Teks Khutbah Idul Fitri 1445 H / 2024 M

Dinten Kemenangan

Ustadz Wismanto

 

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الحَمْدُ


Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring kanikmatan dhumateng sedaya umat ipun satemah wonten enjang punika kula lan panjenengan saget nindhakaken ibadah shalat idul fitri kanti manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamat.

Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah

Wonten mimbar khutbah idul fitri enjang punika khatib wasiat sumangga tansah njagi taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken sedaya dawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun, mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan panggesangan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah

Dinten idul fitri asring dipun sebat dinten riyaya utawi dinten kemenangan. Kemenangan saking punapa? Temtu jawabanipun kemenangan saking jihad nafsiyah ingkang dipun lampahi sakdangunipun wulan ramadhan. Mila kemenangan punika wajib kula lan panjenengan syukuri amargi Allah SWT tasih kersa paring taufik ugi kekiatan satemah kula lan panjenengan saget ngayahi jejibahan ibadah ing wulan ramadhan kanthi lulus lestantun. Raos syukur punika sumangga dipun ikraraken kathi ngagungaken asmanipun Allah Ta’ala.

اَللهُ أَكْبَرْ  لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ، اَلله ُأكْبَرْ وَللهِ الْحَمْدُ اَللهُ أَكْبَرْ

Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah

Idul fitri punika dinten riyaya ingkang dipun syariataken agami islam. Dinten rikalanipun kanjeng nabi Muhammad SAW suka dawuh supados kaum muslimin ngetingalaken raos suka gembira. Dinten nalikanipun kula lan panjenengan dipun sunnahaken medal wonten ing papan shalat ied kanthi ngagem busana ingkang paling sae lan paling dipun tresnani. Dinten rikalanipun Rasulullah dhawuh supados tiyang sugih nyisihaken seperangan bandhanipun kagem tiyang miskin supados sedaya masyarakat sesarengan gembira bahagia wonten dinten punika.

  اَللهُ أَكْبَرْ  لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ، اَلله ُأكْبَرْ وَللهِ الْحَمْدُ اَللهُ أَكْبَرْ

Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah

Dinten idul fitri punika dinten kemenangan kagem tiyang ingkang estu anggenipun lelomban nindhakaken pangibadahan wonten ing wulan ramadhan. Kemenangan saking njagi ketaatan lan kemenangan saking meper hawa nafsu. Lajeng sinten kemawon tiyang ingkang pikantuk kemenangan punika?.

Mila wonten ing mimbar shalat idul fitri enjang punika kepareng badhe khatib aturaken seperangan tanda- tanda menangipun tiyang saking jihad nafsiyah ing wulan ramadhan punika.

1.     Wangsul dhateng fitrah

Salah setunggal tanda menangipun manungsa wonten ing dinten idul fitri punika menawi piyambakipun wangsul dhateng fitrah. Fitrah punika asring dipun sebat hanif ingkang artosipun lurus, lempeng lan remen dhateng kesaenan. Tegesipun kanthi paripurnanipun jihad nafsiyah ing wulan ramadhan menawi saget nuwuhaken raos hanif ing badan kula lan panjenengan mila estu kula lan panjenengan saget kalebet tiyang ingkang menang. Ngendika Allah:

 فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ حَنِيفًا ۚ فِطْرَتَ ٱللَّهِ ٱلَّتِى فَطَرَ ٱلنَّاسَ عَلَيْهَا ۚ لَا تَبْدِيلَ لِخَلْقِ ٱللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ ٱلدِّينُ ٱلْقَيِّمُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ ٱلنَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ

Sira Muhammad madhepna wajahira marang agamane Allah kang lurus, fitrahe Allah kang Panjenengane wus andamel para manungsa iku ora bakal ganti maneh pranatane Allah tumrap titahe, kang mangkono iku agama kang bener, ananging akeh- akehe manungsa ora padha mangerti”. (QS.Ar- Rum:30).

Dipun akeni punapa boten, ing ndalem setunggal tahun ingkang kapengker kula lan panjenengan katah kawonipun dening panggodanipun syaitan, malah  kepara tunduk lan nurut dening bujukanipun syaitan.  Sahingga kula lan panjenengan mesti ngraosaken awrat sanget nalika badhe ngibadah, shalat wajib mboten tepat waktu, salat jamaah wonten masjid mboten istiqamah, ngaji ilmu agami males, shadaqah pelit. Malah kepara kula lan panjenengan tebih saking akhlaq lan adab kadosdene: remen ngremehaken tiyang sanes, sombong, angkuh, mboten saget meper lisan, remen ghibah ugi fitnah. Punika sedaya dados pakulinan saben dintenipun amargi kula lan panjenengan tebih saking fitrah lan langkung caket kaliyan syaitan.  

Mila wonten ing wulan ramadhan kula lan panjenengan nindhakaken rerangken ibadah lan meper sedaya hawa nafsu kanthi tujuan supados wangsul dhateng fitrah. Shiyam wajib, shalat tarawih, tadarus al-quran, shadaqah ramadhan, i’tikaf, nilaraken ngedikan awon kadosdene: fitnah, gosip, muring- muring sedaya kala wau kalebet jihad nafsiyah kagem nuwuhaken malih raos fitrah ing pribadi kita. Mila tiyang ingkang wangsul dhateng fitrah punika tandhanipun kagungan  raos bungah lan bahagia nalika nindhakaken ibadah ugi manahipun remen dhateng sedaya kabecikan lan kesaenan. Cekak aosipun tiyang ingkang fitrah punika tiyang ingkang wangsul dhateng watak asli kados nalikanipun nembe lahir wonten ing dunya. Ngendika Rasulullah:

كُلُّ مَوْلُودٍ يُولَدُ عَلَى الْفِطْرَةِ فَأَبَوَاهُ يُهَوِّدَانِهِ أَوْ يُنَصِّرَانِهِ أَوْ يُمَجِّسَانِهِ

saben anak kang lahir iku dilahirke ana ing kahanan fitrah, banjur bapak ibune kang andadekake deweke iku  yahudi utawa nasrani utawa majusi” (Bukhari & Muslim)

للهُ أَكْبَرْ  لَا اِلَهَ اِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ، اَلله ُأكْبَرْ وَللهِ الْحَمْدُ اَللهُ أَكْبَر

2.     Migunani tumrap tiyang sanes

Shiyam Ramadhan paring piwucal supados kula lan panjenengan perduli lan empati dhateng tiyang sanes. Amargi kula lan panjenengan punika mboten gesang piyambakan ananging gesang sesarengan warga Masyarakat sanes ing sakiwa tengen kula lan panjenengan. Mila lumrahipun tiyang ingkang gesang ing tengahipun Masyarakat punika kedah kersa nggatosaken kiwa lan tengenipun.

Rasulullah sampun paring tuladha bilih piyambakipun punika piyantun ingkang paling perduli lan empati ugi paling dermawan lan langkung dermawan malih menawi ing wulan Ramadhan. Wonten wulan Ramadhan Rasulullah mujudaken makhluk ingkang paling perduli lan paling dermawan ngantos langkung dermawan tinimbang angin ingkang sumilir. Rasulullah suka dawuh bilih Ing Ramadhan kula lan panjenengan kedah kersa latihan sedekah. Amargi sedaya warni sedekah ing wulan Ramadhan badhe dipun tikelaken ganjaranipun. Sanadyan namung caos unjukan setunggal cangkir utawi gorengan setunggal iji dhateng tiyang ingkang buka, Allah njamin bahde paring ganjaran ingkang matikel. Ngendika Rasulullah:

مَنْ فَطَّرَ صَائمًا، كانَ لَهُ مِثْلُ أَجْرِهِ غَيْرَ أَنَّهُ لاَ يَنْقُصُ مِنْ أجْر الصَّائمِ شيءٍ

“Sing sapa menehi pangan marang wong kang buka pasa, mula tumrap deweke ganjaran kaya dene ganjarane wong pasa, tanpa ngurangi ganjarane wong kang pasa” (HR.Turmudzi).

Saking piwucal punika islam paring dhawuh bilih tiyang muslim punika kedah perduli lan migunani tumrap tiyang sanes. Tiyang muslim punika sanes tiyang ingkang egois utawi namung mikiraken kesenengan lan kepentingan pribadi. Muslim ingkang sae punika sanes ingkang namung salat, haji, dzikiran ananging mboten perduli dhateng kiwa lan tengenipun. Muslim ingkang sae inggih punika ingkang remen nggatosaken tiyang sanes ing sekitaripun. Muslim ingkang remen tetulung, remena caos pambiyantu lan lan empati dhateng Masyarakat sekitar. Ngendika Rasulullah:

خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ

Manungsa kang paling becik yaiku kang migunani tumrap liyane”. (HR. At- Thabrani)

Maasyiral muslimin jamaah idul fitri rahimakumullah

Mekaten khutbah idul fitri enjang punika, sumangga kita sareng ndedonga nyuwun dumateng Allah Ta’ala mugi Allah tansah ndadosaken kula lan panjenengan tiyang- tiyang ingkang menang. Inggih punika tiyang- tiyang ingkang wangsul dhateng fitrah lan tiyang ingkang tansah migunani tumrap manungsa sanes. Amiin

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

للَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِماَتِ, وَاْلمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ, اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ يَا قَاضِيَ اْلحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ أَعْمَلَنَا فِي رَمَضَانَ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ أَعْمَلَنَا فِي رَمَضَانَ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ أَعْمَلَنَا فِي رَمَضَانَ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah Idul Fitri 1445 H  singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

أحدث أقدم