Teks Khutbah Idul
Fitri 1445 H / 2024 M
Ustadz Wismanto
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ اللهُ
أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ
وَللهِ الحَمْدُ
Maasyiral muslimin jamaah idul
fitri rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala
ingkang tansah paring kanikmatan dhumateng sedaya umat ipun satemah wonten
enjang punika kula lan panjenengan saget nindhakaken ibadah shalat idul fitri
kanti manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun
wonten ing dinten kiyamat.
Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah
Wonten mimbar khutbah idul fitri enjang punika
khatib wasiat sumangga tansah njagi taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken
sedaya dawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun, mugi kanti taqwa Allah tansah
paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah
Dinten idul fitri asring dipun sebat dinten riyaya
utawi dinten kemenangan. Kemenangan saking punapa? Temtu jawabanipun kemenangan
saking jihad nafsiyah ingkang dipun lampahi sakdangunipun wulan ramadhan. Mila
kemenangan punika wajib kula lan panjenengan syukuri amargi Allah SWT tasih
kersa paring taufik ugi kekiatan satemah kula lan panjenengan saget ngayahi
jejibahan ibadah ing wulan ramadhan kanthi lulus lestantun. Raos syukur punika
sumangga dipun ikraraken kathi ngagungaken asmanipun Allah Ta’ala.
اَللهُ
أَكْبَرْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ
أَكْبَرْ، اَلله ُأكْبَرْ وَللهِ الْحَمْدُ اَللهُ أَكْبَرْ
Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah
Idul fitri punika dinten riyaya ingkang dipun
syariataken agami islam. Dinten rikalanipun kanjeng nabi Muhammad SAW suka
dawuh supados kaum muslimin ngetingalaken raos suka gembira. Dinten nalikanipun
kula lan panjenengan dipun sunnahaken medal wonten ing papan shalat ied kanthi
ngagem busana ingkang paling sae lan paling dipun tresnani. Dinten rikalanipun
Rasulullah dhawuh supados tiyang sugih nyisihaken seperangan bandhanipun kagem
tiyang miskin supados sedaya masyarakat sesarengan gembira bahagia wonten
dinten punika.
اَللهُ أَكْبَرْ لَا اِلَهَ اِلَّا
اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ، اَلله ُأكْبَرْ وَللهِ الْحَمْدُ اَللهُ أَكْبَرْ
Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah
Dinten idul fitri punika dinten kemenangan kagem
tiyang ingkang estu anggenipun lelomban nindhakaken pangibadahan wonten ing
wulan ramadhan. Kemenangan saking njagi ketaatan lan kemenangan saking meper
hawa nafsu. Lajeng sinten kemawon tiyang ingkang pikantuk kemenangan punika?.
Mila wonten ing mimbar shalat idul fitri enjang
punika kepareng badhe khatib aturaken seperangan tanda- tanda menangipun tiyang
saking jihad nafsiyah ing wulan ramadhan punika.
1.
Wangsul dhateng fitrah
Salah setunggal tanda menangipun manungsa wonten ing
dinten idul fitri punika menawi piyambakipun wangsul dhateng fitrah. Fitrah
punika asring dipun sebat hanif ingkang artosipun lurus, lempeng lan remen
dhateng kesaenan. Tegesipun kanthi paripurnanipun jihad nafsiyah ing wulan
ramadhan menawi saget nuwuhaken raos hanif ing badan kula lan panjenengan mila
estu kula lan panjenengan saget kalebet tiyang ingkang menang. Ngendika Allah:
فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ
حَنِيفًا ۚ فِطْرَتَ ٱللَّهِ ٱلَّتِى فَطَرَ ٱلنَّاسَ عَلَيْهَا ۚ لَا تَبْدِيلَ
لِخَلْقِ ٱللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ ٱلدِّينُ ٱلْقَيِّمُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ ٱلنَّاسِ لَا
يَعْلَمُونَ
“Sira Muhammad madhepna wajahira marang agamane
Allah kang lurus, fitrahe Allah kang Panjenengane wus andamel para manungsa iku
ora bakal ganti maneh pranatane Allah tumrap titahe, kang mangkono iku agama
kang bener, ananging akeh- akehe manungsa ora padha mangerti”. (QS.Ar-
Rum:30).
Dipun akeni punapa boten, ing ndalem setunggal tahun
ingkang kapengker kula lan panjenengan katah kawonipun dening panggodanipun
syaitan, malah kepara tunduk lan nurut
dening bujukanipun syaitan. Sahingga kula
lan panjenengan mesti ngraosaken awrat sanget nalika badhe ngibadah, shalat
wajib mboten tepat waktu, salat jamaah wonten masjid mboten istiqamah, ngaji
ilmu agami males, shadaqah pelit. Malah kepara kula lan panjenengan tebih
saking akhlaq lan adab kadosdene: remen ngremehaken tiyang sanes, sombong,
angkuh, mboten saget meper lisan, remen ghibah ugi fitnah. Punika sedaya dados
pakulinan saben dintenipun amargi kula lan panjenengan tebih saking fitrah lan
langkung caket kaliyan syaitan.
Mila wonten ing wulan ramadhan kula lan panjenengan
nindhakaken rerangken ibadah lan meper sedaya hawa nafsu kanthi tujuan supados
wangsul dhateng fitrah. Shiyam wajib, shalat tarawih, tadarus al-quran,
shadaqah ramadhan, i’tikaf, nilaraken ngedikan awon kadosdene: fitnah, gosip,
muring- muring sedaya kala wau kalebet jihad nafsiyah kagem nuwuhaken malih
raos fitrah ing pribadi kita. Mila tiyang ingkang wangsul dhateng fitrah punika
tandhanipun kagungan raos bungah lan
bahagia nalika nindhakaken ibadah ugi manahipun remen dhateng sedaya kabecikan
lan kesaenan. Cekak aosipun tiyang ingkang fitrah punika tiyang ingkang wangsul
dhateng watak asli kados nalikanipun nembe lahir wonten ing dunya. Ngendika
Rasulullah:
كُلُّ مَوْلُودٍ يُولَدُ
عَلَى الْفِطْرَةِ فَأَبَوَاهُ يُهَوِّدَانِهِ أَوْ يُنَصِّرَانِهِ أَوْ
يُمَجِّسَانِهِ
“saben anak kang lahir iku dilahirke ana ing
kahanan fitrah, banjur bapak ibune kang andadekake deweke iku yahudi utawa nasrani utawa majusi”
(Bukhari & Muslim)
للهُ أَكْبَرْ
لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ، اَلله ُأكْبَرْ وَللهِ
الْحَمْدُ اَللهُ أَكْبَر
2.
Migunani tumrap tiyang
sanes
Shiyam Ramadhan paring
piwucal supados kula lan panjenengan perduli lan empati dhateng tiyang sanes. Amargi
kula lan panjenengan punika mboten gesang piyambakan ananging gesang sesarengan
warga Masyarakat sanes ing sakiwa tengen kula lan panjenengan. Mila lumrahipun
tiyang ingkang gesang ing tengahipun Masyarakat punika kedah kersa nggatosaken
kiwa lan tengenipun.
Rasulullah
sampun paring tuladha bilih piyambakipun punika piyantun ingkang paling perduli
lan empati ugi paling dermawan lan langkung dermawan malih menawi ing wulan
Ramadhan. Wonten wulan Ramadhan Rasulullah mujudaken makhluk ingkang paling
perduli lan paling dermawan ngantos langkung dermawan tinimbang angin ingkang
sumilir. Rasulullah suka dawuh bilih Ing Ramadhan kula lan panjenengan kedah
kersa latihan sedekah. Amargi sedaya warni sedekah ing wulan Ramadhan badhe dipun
tikelaken ganjaranipun. Sanadyan namung caos unjukan setunggal cangkir utawi
gorengan setunggal iji dhateng tiyang ingkang buka, Allah njamin bahde paring
ganjaran ingkang matikel. Ngendika Rasulullah:
مَنْ فَطَّرَ صَائمًا، كانَ لَهُ مِثْلُ أَجْرِهِ غَيْرَ أَنَّهُ لاَ يَنْقُصُ
مِنْ أجْر الصَّائمِ شيءٍ
“Sing
sapa menehi pangan marang wong kang buka pasa, mula tumrap deweke ganjaran kaya
dene ganjarane wong pasa, tanpa ngurangi ganjarane wong kang pasa” (HR.Turmudzi).
Saking
piwucal punika islam paring dhawuh bilih tiyang muslim punika kedah perduli lan
migunani tumrap tiyang sanes. Tiyang muslim punika sanes tiyang ingkang egois
utawi namung mikiraken kesenengan lan kepentingan pribadi. Muslim ingkang sae
punika sanes ingkang namung salat, haji, dzikiran ananging mboten perduli
dhateng kiwa lan tengenipun. Muslim ingkang sae inggih punika ingkang remen
nggatosaken tiyang sanes ing sekitaripun. Muslim ingkang remen tetulung, remena
caos pambiyantu lan lan empati dhateng Masyarakat sekitar. Ngendika Rasulullah:
خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
“Manungsa
kang paling becik yaiku kang migunani tumrap liyane”. (HR. At- Thabrani)
Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah
Mekaten khutbah idul fitri enjang punika, sumangga kita sareng ndedonga
nyuwun dumateng Allah Ta’ala mugi Allah tansah ndadosaken kula lan panjenengan
tiyang- tiyang ingkang menang. Inggih punika tiyang- tiyang ingkang wangsul
dhateng fitrah lan tiyang ingkang tansah migunani tumrap manungsa sanes. Amiin
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
للَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَاْلمُسْلِماَتِ, وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ يَا قَاضِيَ
اْلحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ أَعْمَلَنَا فِي رَمَضَانَ
اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ أَعْمَلَنَا فِي رَمَضَانَ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ أَعْمَلَنَا
فِي رَمَضَانَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah Idul Fitri 1445 H singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar