Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Ayem Tentrem
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ
صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ
إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi
tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah
siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Gesang
ayem Tentrem punika idam- idamanipun sedaya tiyang. Mboten wonten manungsa
ingkang kagungan kepinginan gesang susah, sedih lan nelangsa. Mesthi sedaya
manungsa normal kagungan kepinginan ayem tentrem ing panggesanganipun. Ananging
mboten sekedik tiyang ingkang ngidam- idamaken ayem tentrem mboten saget kasembadan amargi
tata cara nggayuhipun dereng leres. Mila wigatos sanget tumrap kula lan
panjenengan sinau margi ingkang leres kagem nggayuh gesang ayem tentrem.
Jamaah jumah rahimakumullah
Miterat
al- quran nggayuh gesang ayem tentrem punika sejatosipun gampil lan saget dipun
lampahi sedaya umat manungsa. Mila kadospundi kiat- kiat nggayuh ayem tentrem
ingkang leres insyaallah badhe khatib aturaken kanthi cekak aos ing khutbah jumat
siang punika.
1.
Ridha dhateng
takdiripun Allah
Nampi
takdir kanthi ridha punika margi ingkang pokok kagem nggayuh ayem tentrem. Kula
lan panjenengan kedah yakin bilih punapa kemawon ingkang tinakdir wonten
panggesangan punika awit kuasanipun Allah. Allah SWT punika Maha Adil, Maha
Wicaksana, Maha Welas Asih mesthi maringi pepesthi ingkang paling sae lan
paling pas dhumateng sedaya makhlukipun. Mila punapa kemawon ingkang
kaparingaken Allah dhateng kula lan panjenengan mesthi sae lan cocok tumrap
kula lan panjenegan. Ngendika Allah:
وَعَسَىٰٓ أَن تَكْرَهُوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ خَيْرٌ
لَّكُمْ ۖ وَعَسَىٰٓ أَن تُحِبُّوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَٱللَّهُ
يَعْلَمُ وَأَنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ
“Mangertia,
terkadhang prakara kang sira gethingi iku becik tumrap sira lan prakara kang
sira demeni iku ala tumrap sira, Lan Allah iku ngawuningani dene sira ora pada
mangerti…” (Al- Baqarah:216)
2.
Sabar lan Syukur
Margi
saklajengipun kagem nggayuh panggesangan ingkang ayem tentrem inggih punika
kanthi sabar lan Syukur. Gesang menika kadhangkala pinaringan nikmat lan ugi
pinaringan pacoben. Mboten wonten tiyang ingkang kaparingan nikmat terus-
terusan, mekaten ugi mboten wonten tiyang ingkang kaparingan pacoben terus
terusan. Nikmat lan pacoben punika dipun gilir gumantekaken ing sedaya
manungsa. Mila kunci supados tansah ayem tentrem punika menawi nampi nikmat
kedah Syukur lan menawi nampi pacoben kedah sabar. Ngendika Allah:
وَتِلْكَ ٱلْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ ٱلنَّاسِ
“Lan
dina- dina iku (kang nyusahake utawa nyenengake) Ingsung gilir- gumantekake ana
ing antarane para manungsa… (Ali Imran:140)
Ayat punika cetha sanget bilih Allah panci
badhe nggilir- nggumantekaken kahanan ingkang ngremenaken lan nyusahaken
dhateng sedaya manungsa. Mila sabar lan Syukur punika ibarat rasukan ingkang
kedah dipun agem saben dintenipun. Ngendika Rasulullah:
عَجَبًا لأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ
كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لأَحَدٍ إِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ
سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ
خَيْرًا لَهُ
“Temen
nggumunake perkarane wong mukmin iku, sanyatane kabeh kahanane iku becik lan
ora ana kang bisa mengkono kejaba wong mukmin. Menawa pekoleh kesenengan deweke
syukur, mula syukur iku becik tumrap deweke. Lan menawa pekoleh kasusahan
deweke sabar, mula sabar iku becik tumrap deweke.”
(HR. Muslim:2.999)
Jamaah jumah rahimakumullah
Kanthi punika sumangga
kula lan panjenengan tansah yakin dhumateng Allah SWT, bilih sedaya lampah
panggesangan punika sampun ginaris kanthi pas lan cocok tumrap kula lan
panjenengan. Mboten wonten perkawis ingkang awrat, angel, sedaya gampil lan
entheng. Mugi Allah tansah paring kekiatan iman dhumateng kula lan panjenengan
satemah saget nggayuh panggesangan ingkang ayem tentrem.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ,
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
إِنَّ
اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ
وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ
اللَّهُمَّ
أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar