Teks Khutbah Jumat Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamah jumah rahimakumullah
Tanah
jawi punika asring dipun sebat wonten ing sejarah jumenengipun nagari
Indonesia. Asringipun kasebat ing tulisan sejarah inggih amargi kathahipun
perjuangan rakyat jawi rikalanipun nglawan penjajah. Saksanesipun punika, tanah
jawi ugi dipun sebat ing sejarah awit alasan syiar dakwah islam. Wonten ing
tanah jawi syiar islam ingkang dipun pandegani dening para wali kalebet sukses.
Katitik kathah Kerajaan islam ingkang kawentar ing tanah jawi kadosdene
kasultanan Demak, kasultanan Mataram lan sanesipun.
Jamah
jumah rahimakumullah
Miterat
catatan ing buku- buku ingkang dipun wucalaken wonten sekolahan, bilih umumipun
tiyang jawi punika kagungan akhlaq/ karakter ingkang sae, kadosdene guyup
rukun, sopan santun, luwes, andhap ashor lan sanesipun. Karakter punika cocok
sanget kaliyan piwucal ingkang dipun asta Rasulullah SAW. Rasul ngendika:
إِنَّمَا
بُعِثْتُ لِأُتَمِّمَ صَالِحَ الْأَخْلَاقِ
“Satemene
aku diutus Allah, supaya nyampurnaake akhlaq kang utama”. (HR. Ahmad)
Salah
setunggal ulama ingkang kawentar; Al-Qadhi ‘Iyadh ngendika bilih Ibnu al-‘Arabi
paring pangandikan: “al-khuluq yakni al-dîn,” artosipun; akhlaq
punika agami. Maksudipun salah setunggal bukti sae lan mbotenipun agami
kula lan panjenengan gumantung kadospundi akhlaq kula lan panjenengan saben
dintenipun.
Jamah jumah rahimakumullah
Kula
lan panjenengan sakpunika gesang ing jaman modern kanthi pranata sosial enggal.
Kadhangkala pranata sosial modern punika mboten cocok kaliyan akhlaq lan
unggah- ungguh islam. Kula lan panjenengan kedhah saget milah lan milih pundi
unggah ungguh ingkang prayogi dipun lampahi lan pundhi ingkang kedhah dipun
tilar. Sahingga ampun ngantos wonten tembung tiyang jawi ical jawinipun amargi
nderek pranata sosial modern. Mila kula lan panjenengan kedhah nglestantunaken
akhlaq- akhlaq utama ingkang dipun warisaken tiyang sepuh jaman rumiyin
kadosdene:
Sepisan, Guyup rukun.
Guyup
rukun punika akhlaq minulya wonten ing masyarakat lan kalebet piwucal islam
ingkang pokok. Ngendika Allah:
وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ
اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْاۖ
“Lan
sira pada cekelana marang taline (agamane) Allah kang kukuh, lan aja padha
cecongkrahan…”. (Ali Imran:103).
Guyup
rukun punika kalebet piwucalipun sedaya nabi lan rasul ingkang dipun utus
Allah. Mboten wonten setunggal kemawon rasulipun Allah kejawi mesthi ngajak
iman dhateng Allah lan ngajak manungsa gesang guyup rukun. Iman lan gesang
kanthi guyup rukun punika ajaran utama ingkang dados alasan Allah ngutus para
nabi lan rasul. Kawiwitan saking Rasul Nuh a.s ngantos katutup dening khatamul
ambiya wal Mursalin Muhammad SAW sedaya ngajak umatipun gesang guyup rukun lan
ngawisi memengsahan.
Kaping kalih, Andhap ashor.
Andhap
ashor punika tegesipun tawadhu’ (rendah hati) mboten gumedhe lan kumalungkung.
Andhap ashor punika akhlaq ingkang utama lan dados cirinipun tiyang mukmin. Estu
mboten wonten piwales ingkang pantes dipun tampi dening tiyang andhap ashor
kejawi kamulyan saking ngarsanipun Allah SWT ugi dipun tresnani manungsa sanes.
Ngendika Allah:
وَلَا
تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِى الْاَرْضِ مَرَحًاۗ اِنَّ اللّٰهَ
لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُوْرٍۚ
“Lan
sira aja malengosake pipinira kalawan manungsa, kaya kelakuane wong gumedhe,
lan sira aja lumaku ana ing bumi kalawan umuk. Satemene Allah iku ora seneng
marang wong kang umuk lan kumalungkung”. (Luqman:18).
Ibnul
Qayyim rahimahullah ngendika: “Kalebu tanda mulyane wong mukmin iku menawa
tambah ilmune mula tansaya tambah tawadhu’e lan welas asihe marang manungsa
liya. Lan menawa tambah amale mula tansaya tambah wedine marang Allah SWT”.
Jamah jumah rahimakumullah
Mila sumangga kula lan
panjenengan tansah njagi akhlaq ingkang utama punika, sanadyan gesang ing jaman
modern ananging ampun ngantos kecalan karakter lan unggah- ungguh ingkang
luhur. Amiin
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق