Teks Khutbah Jumat Singkat

Wong Jawa aja Ilang Jawane

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamah jumah rahimakumullah

Tanah jawi punika asring dipun sebat wonten ing sejarah jumenengipun nagari Indonesia. Asringipun kasebat ing tulisan sejarah inggih amargi kathahipun perjuangan rakyat jawi rikalanipun nglawan penjajah. Saksanesipun punika, tanah jawi ugi dipun sebat ing sejarah awit alasan syiar dakwah islam. Wonten ing tanah jawi syiar islam ingkang dipun pandegani dening para wali kalebet sukses. Katitik kathah Kerajaan islam ingkang kawentar ing tanah jawi kadosdene kasultanan Demak, kasultanan Mataram lan sanesipun.

Jamah jumah rahimakumullah

Miterat catatan ing buku- buku ingkang dipun wucalaken wonten sekolahan, bilih umumipun tiyang jawi punika kagungan akhlaq/ karakter ingkang sae, kadosdene guyup rukun, sopan santun, luwes, andhap ashor lan sanesipun. Karakter punika cocok sanget kaliyan piwucal ingkang dipun asta Rasulullah SAW. Rasul ngendika:

إِنَّمَا بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ صَالِحَ الْأَخْلَاقِ

Satemene aku diutus Allah, supaya nyampurnaake akhlaq kang utama”. (HR. Ahmad)

Salah setunggal ulama ingkang kawentar; Al-Qadhi ‘Iyadh ngendika bilih Ibnu al-‘Arabi paring pangandikan: “al-khuluq yakni al-dîn,” artosipun; akhlaq punika agami. Maksudipun salah setunggal bukti sae lan mbotenipun agami kula lan panjenengan gumantung kadospundi akhlaq kula lan panjenengan saben dintenipun.

Jamah jumah rahimakumullah

Kula lan panjenengan sakpunika gesang ing jaman modern kanthi pranata sosial enggal. Kadhangkala pranata sosial modern punika mboten cocok kaliyan akhlaq lan unggah- ungguh islam. Kula lan panjenengan kedhah saget milah lan milih pundi unggah ungguh ingkang prayogi dipun lampahi lan pundhi ingkang kedhah dipun tilar. Sahingga ampun ngantos wonten tembung tiyang jawi ical jawinipun amargi nderek pranata sosial modern. Mila kula lan panjenengan kedhah nglestantunaken akhlaq- akhlaq utama ingkang dipun warisaken tiyang sepuh jaman rumiyin kadosdene:

Sepisan, Guyup rukun.

Guyup rukun punika akhlaq minulya wonten ing masyarakat lan kalebet piwucal islam ingkang pokok. Ngendika Allah:

وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْاۖ

Lan sira pada cekelana marang taline (agamane) Allah kang kukuh, lan aja padha cecongkrahan…”. (Ali Imran:103).

Guyup rukun punika kalebet piwucalipun sedaya nabi lan rasul ingkang dipun utus Allah. Mboten wonten setunggal kemawon rasulipun Allah kejawi mesthi ngajak iman dhateng Allah lan ngajak manungsa gesang guyup rukun. Iman lan gesang kanthi guyup rukun punika ajaran utama ingkang dados alasan Allah ngutus para nabi lan rasul. Kawiwitan saking Rasul Nuh a.s ngantos katutup dening khatamul ambiya wal Mursalin Muhammad SAW sedaya ngajak umatipun gesang guyup rukun lan ngawisi memengsahan.

Kaping kalih, Andhap ashor.

Andhap ashor punika tegesipun tawadhu’ (rendah hati) mboten gumedhe lan kumalungkung. Andhap ashor punika akhlaq ingkang utama lan dados cirinipun tiyang mukmin. Estu mboten wonten piwales ingkang pantes dipun tampi dening tiyang andhap ashor kejawi kamulyan saking ngarsanipun Allah SWT ugi dipun tresnani manungsa sanes. Ngendika Allah:

وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۚ

Lan sira aja malengosake pipinira kalawan manungsa, kaya kelakuane wong gumedhe, lan sira aja lumaku ana ing bumi kalawan umuk. Satemene Allah iku ora seneng marang wong kang umuk lan kumalungkung”. (Luqman:18).

Ibnul Qayyim rahimahullah ngendika: “Kalebu tanda mulyane wong mukmin iku menawa tambah ilmune mula tansaya tambah tawadhu’e lan welas asihe marang manungsa liya. Lan menawa tambah amale mula tansaya tambah wedine marang Allah SWT”.

Jamah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenengan tansah njagi akhlaq ingkang utama punika, sanadyan gesang ing jaman modern ananging ampun ngantos kecalan karakter lan unggah- ungguh ingkang luhur. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama