56).
Miterat
Imam Syihabuddin Al-Qasthalani ing kitab Al-Mawahib-nya, lan Ibnu Hajar
Al-Asqalani bilih ayat punika mandap wonten ing wulan sya’ban tahun kaping
kalih saking hijrahipun Rasulullah SAW.
Jamah jumah rahimakumullah
Saking kalih prastawa agung
punika kula lan panjenengan saget mendhet piwucal utama bilih wulan sya’ban
mujudaken wulan minulya. Mila sumangga kula lan panjenengan tansah mulyaaken
wulan sya’ban kanthi nindhakaken amalan ingkang dipun sunnahaken Rasulullah
SAW. Saking ayat lan hadits ing nginggil kula lan panjenengan prayogi sanget
nindhakaken shiyam sunah wonten ing wulan sya’ban lan ngatah- ngatahi maos
shalawat kagem Rasulullah SAW.
Akhiripun mugi kula lan
panjenengan tansah pinaringan Taufiq satemah saget lumampah wonten margi
ingkang dipun tuntunaken Rasulullah SAW. Amiin
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اللَّهُمَّ صَلِّ
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى
آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيد ، اللَّهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آل مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ
حَمِيدٌ مَجِيد
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق