Teks Khutbah Jumat Singkat

Ramadhan Wulan Maghfiroh

Ustadz  Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Ramadhan mujudaken wulan agung ingkang kebak kautaman. Salah setunggal kautaman wonten ing wulang ramadhan inggih punika katahipun maghfirah utawi ampunan, mila wulan ramadhan asring dipun sebat wulan maghfirah. Artosipun ing wulan punika Allah badhe paring ampunan dhumateng para kawulanipun ingkang kersa taubat lan nindhakaken amal kesaenan.

 Dipun akeni punapa mboten, mesthi kula lan panjenengan nate nglampahi kalepatan- kalepatan ing rinten utawi dalu. Kalepatan ingkang sampun kalampah punika saget dados sebab kaseratipun dosa- dosa wonten ing catatan amal kula lan panjenengan. Ananging kanthi Maha Welas lan Asihipun Allah dhumateng para kawulanipun, Allah nyawisaken ampunan dhumateng sedaya kawula ing wulan suci punika.

  Jamaah jumah rahimakumullah

Mila punapa kemawon ingkang kedhah kula lan panjenengan lampahi supados Allah paring magfirah ing wulan suci punika?

1.     Nindhakaken shiyam ramadhan.

Ngendika rasulullah SAW:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

“Sing sapa wonge pasa ramadhan kanthi iman lan ihtisab (ngarep-arep ganjaran) mula Allah bakal ngapura kabeh dosane sing wus kapungkur” (HR. Bukhari lan Muslim)

Anaging shiyam kados pundi ingkang saget nglebur dosa punika? Punapa shiyam rutinitas formalitas tahunan kemawon? Shiyam amargi ngumumi tangga tepalih kemawon?.

Shiyam ingkang saget ndumugiaken maghfirah sanes kados ingkang kasebat ing nginggil. Ananging shiyam ingkang dipun kantheni niyat ikhlas badhe manembah wonten ngarsanipun Allah SWT. Shiyam ingkang dipun lampahi kanthi miderek sedaya tuntunan rukun lan syaratipun. Shiyam ingkang dipun lampahi kanthi nebihi sedaya perkawis ingkang saget ngrisak napa malih mbatalaken shiyam. Mila prayoginipun niyatan shiyam tansah dipun lempengaken ampun ngantos melenceng lan nalingsir mekaten ugi tatacara nggayuh sampurnanipun shiyam ugi tansah dipun gatosaken.

2.     Nindhakaken shalat tarawih

Ngendika rasulullah:

مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ

“Sing sapa wonge salat wengi (tarawih) kanthi iman lan ihtisab mula Allah bakal ngapura kabeh dosane sing wus kapungkur” (HR.Bukhari lan Muslim).

Miterat Imam An- Nawawi lan sanesipun bilih salah setunggal kautaman shalat tarawih punika saget nglebur dosa- dosa.

Salat tarawih punika sanes pedamelan ingkang awrat lan mboten mbetahaken wekdal ingkang dangu. Kepara kathah sanget lare- lare alit ingkang kiyat nderek salat tarawih wonten ing masjid- masjid, punika bukti bilih salat tarawih saget dipun tindhakaken sinten kemawon. Saksanesipun punika biasanipun salat tarawih namung katindhakaken sekitar 30 menit punapa malih menawi surat ingkang dipun waos imam namung pendek mila saget tambah cepet rampungipun. Sedaya kalawau bukti bilih salat tarawih punika saget dipun lampahi sinten kemawon lan mboten wonten alasan nilaraken shalat punika. Mila lumrahipun kula lan panjenengan sedaya remen, semangat nglampahi ibadah ingkang agung punika.

Jamaah jumah rahimakumullah

Pungkasaning atur sumangga tansah semangat nindhakaken sedaya amal ibadah ing wulan ramadhan, mugi kula lan panjenengan kalebet kawulanipun Allah ingkang tansah pinaringan maghfirah. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم