Teks Khutbah Jumat Singkat

Wajibipun Zakat Fitrah

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Mboten kraos, wulan suci ramadhan ing tahun punika sekedap malih bade paripurna. Wulan ingkang endah, wulan ingkang agung ingkang kebak kesaenan lan kautaman bade nilaraken kula lan panjenengan. Mila sinten kemawon ingkang sampun nindakaken sedaya rerangken pangibadahan wonten ing wulan suci ramadhan tahun punika kedahipun bersyukur lan memuji dumateng Allah, lan sinten kemawon ingkang dereng saget nindakaken kesaenan- kesaenan kedah mertobat lan nyuwun ampunan dumateng Allah Ta’ala.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten ing akhir wulan suci ramadhan Allah Ta’ala paring kewajiban dhumateng kaum mulimin supados ngedalaken zakat fitrah. Zakat fitrah mujudaken kewajiban dhumateng sedaya kaum muslimin ingkang kagungan kelonggaran bahan makanan pokok. Allah paring pangandikan wonten ing al- quran:

خُذْ مِنْ أَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيهِم بِهَا … (التوبة: ١٠٣)

“Anjupuka saka seperangan bandhane wong- wong iku kanggo zakat, supaya angresiki lan nyucekake ing deweke.... (Q.S. At-Taubah : 103)

Rasulullah SAW paring pangandikan bilih zakat punika kalebet rukun islam ingkang wajib dipun tindakaken tumrap sedoyo kaum muslimin ingkang mampu. Ibnu Umar RA sampun ngendika bilih baginda Rasulullah paring pangandikan:

عَنِ ابْنِ عُمَرَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَ : قَالَ رَسُولُ الله ﷺ: بُنِيَ الإِسْلَامُ عَلَى خَمْسٍ : شَهَادَةِ أَنْ لا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَأَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُ اللهِ ، وَإِقَامِ الصَّلَاةِ ، وَإِيتَاءِ الزَّكَاةِ ، وَالْحَجِّ ، وَصَوْمِ رَمَضَانَ

“Saking Ibnu Umar RA sampun ngendika, Rasulullah Paring Pangandikan: Agama Islam dibangun saka limang perkara, yaiku nyekseni sejatine ora ana Pangeran kang haq kejaba Allah lan Muhammad iku kawula lan utusane Allah, ngadegna shalat, mbayar zakat, haji nang Baitullah lan pasa Ramadhan”. (HR. Bukhari Muslim)

Jamaah jumah rahimakumullah

Zakat fitrah mujudkaken ibadah agung ingkang katah hikmah lan tujuanipun. Dipun riwayataken Ibnu Abbas radhiyallahu piyambakipun ngendika:

زَكَاةَ الْفِطْرِ طُهْرَةً -صلى الله عليه وسلم- فَرَضَ رَسُولُ اللَّهِ لِلصَّائِمِ مِنَ اللَّغْوِ وَالرَّفَثِ وَطُعْمَةً لِلْمَسَاكِينِ

“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wassallam wus paring kewajiabn zakat fitrah pinangka reresik tumrap wong pasa saka perkara kang ora migunani lan tindhak ala, lan uga pinangka peparing tumrap wong- wong miskin”. (HR. Abu Daud dan Ibnu Majah)

Hadits punika suka keterangan bilih zakat fitrah kagungan 2 (kalih) tujuan:

Sepisan ; pinangka panyampurna shiyam saking perkawis ingkang ngregeti lan ngrisaki ganjaran shiyam kadosdene wicantenan saru lan kasar.

Kaping kalih; pinangka jurung pambiyantu tumrap sanak sederek ingkang kirang mampu. satemah benjang wonten ing dinten idul fitri sedaya saget nderek ngraosaken remen, bungah lan bahagia. Rasulullah ngendika wonten setunggal hadits ingkang maknanipun: "cukupana kebutuhane (fakir miskin), supaya wong- wong iku ora pada njejaluk ana ing dina riyaya (idul fitri)." (Sunan Daruqutni, No. 67)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah ingkang khatib aturaken, mugi Allah tansah pari kekiatan iman satemah kula lan panjenengan saget nindhakaken sedaya rerangken ibadah ing wulan Ramadhan punika. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 


 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

أحدث أقدم