Teks Khutbah Jumat Singkat
Wajibipun
Zakat Fitrah
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk
kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Mboten
kraos, wulan suci ramadhan ing tahun punika sekedap malih bade
paripurna. Wulan ingkang endah, wulan ingkang agung ingkang
kebak kesaenan lan kautaman bade nilaraken kula lan panjenengan. Mila sinten kemawon ingkang
sampun nindakaken sedaya rerangken pangibadahan
wonten ing wulan suci ramadhan tahun punika kedahipun bersyukur lan memuji
dumateng Allah, lan sinten kemawon ingkang dereng saget nindakaken kesaenan-
kesaenan kedah mertobat lan nyuwun ampunan dumateng Allah Ta’ala.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten
ing akhir wulan suci ramadhan Allah Ta’ala paring kewajiban dhumateng kaum mulimin supados
ngedalaken zakat fitrah. Zakat fitrah mujudaken
kewajiban dhumateng sedaya kaum muslimin ingkang kagungan
kelonggaran bahan makanan pokok. Allah paring pangandikan
wonten ing al- quran:
خُذْ مِنْ أَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ
وَتُزَكِّيهِم بِهَا … (التوبة: ١٠٣)
“Anjupuka saka seperangan
bandhane wong- wong iku kanggo zakat, supaya angresiki lan nyucekake ing
deweke.... (Q.S. At-Taubah : 103)
Rasulullah SAW paring pangandikan bilih zakat punika
kalebet rukun islam ingkang wajib dipun tindakaken tumrap sedoyo kaum muslimin
ingkang mampu. Ibnu Umar RA sampun ngendika bilih baginda Rasulullah paring
pangandikan:
عَنِ ابْنِ عُمَرَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَ : قَالَ
رَسُولُ الله ﷺ: بُنِيَ الإِسْلَامُ عَلَى خَمْسٍ : شَهَادَةِ أَنْ لا إِلَهَ
إِلَّا اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُ اللهِ ، وَإِقَامِ الصَّلَاةِ ،
وَإِيتَاءِ الزَّكَاةِ ، وَالْحَجِّ ، وَصَوْمِ رَمَضَانَ
“Saking Ibnu Umar RA sampun ngendika, Rasulullah Paring Pangandikan:
Agama Islam dibangun saka limang perkara, yaiku
nyekseni sejatine ora ana Pangeran kang
haq kejaba Allah lan Muhammad iku kawula lan utusane Allah,
ngadegna shalat, mbayar zakat, haji nang
Baitullah lan pasa Ramadhan”. (HR. Bukhari Muslim)
Jamaah jumah rahimakumullah
Zakat
fitrah mujudkaken ibadah agung ingkang katah hikmah lan tujuanipun. Dipun riwayataken Ibnu Abbas
radhiyallahu piyambakipun ngendika:
زَكَاةَ الْفِطْرِ طُهْرَةً -صلى الله عليه
وسلم- فَرَضَ رَسُولُ اللَّهِ لِلصَّائِمِ مِنَ اللَّغْوِ وَالرَّفَثِ وَطُعْمَةً
لِلْمَسَاكِينِ
“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wassallam wus paring kewajiabn zakat
fitrah pinangka reresik tumrap wong pasa saka perkara kang ora migunani lan
tindhak ala, lan uga pinangka peparing
tumrap wong- wong miskin”. (HR. Abu Daud dan Ibnu Majah)
Hadits
punika suka keterangan bilih zakat fitrah kagungan 2 (kalih) tujuan:
Sepisan ;
pinangka panyampurna shiyam saking perkawis ingkang ngregeti lan ngrisaki ganjaran shiyam kadosdene wicantenan saru lan
kasar.
Kaping kalih; pinangka jurung pambiyantu tumrap sanak sederek ingkang kirang mampu. satemah benjang wonten ing
dinten idul fitri sedaya saget nderek ngraosaken remen, bungah lan bahagia. Rasulullah ngendika wonten setunggal hadits ingkang maknanipun: "cukupana kebutuhane (fakir
miskin), supaya wong- wong iku ora pada njejaluk ana ing dina riyaya (idul fitri)." (Sunan Daruqutni, No. 67)
Jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten khutbah ingkang
khatib aturaken,
mugi Allah tansah pari kekiatan iman satemah kula lan panjenengan saget
nindhakaken sedaya rerangken ibadah ing wulan
Ramadhan punika. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Posting Komentar