Teks Khutbah Jumat Singkat
Migunani
Tumrap Manungsa Sanes
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk
syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat
taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat
sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Menawi kula lan panjenegan gatosaken, sedaya ritual
ibadah ingkang dipun dhawuhaken islam punika tujuanipun badhe andamel manungsa
tumuju derajat ingkang minulya. Salah setunggal pertanda tiyang punika minulya
menawi tuwuh ing manahipun raos peduli dhateng sesami gesang. ibadah shalat,
Ibadah shiyam ramadhan, ibadah qurban lan ibadah sanesipun punika paring
piwucal supados kula lan panjenengan tansaya tumdhak sae dhateng tiyang
sanes.
Setunggal wekdal, naliknipun Abu Hurairah nembe
iktikaf wonten ing masjid, piyambakipun mirsani wonten setunggal tiyang lenggah
wonten ing pojok masjid ketingal susah lan sedih. Abu Hurairah nangleti tiyang
kasebat lajeng ngajak medal saking masjid badhe caos pambiyantu ing
kesusahanipun. Pirsa Abu Hurairah badhe paring pambiyantu tiyang kasebat kaget
lajeng nyuwun pirsa, punapa Abu Hurairah badhe nilaraken anggenipun iktikaf.
Abu Hurairan ngendika: “Saktemene
aku midanget Rasulullah ngendika: “Sing sapa wonge paring pambiyantu marang
kesusahane sedulure mula luwih utama tinimbang iktikaf sewulan nutuk” (HR. At- Thabrani dipun shahihaken Al- Albani)
Jamaah jumah rahimakumullah
Islam paring piwucal bilih tiyang muslim punika
sanes tiyang ingkang egois, namung mentingaken badanipun piyambak. Ananging
tiyang muslim punika tiyang ingkang tansah remen caos manfaat dhateng manungsa
sanes. Ngendika Rasulullah:
خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ
“Manungsa
kang paling becik yaiku kang migunani tumrap liyane”. (HR. At- Thabrani)
Punapa kemawon profesi lan
pakaryan kula lan panjenengan kedhahipun saget dados sarana caos manfaat
dhateng tiyang sanes.
Dados
guru, kedhahipun mboten sekedar makarya lan nampi gaji, ananging kedhah
ngupadi dospundi caranipun profesi ingkang dipun lampahi punika migunani tumrap
anak didik lan Nasib generasi bangsa.
Dados
dokter, kedhahipun mboten sekedar pados artos kagem nambah bandhanipun. Ananging kedhah ngupadi dospundi
profesinipun punika saget dados sarana nyehataken sedaya Masyarakat ing
sekitaripun.
Lan profesi punapa kemawon
kedhaipun dipun ginaaken kagem caos manfaat dhateng manungsa sanes, punika
tiyang muslim ingkang sae. Ngendika Allah:
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ
الدَّارَ الْآخِرَةَ ۖ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا
“Lan
sira pada ngupadia negeri akhirat kalawan apa wae kang wus kaparingake dening Allah
marang sira kabeh, ananging uga sira aja anglalekake nasibira ana ing dunya…” (Al- Qashas:77).
Jamaah jumah rahimakumullah
Cekak aosipun, nidhakaken
ajaran islam punika mboten sekedar ngalampahi shalat, shiyam, haji, umrah
ananging ugi kedhah latihan nggatosaken manungsa sanes ing sakiwa tengen kita.
Mboten sakmestnipun kula lan panjenengan numpuk bandha ing mangka tangga
tepalih kebingungan mboten saget dahar amargi mboten kagungan bahan pangan
ingkan badhe dipun masak. Mboten sakmestinipun kula lan panjenengan pamer
ibadah haji umrah wongsal- wangsul, ing mangka wonten tetangi ingkang badhe
ngobataken keluarganipun ingkang gerah kemawon mboten kagungan biaya.
Mugi Allah tansah paring
taufik dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nglampahi piwucal agami
ingkang leres. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Posting Komentar