Teks Khutbah Jumat Singkat

Migunani Tumrap Manungsa Sanes

Ustadz  Wismanto

 

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Menawi kula lan panjenegan gatosaken, sedaya ritual ibadah ingkang dipun dhawuhaken islam punika tujuanipun badhe andamel manungsa tumuju derajat ingkang minulya. Salah setunggal pertanda tiyang punika minulya menawi tuwuh ing manahipun raos peduli dhateng sesami gesang. ibadah shalat, Ibadah shiyam ramadhan, ibadah qurban lan ibadah sanesipun punika paring piwucal supados kula lan panjenengan tansaya tumdhak sae dhateng tiyang sanes.   

Setunggal wekdal, naliknipun Abu Hurairah nembe iktikaf wonten ing masjid, piyambakipun mirsani wonten setunggal tiyang lenggah wonten ing pojok masjid ketingal susah lan sedih. Abu Hurairah nangleti tiyang kasebat lajeng ngajak medal saking masjid badhe caos pambiyantu ing kesusahanipun. Pirsa Abu Hurairah badhe paring pambiyantu tiyang kasebat kaget lajeng nyuwun pirsa, punapa Abu Hurairah badhe nilaraken anggenipun iktikaf. Abu Hurairan ngendika: “Saktemene aku midanget Rasulullah ngendika: “Sing sapa wonge paring pambiyantu marang kesusahane sedulure mula luwih utama tinimbang iktikaf sewulan nutuk” (HR. At- Thabrani dipun shahihaken Al- Albani)

Jamaah jumah rahimakumullah

Islam paring piwucal bilih tiyang muslim punika sanes tiyang ingkang egois, namung mentingaken badanipun piyambak. Ananging tiyang muslim punika tiyang ingkang tansah remen caos manfaat dhateng manungsa sanes. Ngendika Rasulullah:

خَيْرُ النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّاسِ

Manungsa kang paling becik yaiku kang migunani tumrap liyane”. (HR. At- Thabrani)

Punapa kemawon profesi lan pakaryan kula lan panjenengan kedhahipun saget dados sarana caos manfaat dhateng tiyang sanes.

Dados guru, kedhahipun mboten sekedar makarya lan nampi gaji, ananging kedhah ngupadi dospundi caranipun profesi ingkang dipun lampahi punika migunani tumrap anak didik lan Nasib generasi bangsa.

Dados dokter, kedhahipun mboten sekedar pados artos kagem nambah  bandhanipun. Ananging kedhah ngupadi dospundi profesinipun punika saget dados sarana nyehataken sedaya Masyarakat ing sekitaripun.

Lan profesi punapa kemawon kedhaipun dipun ginaaken kagem caos manfaat dhateng manungsa sanes, punika tiyang muslim ingkang sae. Ngendika Allah:

وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ ۖ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا

Lan sira pada ngupadia negeri akhirat kalawan apa wae kang wus kaparingake dening Allah marang sira kabeh, ananging uga sira aja anglalekake nasibira ana ing dunya…” (Al- Qashas:77).

Jamaah jumah rahimakumullah

Cekak aosipun, nidhakaken ajaran islam punika mboten sekedar ngalampahi shalat, shiyam, haji, umrah ananging ugi kedhah latihan nggatosaken manungsa sanes ing sakiwa tengen kita. Mboten sakmestnipun kula lan panjenengan numpuk bandha ing mangka tangga tepalih kebingungan mboten saget dahar amargi mboten kagungan bahan pangan ingkan badhe dipun masak. Mboten sakmestinipun kula lan panjenengan pamer ibadah haji umrah wongsal- wangsul, ing mangka wonten tetangi ingkang badhe ngobataken keluarganipun ingkang gerah kemawon mboten kagungan biaya.

Mugi Allah tansah paring taufik dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nglampahi piwucal agami ingkang leres. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

Post a Comment

أحدث أقدم