Teks Khutbah Jumat Singkat

Cilaka Amarga Lisan

Ustadz  Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga tansah munjuk syukur dhumateng Allah Ta’ala ingkang tansah paring rahmat taufik sarta hidayah dhumateng kula lan panjenengan. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kalebet salah setunggal watak manungsa inggih punika langkung remen dipun mirengaken tinimbang mirengaken, langkung remen ngendika tinimbang mirengaken pangandikanipun tiyang sanes. Kepara wonten ing forum- forum rapat menangan piyambak anggenipun ngendika ngantos tiyang sanes mboten kebagian wekdal kagem usul pangandikan. Watak punika sejatosipun kalebet adab ingkang awon. Ngendika Imam al-Lu’lui:

وَفِي كَثِيْرِ الْقَوْلِ بَعْضُ الْمَقْتِ

“Lan perkara kang bisa nuwuhake sesengitan ing antarane manungsa yaiku kakehan ngomong”. (Adabut At-thalab).

Mila kanthi punika wigatos sanget tumrap kula lan panjenengan nggatosaken adab lan akhlaq wawan pangandikan. Kedhahipun kula lan panjenengan seimbang ngginaaken lisan lan talinga. Allah punika maringi talinga cacahipun kalih lan maringi lisan cacahipun namung setunggal, menawi dipun gatosaken pinangka piwucal supados kula lan panjenengan langkung katah mirengaken tinimbang ngendikan. Ngendika Allah SWT:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا )70( يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا 

He para wong mukmin, sira pada taqwaa marang Allah lan pada ngucapa kalawan ucapan kang bener. Temen Allah bakal ambecikake tindak-ira lan ngapura dosa- dosa ira, lan sing sapa wonge nderek marang Allah lan utusane, temen deweke oleh kabegjan kang gung”. (QS. Al-Ahzab;70-71)

Jamaah jumah rahimakumullah

Rasulullah SAW sampun wongsal- wangsul paring pepemut dhumateng sedaya umatipun supados ngatos-atos ngginaaken lisan. Kula lan panjenengan wajib menggalih sakderengipun ngendikan. Pangandikan ingkang badhe medal saking lisan punika kadospudi dampakipun ing sakmangkih kedah dipun penggalih estu. Punapa pangandikan ingkang kula lan panjenengan lampahi mbekta kesaenan napa malah mbekta kacilakan punika kedhah dipun penggalih. Ampun ngantos kula lan panjenengan cilaka amargi mboten saget ngginaaken lisan kanthi sae. Ngendika Rasulullah:

أَكْثَرُ خَطَايَا إِبْنِ آدَمَ فِي لِسَانِهِ

“Perkara kang paling akeh nyebabake anak Adam cilaka yaiku Amarga lisane” (HR. Tabrani).

Wonten hadits sanes Rasulullah ugi ngendika:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللّٰهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُتْ

“Sing sapa iman marang Allah lan dina akhir mula kudune ngomong kang becik utawa meneng” (HR. Al- Bukhari)

Jamaah jumah rahimakumullah

Kanthi erah- erahan punika mugi saget dados pepemut tumrap kula lan panjenengan khususipun wonten perkawis njagi lisan. Mugi kula lan panjenengan tansah pinaringan manah engkang wening satemah saget menggalih kanthi lebet sakderengipun ngendikan utawi tumindhak. Ing akhiripun mugi Allah tansah andadosaken kula lan panjenegan tiyang- tiyang ingkang pinaringan kawilujengan panggesangan ing dunya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ,

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ أَنْتَ اللَّهُ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ. أَنْتَ الْغَنِيُّ وَنَحْنُ الْفُقَرَاءُ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat   singkat berbahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

أحدث أقدم