Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Ayem Tentrem

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Gesang ayem Tentrem punika idam- idamanipun sedaya tiyang. Mboten wonten manungsa ingkang kagungan kepinginan gesang susah, sedih lan nelangsa. Mesthi sedaya manungsa normal kagungan kepinginan ayem tentrem ing panggesanganipun. Ananging mboten sekedik tiyang ingkang ngidam- idamaken  ayem tentrem mboten saget kasembadan amargi tata cara nggayuhipun dereng leres. Mila wigatos sanget tumrap kula lan panjenengan sinau margi ingkang leres kagem nggayuh gesang ayem tentrem.

Jamaah jumah rahimakumullah

Miterat al- quran nggayuh gesang ayem tentrem punika sejatosipun gampil lan saget dipun lampahi sedaya umat manungsa. Mila kadospundi kiat- kiat nggayuh ayem tentrem ingkang leres insyaallah badhe khatib aturaken kanthi cekak aos ing khutbah jumat siang punika.

1.     Ridha dhateng takdiripun Allah

Nampi takdir kanthi ridha punika margi ingkang pokok kagem nggayuh ayem tentrem. Kula lan panjenengan kedah yakin bilih punapa kemawon ingkang tinakdir wonten panggesangan punika awit kuasanipun Allah. Allah SWT punika Maha Adil, Maha Wicaksana, Maha Welas Asih mesthi maringi pepesthi ingkang paling sae lan paling pas dhumateng sedaya makhlukipun. Mila punapa kemawon ingkang kaparingaken Allah dhateng kula lan panjenengan mesthi sae lan cocok tumrap kula lan panjenegan. Ngendika Allah:

وَعَسَىٰٓ أَن تَكْرَهُوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۖ وَعَسَىٰٓ أَن تُحِبُّوا۟ شَيْـًٔا وَهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ ۗ وَٱللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ

Mangertia, terkadhang prakara kang sira gethingi iku becik tumrap sira lan prakara kang sira demeni iku ala tumrap sira, Lan Allah iku ngawuningani dene sira ora pada mangerti…” (Al- Baqarah:216)

2.     Sabar lan Syukur

Margi saklajengipun kagem nggayuh panggesangan ingkang ayem tentrem inggih punika kanthi sabar lan Syukur. Gesang menika kadhangkala pinaringan nikmat lan ugi pinaringan pacoben. Mboten wonten tiyang ingkang kaparingan nikmat terus- terusan, mekaten ugi mboten wonten tiyang ingkang kaparingan pacoben terus terusan. Nikmat lan pacoben punika dipun gilir gumantekaken ing sedaya manungsa. Mila kunci supados tansah ayem tentrem punika menawi nampi nikmat kedah Syukur lan menawi nampi pacoben kedah sabar. Ngendika Allah:

وَتِلْكَ ٱلْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ ٱلنَّاسِ

“Lan dina- dina iku (kang nyusahake utawa nyenengake) Ingsung gilir- gumantekake ana ing antarane para manungsa… (Ali Imran:140)

 Ayat punika cetha sanget bilih Allah panci badhe nggilir- nggumantekaken kahanan ingkang ngremenaken lan nyusahaken dhateng sedaya manungsa. Mila sabar lan Syukur punika ibarat rasukan ingkang kedah dipun agem saben dintenipun. Ngendika Rasulullah:

عَجَبًا لأَمْرِ الْمُؤْمِنِ إِنَّ أَمْرَهُ كُلَّهُ خَيْرٌ وَلَيْسَ ذَاكَ لأَحَدٍ إِلاَّ لِلْمُؤْمِنِ إِنْ أَصَابَتْهُ سَرَّاءُ شَكَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ وَإِنْ أَصَابَتْهُ ضَرَّاءُ صَبَرَ فَكَانَ خَيْرًا لَهُ

“Temen nggumunake perkarane wong mukmin iku, sanyatane kabeh kahanane iku becik lan ora ana kang bisa mengkono kejaba wong mukmin. Menawa pekoleh kesenengan deweke syukur, mula syukur iku becik tumrap deweke. Lan menawa pekoleh kasusahan deweke sabar, mula sabar iku becik tumrap deweke.” (HR. Muslim:2.999)

Jamaah jumah rahimakumullah

Kanthi punika sumangga kula lan panjenengan tansah yakin dhumateng Allah SWT, bilih sedaya lampah panggesangan punika sampun ginaris kanthi pas lan cocok tumrap kula lan panjenengan. Mboten wonten perkawis ingkang awrat, angel, sedaya gampil lan entheng. Mugi Allah tansah paring kekiatan iman dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nggayuh panggesangan ingkang ayem tentrem.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ,

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

 

 


Post a Comment

أحدث أقدم