Teks Khutbah Jumat Singkat

Ibadah Ing Wulan Syawal

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga kula derekaken tansah ngunjukaken suka syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring Rahmat saha barakah dhumateng kula lan panjenengan satemah ing siang punika kula lan panjenengan saget pinanggih wonten majelis shalat jumah kanthi kebak ing kawilujengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumoangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten wulan syawal punika islam nyawisaken setunggaling pangibadahan ingkang agung. Sinten ingkang kersa nindhakaken pangibadahan kasebat badhe pikantuk ganjaran ingkang utama. Salah setunggal ibadah agung ing wulan syawal inggih punika shiyam syawal. Rasulullah ndawuhaken shiyam 6 dinten wonten ing wulan syawal pinangka ibadah sunnah ingkang bade maringi kamulyan lan kautaman dhumateng sinten kemawon ingkang kersa nindakaken. Rasulullah ngendika:

مَنْ صَامَ رَمَضَانَ ثُمَّ أَتْبَعَهُ سِتًّا مِنْ شَوَّالٍ كَانَ كَصِيَامِ الدَّهْرِ رواه مسلم وأبو داود والترمذي والنسائي وابن ماجه

 “ Sing sapa wonge nindakake pasa ramadhan banjur nututi pasa 6 dina ana ing wulan syawal mula deweke kaya puasa setahun nutuk” (HR. Muslim).

 

Hadits punika suka keterangan agungipun kautaman shiyam syawal, menawi dipun ibarataken nyambut damel, misal wonten direktur dawuh dhumateng para karyawan; sing sapa wonge megawe sak wulan banjur nambahi 6 dina ana ing wulan ngarepe bakal tak gaji bayaran setahun full. Mila lumrahipun mboten wonten ingkang nolak tawaran direktur kasebat. Lumrahipun sedaya karyawan kersa medamel sewulan lan 6 dinten tambahan. Mekaten punika logika kagem nggampilaken pemahaman hadits wonten ing nginggil.

Wonten hadits sanes dipun sebataken:

مَنْ صَامَ سِتَّةَ أَيَّامٍ بَعْدَ الْفِطْرِ كَانَ تَمَامَ السَّنَةِ مَنْ جَاءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا رواه ابن ماجه والنسائي ولفظه

“sing sapa wonge puasa 6 dina sak pungkure idul fitri mula deweke koyo puasa setahun nutuk, (singsapa wonge nindakake kebecikan mula tumrap deweke ganjaran 10 kebecikan)” (HR. Ibnu Majah)

Jamaah jumah rahimakumullah

Lajeng kadospundi tatacara nindakaken puasa syawal ?

Syaikh Abdul Aziz bin Baz njelasaken : Tatacara pasa 6 dina ana ing wulan syawal iku bisa berurutan lan bisa dipisah- pisah. (Majmu’ Fatawa :15/391)

Maksudipun inggih punika saget 6 dinten berturut turut lan saget ugi dipun selang seling, ingkang baken 6 dinten punika tasih wonten ing wulan syawal.

Lajeng kadospundi tumrap tiyang ingkang kagungan tanggungan qadha/ utang pasa?

Ingkang paling afdhal nindakaken qadha rumiyin nembe nindakaken shiyam syawal. Ananging menawi kuatir ketelasan wekdal wonten ing wulan syawal mila kepareng ugi nindakaken shiyam syawal lan qadhanipun sak bibaripun shiyam syawal. Imam Abu Hanifah, Imam Malik lan Imam Syafii ngendika bilih kepareng nindakaken shiyam syawal rumiyin lajeng nembe qadha shiyam ramadhan.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten seperangan keterangan shiyam syawal ingkang khatib aturaken wonten ing mimbar khutbah jumat dinten punika. Mugi Allah tansah nggampilaken sedaya lampah pangibadahan kita kagem nggayuh kamulyan panggesangan wonten donya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

أحدث أقدم